-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

RAWA PENING




Ngasem yaiku salah siwijining desa ing wilayah Kecamatan Ambarawa. Ing desa Ngasem biyen ana pasraman utawa pandhepokan kang ngajarake olah batin utawa nyedakake awak marang Gusti Kang Maha Agung lan olah kanuragan gawe jaga awak supaya tetep sehat. uga bisa digunakake gawe sarana bela diri.
Padhepokan ing Ngasem nduweni daya tarik dening masyarakat sekitare. Gawe sarana nuntut ilmu kanggo bekal urip ing donya lan akhirat. Kahanan ing padhepokan Ngasem ayem tentrem gawe wong-wong kang padha manggon ing kono padha krasan.
Kabeh “Puthut” (murid lanang) utawa “Endang” (murid wedok) krasa bungah entuk bimbingan saka guru kang jenengane Salokantara. Dheweke salah siwijine guru kang bijak lan nguwasai kabeh ilmu kang dibutukake ing donya lan akhirat.
Sawijining dina Ni Endang Ariwulan kang nduweni rupa ayu bingung nggoleki peso kanggo nyigar pinang. Wis digoleki mrana-mrene nanging tetep ora ketemu, kamangka isih akeh gawean kang kudu dirampungake. Kepeksane ora ketemu, Ariwulan diwani-wanikake nyileh peso simpenane Ki Hajar Salokantara kanggo nyigar pinang, gawe ramuan sesajen kang arep disiapake kanggo mengko bengi.
Ki Hajar kaget krungu panyuwunne Ariwulan. Nanging Ki Hajar tetep  nyilehake peso simpenane kanthi weling,
“peso iki peso simpenanku kang arang banget tak gunakake, kowe kudu ati-ati aja nganti keliru olehmu gunakake. Peso iki aja nganti kok selehake ana pankonmu.”
Sawise ngiyani pesene Ki Hajar, Ariwulan nampani pesone lan digunakake kanggo nyigar pinang. Saking akehe gawean Ariwulan lali nyelehake peso ana ing pangkone. Peso mau ujug-ujug ilang.
Ni Endang Ariwulan wedi lan ndhredheg. Dheweke banjur ngadhep lan matur marang Ki Hajar Salokantara,
 “kula nyuwun pangapunten Ki Hajar, kula kesupen marang welingipun Ki Hajar. Kula ndekekaken peso wau wonten pangkon kula.”
Ki Hajar Salokantara meneng sauntara, nanging atine kepengin nesu lan pengen ngamuk. Sawise ambegan dawa, rasa pengin nesu lan pengin ngamuk mau rada ilang.
“Ariwulan….saiki terusana wae gaweanmu supaya cepet rampung” kandane Ki Hajar kanthi sareh.
“Boten Ki….kula sampun nglalikaken welingipun Ki Hajar. Mangga panjenengan ngukum kula Ki…”
Nanging ndelokake kejujuran Ni Endang Ariwulan, Ki Hajar ora tegel ngukum. Acara ritual kang biasa dilakoni ing Desa Ngasem kanthi ngundang para warga klakon kanthi lancar lan hikmad ora ana alangan apa-apa.
Let pirang dina Desa Ngasem gempar amarga ana kabar yen Ariwulan meteng. Saya suwe wetenge Ariwulan saya gedhe. Ki Hajar Salokantara banjur  ngundang Endang Ariwulan.       
     “Ariwulan reneya”
    “Inggih Ki…..”
    “Wulan….aku ora arep nyeneni kowe, nanging ana sing arep tak     omongke karo kowe. Kaping pisan, aku duwe niat arep tapa brata ing gunung Telamaya. Kaping pindho, iki gentha utawa klinthingan gawanen, moga-moga besuk bisa kanggo gawe anak sing lagi ana ing wetengmu saiki.”
    “Ki Hajar, menapa kula angsal dherek?”
    “Ora usah….kowe tetep ana kene wae ing Desa Ngasem kene. Sabar lan tetep donga marang Gusti supaya tetep tabah lan kuat ngadhepi cobaan ing donya iki.”
    Ki Hajar Salokantara banjur mangkat ing gunung Telamaya. Ariwulan sedih banget amarga ditinggal Ki Hajar.
    Sawijining dina Ariwulan nglairake anak. Warga Ngasem padha geger amarga ngerti yen Endang Ariwulan ora nglairake jabang bocah nanging jabang naga. Kahanan sansaya gempar amarga jabang naga mau bisa nangis lan ngomong kaya manungsa. Warga padha ngece marang Ariwulan. Nanging Ariwulan tetep sabar lan tabah ngadhepi kabeh mau.
    Senadyan wujud lan kahanane anake beda karo liya-liyane, “wingka katon kencana.” Anak kang awujud naga mau tetep dirumati lan digemateni. Nalika gedhe, warga desa Ngasem padha ngece anake Ariwulan. Omongane warga marakake panase kuping. Anake diunekake anak haram, anak jadah sing bapake ora jelas lan sapanunggalane.
    Sang Naga banjur takon marang ibune, “Bu,sabenere sinten asmanipun bapak kula lan sakmenika wonten pundi?”
    Ariwulan banjur cerita, “Bapakmu dudu wong sembarangan, bapakmu yaiku Ki Hajar Salokantara. Bapakmu saiki lagi tapa brata ana gunung Telamaya”
    “Menawi mekaten punapa kula angsal mrika, Bu.”
    “Mengko disek ngger, yen pancen kowe kepengin ketemu tenan karo bapakmu, gentha utawa klinthingan iki gawanen ngger….weruhna bapakmu.”
    “Lha wonten punapa Bu, kok kula kedah beta gentha utawa klinthingan niki?”
    “Kuwi biyen sing menehi bapakmu, gawana lan weruhake. Wektu ing dalan mengko gentha utawa klinthingan iki kerep-kerep unekake.”
    Sang Naga banjur pamit lan njaluk restune ibune arep goleki bapake.     Ibune pesen marang sang naga, “ngger, kowe lewat dalan banyu wae supaya lakumu cepet tekan.”
    “Inggih, Bu”
Ariwulan ngetutake anake saka kadohan. Supaya anake ora ngerti yen ditutake.
    Lakune Sang Naga ing Desa Ngasem nglewati kali yaiku Kali Panjang. Sawise mlaku adoh banget, Sang Naga leren ing ngisor watu jenenge Watu Sisik. Nyambi leren Sang Naga tapa supaya cepet klakon apa kang dituju. Lelakune diterusake maneh nganti tekan “Ngambah Rawa” utawa nglewati rawa-rawa. Sawise kuwi Sang Naga nglewati Kaligung. Sang naga kesel lan leren maneh ing watu jenenge Selo Gombak (sebelah wetane Desa Dengkel).
    Ing lelakune lan pangembarane, gentha utawa klinthingane diunekake terus kanggo nambani rasa kangene marang ibune lan supaya bapake krungu menawa bapake ana ing sekitare dheweke. Warga desa kang dilewati Sang Naga dadi geger krungu swara klinthingan. Sawise padha digoleki jebule suara kuwi asale saka kali lan saka ula gedhe utawa naga kang nggunakake klinthingan ing kuping (sumping). Amarga kuwi Sang Naga dikenal dadi Bra Klinthing. Sing akhire dikenal dadi Baru Klinthing.
    Pirang-pirang taun suwene Sang Naga nggoleki bapake nanging tetep ora ketemu. Baru Klinthing nesu lan wis wegah nggoleki bapake maneh. Nanging wektu kahanan kaya ngana  kuwi Baru Klinthing rada-rada krungu swara “kidung”. Suara kuwi jebule swarane Ariwulan, ibune Baru Klinthing.
    Baru Klinthing semangat maneh nggoleki bapakke. Saka Selo Gombak Baru Klinthing nglewati dalan darat utawa lemah munggah gunung Telamaya goleki pertapane Ki Hajar Salokantara.
    Saka kadohan Ariwulan ngerti yen anake wis nemukake pertapane bapake. Ariwulan banjur medhun lan manggon ing salah siwijining desa yaiku Desa Sepakung. Amarga rupane Ariwulan kang ayu banget, ing Desa Sepakung dadi omongan warga. Ariwulan milih manggon ing cedhak sendhang. Saya suwe rupane Ariwulan saya ayu. Para warga khususe sing wadon-wadon padha kepengin kenal akrab marang Ariwulan lan padha kepengin melu adus lan semedi ing pinggir sendhang. Kaya sing dilakoni Ariwulan. Sendhang kuwi banjur dijenengi sendhang Ariwulan.
    Ing pertapan Telamaya, Ki Hajar Salokantara kaget amarga weruh naga ana ngarepane. Naga mau nundhuk-nundhuk kaya-kaya ngormati Ki Hajar.     Naga mau ngomong marang Ki Hajar Salokantara, “Ki….napa kula angsal tangklet?”
    Ki Hajar Salokantara sawise krungu suara mau kaget banjur ngadeg, “apa bener kowe sing ngomong?”
    “Inggih Ki, kula badhe tangklet kaliyan panjenengan?”
    “O…”
    Ki Hajar Salokantara banjur nangis lan sawise tenang banjur nakoni maneh naga mau, “hai taksaka Gung, arep takon apa?”
    “Saderengipun nyuwun pangapunten nggih, sampun ngageti panjenengan.”
    “Ora, ora…. Kowe ora salah kok. Apa sing arep kok takokake marang aku?”
    “Napa leres mriki dhaerah gunung Telamaya?”
    “Iya bener ngger, kene Gunung Telamaya”
    “Ingkang dipun sebat pertapan gunung Telamaya punika pundi, Ki?”
    “Pertapan Telamaya kuwi ya kene iki, ana perlu apa ngger goleki pertapan Telamaya?”
    “Napa leres panjenengan ingkang asamipun Ki Hajar Salokantara?”
    “Iya ngger …lha kowe kok bisa ngerti jenengku dikandani sapa?”
    “Dados panjenengan leres Ki Hajar Salokantara?”
    “Iya ngger kowe ora keliru.”
    “Menawi ngoten panjenengan tiyang sepuh kula…panjenengan bapak kula, Ki.”
    Baru Klinthing bungah banget bisa nemukake bapake. Banjur Baru Klinthing nundhuk-nundhukake sirahe.
    “Sek ngger, kowe kok bisa ngaku-ngaku dadi anakku ki kepriye ceritane?”
    “Nggih pak, kula pancen putranipun panjenengan.”
    “Yen pancen bener kowe ki anakku, sapa jenenge ibumu lan manggone ana ngendi?”
    “Ibu asmanipun Ariwulan, lan manggen wonten Desa Ngasem.”
    “Kowe aja tambah ngapusi aku, ngaku-ngaku anake Ariwulan, kowe ngerti Ariwulan ki sapa?”
    “Ariwulan menika murid padhepokan Ngasem.”
    “Bener ngger, kowe mrene iki apa sing menehi ngerti ibumu ngger ?”
    “Inggih pak, kula diparingi gentha utawa klinthingan niki supados ditinggalaken dhateng bapak kagem prathanda menawi kula menika leres putranipun panjenengan.”
    Ndelokake gentha utawa klinthingan mau, Ki Hajar kelingan rikala jaman biyen. Ki Hajar sedhih banget, apa maneh anakke Ariwulan awujud naga. Ki Hajar ora bisa mbayangake kaya ngapa nelangsane lan susahe Ariwulan sawise ditinggal dheweke. Atine nggregel lan nangis mbayangake pangorbanan kang gedhe lan tulus saka ibu marang anakke, sanajan anakke awujud naga.
    “Ngger…senadyan kowe bisa nggawa klinthingan iki, kang biyen tak wenehake ibumu Ariwulan, kuwi durung cukup ngger….ing donya iki ora ana kang kaleksanan kekarepane tanpa pangorbanan. Kabeh kuwi kudu ana tebusane. Tebusan sing tak jaluk yaiku “laku”. Yen pancen kowe bener-bener anakku lan ibumu jenenge Ariwulan murid padhepokan Ngasem, mestine kowe ngerti kang diarani “laku larak brata”. Kowe tapanen ngger…!!!”
    “Laku napa ingkang kedah kula laksanakaken?”
    “Sisih lor kana kae ana Gunung Kendhil. Tapa bratana ana kana. Ubengana utawa nglekerana gunung kae nganti tepung gelang.”
    Baru Klinthing banjur nglaksanakake prentahe Ki Hajar Salokantara supaya dheweke bisa diakoni anak. Ki Hajar Salokantara ngetutake saka mburi. Baru Klinthing ngubengi Gunung kendhil mau. Jebule antarane sirah lan buntut ora bisa gathuk utawa durung tepung gelang, isih kurang sakilan. Baru Klinthing nyiasati meletake ilate supaya gathuk karo buntute. Ki Hajar Salokantara weruh banjur ilate Baru Klinthing dikethok.
“Ngger, kowe ora entuk nutupi kekuranganmu nganggo ilatmu kuwi. Ngertiya ngger…ilatmu kuwi pusaka sing paling hebat ora ana tandingane. Wong Jawa ngomong
ilat jembare mung sawelat
nanging darbe khasiyat
yen pinuju nuju prana
bisa hamemikat
yen tan pener
bisa gawe getering jagad
saiki terusake maneh anggonmu tapa nganti apa kang dadi panyuwunku keturutan.”
Tugelan ilate Baru Klinthing digawa Ki Hajar lan didadekake tombak jenengane “Kyai Baru Kuping”.
    Wis pirang-pirang taun olehe Baru Klinthing tapa. Nganti awake Baru Klinthing ora ketok maneh. Awake nganti lumuten lan wes akeh wit-witan kang thukul lan wis gedhe-gedhe.
    Ni Endang Ariwulan kanthi sabar nunggoni Baru Klinthing tapa. Ibune mung bisa ndonga marang Gusti supaya apa sing dadi panyuwune Baru Klinthing cepet kaleksanan.
    Sawijing dina Ariwulan weruh Ki Hajar Salokantara nemoni dheweke.     Ariwulan banjur ngaturake sembah marang ki Hajar, “wonten napa Ki Hajar rawuh mriki?”
    “Wulan…aku kepengin ngerti kahananmu saiki.”
    “Matur Sembah nuwun Ki, kula sehat-sehat mawon. Wonten mriki tangga tepalihipun sampun kados keluarga piyambak. Sami sae sedaya kok, Ki. Kathah ibu-ibu lan lare-lare wadon ingkang asring mriki badhe ndherek siram wonten sendhang niki.”
    “Yo syukur yen ngana, kowe ora usah sewu-suwe manggon ana kene amarga anakmu Baru Klinthing wis arep bebas. Kowe mudhuna dhisik meyang Desa Pathok. Kanthi laku “tapa ngrame” kanggo sarana methuk anakmu kang wus dadi manungsa sempurna.”
    Ariwulan bungah banget krungu kabar saka Ki Hajar Salokantara. Ariwulan banjur cepet-cepet mudhun ninggalake Desa Sepakung tumuju Desa Pathok.
    Desa Pathok kalebu wilayah perdhikan kabuyutan Banyubiru. Ing Desa kang loh jinawi iki wargane padha makmur, kabeh kebutuhan kecukupan. Nanging ing kono wargane ora padha duwe rasa syukur marang Gusti malah isih padha takabur. Pakulinan kang ora apik miturut agama isih wae dilakoni. Contone ngombe arak, maen kertu, ledhekan lan sakpanunggalane.
    Desa Pathok arep ngadhakake pesta sawise panen. Warga padha repot dhewe-dhewe kanggo nyiapake pesta. Ana kang ngresiki lan nata banjar desa. Nonomane padga nggolek kewan ana alas. Wis sedina nonoman ana alas nanging ora entuk apa-apa. Nonoman banjur padha leren amarga padha ngeleh lan ngelak. Nyambi padha lungguhan lan guneman pakulinan mamah suruh ora dilalekake. Nanging wektu arep nyigar pinang kanggo ramuan mamah suruh, nanging ora ana panggonan kanggo landhesan. Banjur salah siwijine nonoman mau nggolek landhesan. Dheweke nemokake kayu kang warnane ireng banget lan katon tuwa banget. Pinang mau disigar ana dhuwur kayu. Ora nyana kayu kang gawe nyigar pinang mau ngetokake getih. Dheweke banjur mbacok-mbacok kayu mau. Kancane kabeh padha diundang amarga dheweke percaya getih mau metu saka awake kewan. Kewan kuwi jebule ula gedhe kang ngubengi gunung ora liya yaiku Baru Klinthing.
    Nonoman mau padha bungah lan cepet-cepet nggawa dhaging kewan mau meyang banjar. Wektu wong-wong padha repot ngurusi dhaging mau, ana salah siwijine nonoman kang ngetutake tekan banjar. Rupane bagus lan gagah nanging awake katon reget banget. Nom-noman mau jelmaane Baru Klinthing.
    Ing banjar, desa warga padha ngaso lan padha mangan. Nonoman mau nyedhak lan arep njaluk mangan, nanging ora ana sing gelem menehi.
    “Nuwun sewu, punapa kula angsal nyuwun maeme?”
    “Ora entuk, kana lunga !!!”
    “Kula ngelih pak, nyuwun  sekedhik mawon…”
    “Kowe krungu apa ora !!! Neng kene ora nggone wong gembel lan wong ngemis kaya kowe. Kana lunga ! marake ora napsu mangan. Yen ora lunga-lunga tak gebugi.”
    Nonoman mau mung meneng lan isih tetep ana kana.
    “Kanca-kanca ayo usir wong kuwi lan gebugi bareng-bareng wae!”
    Nnoman mau akhire lunga ninggalake banjar.
    Kendurenan lan pesta wis mulai ing plataran banjar. Lanang, wadon, nom, tuwa, gedhe lan cilik padha kumpul kabeh. Padha mangan bareng-bareng. Kahanane rame banget. Kahanan sansaya rame sawise gamelan mulai dithuthuk.
    Beda ceritane karo wong tuwa kang lagi ngadhuk sega ana ing salah siwijining gubug ing pojokan desa. Dheweke krasa mesakake sawise weruh ana nonoman bagus lan gagah nanging katon reget lan lemes njaluk pangan.
    “Mbok, punapa kula angsal nyuwun maeme, kula sampun ngelih sanget?”
    “ O….mrene-mrene mlebu dhisik ngger lan lungguha neng klasa kana!”
    “Inggih, mbok matur suwun.”
    Nonoman mau banjur diwenehi mangan karo mbok tuwa mau. Mbok tuwa iku jebule Ni Endang Ariwulan.
    “Ngger, jenengmu sapa lan omahmu ngendi?”
    “Tiyang-tiyang sami ngundang kula Jaka Badung mbok, kula saking gunung Telamaya”
    “Apa….!!! Jaka Badung saka Telamaya?”
    “Inggih mbok, wonten punapa mbok kok sajakke kaget ?”
    “Ora…. ora kok, ngger”
    Ariwulan kelingan omongane Ki Hajar Salokantara, dheweke mbatin, “ apa iki anakku”
    Mbok tuwa mau nangis.
    “Wonten napa mbok kok panjenengan nangis?”
    “Ora ana apa-apa, ngger…”
    “Mbok desa mriki niki naminipun desa napa lan kok wonten rame-rame wonten mrika niku napa ta mbok?”
    “Desa iki jenenge Desa pathok, rame-rame ana kana kae yaiku para warga desa padha pesta ngrayakake bubar panen gedhe lan tiap taune ana kaya ngono kae.”
    “Lemah wonten mriki subur sanget nggih mbok, tiyang-tiyang sami panen kathah nggih mbok?”
    “Iya ngger, wong-wong kene ki padha sugih-sugih kejaba simbok iki.     Saben dina mung mangan sega sithik, yen wis kenteken sega yo mangan tela. Kadhang simbok malah ora mangan, ngger…”
    “Simbok piyambakan wonten mriki ?”
    “Iya, ngger…”
Sakbubare mangan lan guneman karo simbok, Jaka Badung pamitan lan pesen marang simbok, “mbok, kula badhe ningali rame-rame ing banjar desa, menawi mangke mireng swara gemrudug saking arah banjar, simbok mang numpak lesung lan mbeta enthong niki. Sampun nggih mbok kula pamit rumiyin.”
    Jaka Badung tumuju ing banjar desa. Dheweke arep njaluk panganan nanging ora diwenehi malah diece lan diusir.
    Jaka Badung nesu lan ndudut sada saka pinggange banjur ditancepake sada mau ing plataran banjar.
    “Sapa sing bisa njabut sada iki berarti pancen kuat tenan, prakosa lan sekti mandraguna. Bakal tak sembah ping pitu lan aku uga bakal lunga saka kene.”
    Kabeh wong sing ana kana wis njajal njabut sada mau, nanging siji-sijia ora ana sing bisa njabut. Akhire Jaka Badung dhewe sing njabut. Sabubare sada mau dijabut suara gluduk nyamber-nyamber, bumi gonjang-ganjing, bendhungane padha jebol lan banjir bandang. Kabeh bangunan sak isine padha keli.
    Lemah kang nemplek ing sapucuking sada sing dikipatke marang Jaka Badung mencelat ngalor lan dadi bukit jenenge Kendhaling Sada utawa Kendhalisada.
    Krungu suara gemrudug saka arah banjar, simbok langsung numpaki lesung lan nggawa enthong kanggo dhayung. Saya suwe banyu saya dhuwur lan saya deres. Simbok mau nangis kelingan omongane anake, “Ibu, geni salumahing bumi, bisa weh pepadhang lan pepati.”
    Saiki ana sawijining tlaga bening kang bisa gawe ngaca lan bisa menehi kauripan anyar. Tlaga iku yaiku RAWA BENING utawa RAWA PENING.


Semoga artikel RAWA PENING bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter