-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

NYI PANDANSARI

Ing jaman biyen ana sakpasang pangumbara saka Dieng. Wong loro mau tembe wae tapa ing Gua Sri Rahayu sing angker banget. Ora sembarang wong mlebu Gua metune esih urip. Nanging wong loro iki beda, malah metune nggawa jimat-jimat sing ampuh banget. Sing lanang entuk jimat teken, klambi antakusuma, lan tombak. Sing wedok entuk jimat lampu.
Pangembara mau lunga ngetutke miline banyu. Ing ndalan wong loro mau kerep ngaso sinambi mulangake ilmu-ilmu kang migunani, tuladhane cara mertani lan liya-liyane. Uga ora lali mulang ilmu silat. Pangumbara lanang ora tau gelem nudhuhake jenenge. Mula wong-wong sing kenal dadi krasa bingung. Amarga kerep nggawani jimat, mula wong lanang mau dijenengi Ki Kramat dening para padunung.
Saben mandheg, wong loro mau njenengi panggonan sing durung nduweni jeneng. Pas mandeg ing panggonan sing akeh alase, mula panggonan kuwi dijenengi Wanadadi (Wana tegese alas, dadi tegese dadi desa).
Sakwise njenengi, wong loro mau lunga maneh nganti tekan panggonan kanggo ngaso. Nalika ngliwati dalan sing akeh lemah lempunge sikile Nyi Pandansari kecepit lemah lempung kuwi. Mula desa kuwi dijenengi desa Kecepit.
Wong loro mau mlaku ngidul terus ngliwati desa Timbang lan desa Langgar. Sakwise manjat gunung mudhun jurang wong loro mau tekan gunung sing akeh wit-witane. Udakara gari sepuluh langkah maneh, ujug-ujug kaget amarga tekane ayam jago sing ngejak tarung. Ki Kramat lan ayam jago nduweni pusaka dhewe-dhewe. Pas Ki Kramat luput, ayam jago kuwi nyucuk gegere Ki Kramat nganti dheweke tiba nglekar. Banjur Ki Kramat menyat lan nganggo klambi antakusuma sing bisa nggawe dheweke mabur tanpa suwiwi. Pas Liring Galih luput, Ki Kramat nugel suwiwine Liring Galih nganggo teken. Mesakake Liring Galih, suwiwine tugel lan dheweke langsung tiba ing lemah. Liring Galih kelaran nganti njaluk ngapura.
Ing wektu lan panggonan sing padha, Nyi Pandansari uga tarung nglawan Nagaraja. Ing wiwitane dheweke kalah. Nanging sakwise dikei cara ngalahake Nagaraja dening Liring Galih, Nyi Pandansari kepengin males kalahe mau. Tarung sing kapindho iki luwih rame. Ngelingi durung ana sing luput, mula wong loro mau tarunge ati-ati. Pas Nagaraja luput, Nyi Pandansari nunclepke tombake ing buntute Nagaraja nganti tugel. Amarga kuwi Nagaraja diarani Naga Buntung. Sakwise Liring Galih lan Naga Buntung kalah, panggonan kuwi banjur dipasrahake marang Ki Kramat lan Nyi Pandansari. Kanggo sakwetara, Ki Kramat lan Nyi Pandansari manggon ing kono.
Ing sawijining dina wong loro kuwi pamitan marang Liring Galih lan Nagaraja amarga arep lunga mertapa. Wong loro kuwi weling supaya santri-santrine sing wis diwulang dijaga kanthi apik. Santrine Ki Kramat sing melu yaiku Ki Diposentono lan Ki Kramadiwirya. Santrine Nyi Pandansari sing melu yaiku Genduk Napsiyah dan Rara Juminten. Sakdurunge mangkat mertapa, wong loro kuwi adus dhisik ing sumur Sirah Benda.
Sakwise adus, wong loro kuwi mertapa. Ki Kramat tapa madhep kulon sakngisore wit benda. Lan Nyi Pandansari tapa madhep kidul sakngisore wit jati. Sakwise tapa patang taun, Ki Kramat entuk pusaka pedhang Kamkam. Lan Nyi Pandansari entuk pusaka pecut Wijayakunang. Banjur Ki Kramat mulih kampung lan Nyi Pandansari nerusake tapa sing jenenge tapa ngrame suwene sak taun. Tapa ngrame yaiku tapa sinambi mlaku-mlaku, ora mangan lan nginum, lan ing saben panggonan sing diampiri mulangake ilmu-ilmu sing migunani.
Nyi Pandansari mlaku ngulon ngetutke miline banyu kali anggone tapa ngrame. Santrine loro wedok mau uga melu ngetutke. Sakwise ngliwati gunung cilik ana swara kumrincing. Jebule ing gunung ana wong wedok tuwa sing nganggo klambi apik lan ing lengen lan sikile kebak gelang lan ali-ali saka emas. Mula yen mlaku gelang-gelang kuwi unine kumrincing. Amarga ana swara kaya ngana desa kuwi dijenengi desa Krenceng. Wong wedok tuwa kuwi nganti seda ora nduwe bojo, mula dijenengi prawan sunti.
Nyi Pandansari karo santri-santrine neruske olehe tapa ngrame, ing dalan sinambi mulangake ilmu-ilmu kang migunani. Sing luwih akeh diwulangake yaiku ilmu mertani. Padunung saben desa sing diampiri wong telu kuwi ngrasa seneng lan gumun amarga wong telu kuwi sopan, sabar, lan wibawa. Sakwise padunung wis pinter lan nyambut gawe kanthi apik, mula Nyi Pandansari lunga ing panggonan liya sing anyar. Nyi Pandansari tekan desa Lamuk lan tulung-tinulung karo Ki Didakewasa. Ing kana Nyi Pandansari mulang ilmu bab nandur kapuk lan cara mbuwang wiji kapuk, ngikal benang, lan nggawe bujur.
Sakwise tapa ing gunung Indrakila Nyi Pandansari nerusake mlaku nganti desa Bukateja. Dheweke dadi tukang masak ing warunge Nyi Serut. Masakane pancen enak mula ing saben dinane akeh wong mangan ing warung kuwi. Amarga sopan anggone ngladeni ndadekake dayoh sing teka pada seneng mangan ing kana. Rada suwe Nyi Pandansari nyambut gawe ing kana. Nyi Pandansari arang ngaso, pagaweyane saya akeh lan ditambahi maneh golek suluh. Amarga keselen, Nyi Pandansari mriyang. Sanadyan mriyang, Nyi Pandansari tetep nyambut gawe tanpa ngaso.
Nyi Serut nesu-nesu nalika weruh Nyi Pandansari turu ing ngarep pawon. Dheweke mung nglebokake sikile ing njero pawon. Nyi Pandansari pancen nduwe kasekten yaiuku sikile bisa kanggo suluh. Sakwise ngerti Nyi Pandansari lagi mriyang lan ngerti crita pangumbarane, Nyi Serut njaluk ngapura karo nangis. Nyi Serut gumun lan pengen mbales pitulungane Nyi Pandansari. Tapi Nyi Pandansari ora gelem yen dheweke diladeni kaya Ratu. Nyi Pandansari lila legawa lan nganggep sakkabehane iku ujian kanggo dheweke. Sakwise ngrasa cukup anggone tapa ngrame, Nyi Pandansari banjur pamitan karo Nyi Serut amarga arep mulih ing desa Pandansari. Pisahe wong loro iki nelangsani amarga wong loro kuwi tangisan minangka rasa paseduluran.
Ing dalan, Nyi Pandansari mampir ing omahe Ki Dudakewasa kanggo methuk santri-santrine. Nalika tekan omahe Ki Dudakewasa, Nyi Pandansari ngguyu amarga seneng pangumbarane lancar. Sakdurunge mulih, Nyi Pandansari lan santrine dikon adus ing sumur kembang.
Saben malem Jum’at Kliwon Ki Kramat nganakake silaturahmi sinambi musyawarah ngrembug perkara desa. Ing wengi kuwi, Ki Kramat nyritakake yen tapa ngrame sing dilakokake bojone wis rampung wektune. Ora suwe ujug-ujug ana wong teka banjur ngomong Nyi Pandansari lan santrine wis tekan wates desa Pandansari. Nyi Pandansari lan santrine dipethuk dening Ki Kramat lan warga ing Gapura desa Pandansari. Warga padha seneng amarga Nyi Pandansari wis mulih saka ngumbara. Sakwise ngaso Nyi Pandansari banjur adus jamas ing sumur sirah benda. Sakwise adus Nyi Pandansari ngucap syukur pangumbarane wis rampung lan mulih kanthi slamet. Nyi Pandansari lan Ki Kramat nemoni warga sing teka ing omahe. Kabeh warga seneng weruh Nyi Pandansari mulih kanthi slamet.
Kanggo ngeling Nyi Pandansari sing wis mulangake ilmu-ilmu kang migunani kanggo uripe warga, mula desa kuwi dijenengi desa Pandansari.



Semoga artikel NYI PANDANSARI bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter