-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

MRENGANGAH GENI KRAMAN

“Surantani..! Mandheeg!” bengoke Panji Pulang Jiwa bareng Jarane wis meh nutut jarane Surantani. Bledug sing mabul-mabul terus mbuleng mblerengi mripate Panji Pulang Jiwa. Ewasemono Panji Pulang Jiwa wis pantang pasrah. Jaran terus diplayokne Surantani. Wekasan dalam ing ngarep liat pereng ndeder. Jarane Surantani ora bisa mlayu rikat. Awit gegrumbulan dalan  ngdhang lakune jaran. Panji Pulang Jiwa sing kari nilas dalan lakune luwih rikat. Surantani sing nolah-noleh pendirangan, wit pucet, awit jarane Panji Pulang Jiwa wis cedhak banget. Panji Pulang Jiwa sing wedi Surantani mlumpat saka gigir jaran lan mlayu enggal tumandang. Pedhang diuncalake, whut! Pedhang sing mambu gethih garih mlesat,jrebh! Pedhang ngenani topenge jaran.jaran ningkat, mlumpat. Surantani kepental, ucul saka geger jaran. Dheweke tiba ing tengah gegrumbulan kebak eri bebondhotan. Awake sing kebak eri ora dirasakake. Dheweke enggal njenggirat arep mlayu, nanging Panji Pulang Jiwa wis ngadeg ing sacedhake.

Surantani wis sirih, ora wani ngadhepi Panji Pulang Jiwa. Dheweke nyoba mlayu ngendhani pangamuke Panji Pulang Jiwa sabisane. Nanging lagi wae dheweke uwal saka grumbul, nedya mlayu pedhange Panji Pulang Jiwa wis ndhisiki mleat saka tangane. Pedhang saiki genani gegera Surantani. Senajan Surantani njomblak molet nahan lara, nanging isih nyoba gumregah arep mlayu maneh. Dheweke eling welingi pamane, suramentaya. Dheweke kudu mlayu ngendhani pangamuke Panji Pulang  Jiwa. Nanging Panji Pulang Jiwa ngoyak terus. Surantani sing wis kelaran lan getih terus dlewer saka geger, gawe dheweke saya suwe saya lemes. Pungkasane Surantani wis ora kuwat, awake diserat alon alon semendhe wit gedhe. Banjur tiba ngilmpreg.

“Modar kowe, Surantani” bengoke Panji Pulang Jiwa lega.
“Aku ri…la mati, panji. Ning ka… kawruhana, ing.. kadipaten ma….lang ana punggawa sing duwe ilat geni. Ngajak adipati.. supaya berontak…,” kandhane Surantani pedhot-pedhot.
“sapa kuwi?”
“Ja.. ya kerta lan patih..,”
“Aja nutuh wong sakepenake! Apa buktine?”
“Wiro.. geni wis kawetu… tembunge, na… lika sayembara biyen. Lan pra… baretna ora bakal kandha aku nebus kekalahanku, ye… ora….”
“Nimas Prabaretna!” bengoke Panji Pulang Jiwa bareng jenenge sisihane diunekake Surantani. Panji Pulang Jiwa banjur mlayu tumuju jarane. Dheweke cukat mlumpat menyang  jaran sing lagi nyrengguti suket. Lsi disendhal jaran terus dipecut supaya mlayu luwih rikat.
“Nimas Prabaretnaaa! Aku aja koktinggal !” bengoke sadawane dalan. Senajan playune jaran ngedab-edabi, nanging ora pedhot mbengoki Prabaretna. Nalika ing tengah dalan ana sawijining prawan sing lageyane memper Prabaretna. Jaran dipekak mandheg.Panji Pulang Jiwa mudhun saka geger jaran.
“Nimas Prabaretna, nyanggapa silra mu kok ana kene, Nimas?” potakone kanthi alus.
Prawan kuwi enggal wae ndoprok, tempuh. “Nuwun sewu, raden kula pinuka sanse Gusti Putri Prabaretna,” kandhane prawan kuwi isih ndhingkluk.
“Ah, mosok? Coba tumengaa!” prentahe Panji Pulang Jiwa.
Prawan kuwi ndenggek.
“Lho!” Panji Pulang Jiwa kaget, banjur gagean mlayu tumuju jarane. Jaran banjur ditegar maneh. “Nimas Prabaretna, aku aja kotinggaaaaal!”

Nalika teka ing laang mlebu kutha papagan karo prajurit tmatarm sing lagi tata-tata ninggalake pakuwon. Panji Pulang Jiwa beli nesu. Getihe kaya muncrat menyang rai nyawang prajurit sing nggawa tumbak pating crongat.
“Bangsat! Kowe kabeh iki sing dadi jalarane!”  Panji Pulang Jiwa mencolot mudhun ngrayah tumbak. Tanpa kekahan gunem, prajurit sing cedhak diamuk sakecandhake. Gawe  prajurit  kuwi pahda mlayu salan tunjang golek Slamet dhewe-dhewe. Suramentaya sing wis rumangsa tuwa menehi aba supaya prajurit mlayu ninggalake kutha.
“NImas Prabaretna!” bengoke, nalika nguningani kiwa tingene wis sepi ora ana prajurit sing isih lumawan, Panji Pulang Jiwa mlayu tumuju jarane sing lagi nrengguti suket. Dheweke mlumpat ing gigir jaran banjur mlayokke  jarane maneh.
“Nimas Prabaretna, aja koktinggal ake aku, Nimass….!” Bengoke sadawane dalan ora leren-leren.
 Warta ngenani tiwase Surantani dening Panji Pulang Jiwa wis warata saindenging tlaltah Mataram. Senajan suramentaya saandhahane durung bali menyang keraton. Sultan Anyakrakusuma sing wis midhanget warta kuwi sungkawa pengalihe. Eman dene Surantani sing pinercaya bisa nyirep mbalelane kadipaen Malang malah dadi bebanten ing paprangan. Mangka wis diampingi dening suramentaya lan disangoni tombak ngedab-edabi, kyai plered. Ing kesalahan kaya ngenen iki Sultan Anyakrakusuma kepengin enggal nganakake paseban para nayaka lan  penggedhe keraton, nanging kanggo sawtara ngenteni tekane suramentaya sing isih ngirid sisane prajurit.

Seminggu candhake suramentaya lagi prapta ing matahram. Tekane katon loyo lan wirang gawane. Para  prajurit sing tatu lan bisa bali, dipapanake panggonan kanggo dirawat dhisik. Bareng suramentaya wis sawetara dina ngaso diundang ing pasamuan ing paseban.senajan disrengeni utawa diundhamana, suramentaya ora suwala. Dheweke ora ngudhunake tembung sadurunge ditakono. Tinimbang ngomong dawa nanging sangsaya luput, luwih becik meneng wae, ngono pikirane suramentaya. Bareng wis didangu sultan anyakrakusuma, suramentalya lagi crita kabeh kedadeyan sing dingerteni ing kadipaten Malang.
“….kanjeng sultan, kula nyuwun agungipun pangapunten, awit kula wansul dhumateng Mataram ngantos telat. Kula nelasaken wekdal sakedhik kangge pados sisik melik kados pundi sagedipun kadipaten malagn mbalela,” pratelane suramentaya.
“Banjur kepriye asline, paman?” pandangune Sultan Anyakrakusuma.
“Kadipaten Malang sangsaya kisruh, kanjeng sultan. Awit tiwasipun putri Prabaretna damel ewah engetanipun Panji Pulang Jiwa. Piyambakipun tansah jelih-jelih ngundang itrinipun. Mesakaken kahannanipun…,” suramentaya ndhingkluk mripate kaca-kaca.
“lho, panjenengan kwi kepriye, ta mungsuh kok dimengsakake.”
“Awit piyambakipun mboten lepat, kanjeng sultan. Panji Pulang Jiwa kaliyan Prabaretna punika namung dados kurbanipun panekane punggawa kadipaten. Kekalihipun namung dados tumbal kangge ngawonake Mataram. Eman, dene Panji Pulang Jiwa mboten mangertos sedayanipun.namung Mataram ingkang dipun anggep lepat. Pramila piyambakipun ngamuk prajurit  Mataram. Napa malih ngertos bilih ingkang mejahi Prabaretna punika Surantani. Panji Pulang Jiwa ingkang kondagn kasektenipun mboten badhe mundur lumawan Mataram. Manapa malih, bilih mangke Panji Pulang Jiwa ngerigaken wadya kedhiri, kula kinten Mataram sangsaya repot.”.
“Banjur krenah panenengan priya, paman?”
Suramentaya unjal ambegan landhung. Banjur nata trapsilane. “Sederengipun kula gadhah pemanggih, supdos paring pangsama bilih saenipun para nayaka dipun paringi kalodhangan kangge nelakaken pamanggihipun, kados pundi nelukaken kadipaten Malang.”
“Kepriye para punggawa ana sing arep usul sing becik?” panantinggi Sultan Anyakrakusuma.
“kula kanjeng sultan.”
‘Iya, kepriye panemumu Tamyaman?”

Bilih pemanggih kula saenipun, Mataram ngerigaken prajurit kaliyan nyuwun sabiyantu prajurit kadipaten sacelakipun, kadipaten Malang dipun gebug kemawon!”
“Miturutmu kepriye, paman Suramentaya?
“Pamanggih punika  sae, kanjeng sultan. Namung kemawon ingkang naminipun perang punika ingkang dados kurban kawula alit ingkang tanpa dosa kalebet prajurit ingkang namung sendika dhawuh panginggilipun. Pramila bilih wonten margi sanese ingkang langkung sae kula langkung sarujuk. Amargi Kadipaten Malang sapuniak kekiatanipun diumung wonten Panji Pulang Jiwa. Bilih Panji Pulang Jiwa saget dipunpikut, o kadipaten Malang sampun mboten gadhah kekiatan….”
“Banjur kangge miktu Panji Pulang Jiwa kepriye, paman?”
“Bilih pemanggih kula kirang mranani mugi dipun pangaksami, kanjeng sultan,” Suramentaya nyembah.
“Panjenengan dhawuh, paman!”
“Panji Pulang Jiwa diten punika tansah kangen kaliyan sisihanipun ikang nami Prabaretna. Kangge mikut Panji Pulang Jiwa saenipun pados putri ingkang memper kaliyan Prabaretna. Ing mbenjang bilih putri punika sumdya, kapurih nyelaki Panji Pulang Jiwa nilaraken kadipaten Malang.”
“Menyang ngendi olehe nggoleki wanita sing mempere Prabaretna, paman?” pitakone Sultan Anyakrakusuma.
“Kula sampun gadhah wewenang ingkang cocok namung kantun kados pundi palihaipun, kanjeng sultan.”
“Sapa putri sing bakal panjenengan sraya, paman?”
“Putri punika mboten sanes inggih putri panjenengan ingkang asma Purbasari.”
“Lho!” Sultan Anakrakusuma njenggirat. Anteng. Banjur unjal ambegan landhung atine nanting pikirane sing dumadakan ewuh.

“Paman Suramentaya, sajak pancen sing kudu mbela negara  kudune ora mung kawula, prajurit apadene punggawa kesultanan, nanging kulawarga kesultanan uga kudu mudhun ing palagan. Iya ta, yen pancen dadi sranane sirepe ontran-ontran ing negara iki panemune Paman Suramentaya daksarujuki.” Sanalika lega atine Suramentaya. Sakawit wedi didukani, jebul malah disengkuyung.
“Yen mengkono, saiki uga timbalana Putri Purbasari marak ing pasewakan iki. Bakal daktanting kekarepane kanggo melu njejegake negara.”
Salah sijine prajurit enggal menyat ninggal pasewakan. Ora gantalan suwe prajurit sing  kautus wis bali dikanthi putri ayu sing jibles Prabaretna kairing abdi kesultanan Mlaku reruntungan tuuju pendhapa. Kanthi trapsila Putri Purbasari paring sembah sungkem marang ramane. Praupane sing sumunar endah gawe trenyuhe Sultan Anyakrakusuma.
“Nini prubasari, apa sliramu wis mangerteni nyangapa sliramu dakundang ing  pasewakan iki? Utama pancen wis dikandhani prajurit tutusan? Pandangune sultan.
“Kula sampun mangertos sekedhi, kanjeng rama.”
“Banjur kepriye penemumu samungguhna sliramu kudu melu bela negara angudhari reruwet sing isih  ngganjel mata iki? Ing pangangkah ora ana panganggep yen sing bela negara kuwi mung rakyat lan prajurit, dene kula warga kraton mung mangan enak turu kepenak lan nyandhak apik-apik.  Kulawarga kraton kudune melu cawe-cawe…”

“Kula mangertos, kanjeng rama. Lajeng saderengipun kula sagah, kula kedah mangertos rumiyin jejibahan punapa ingkang kedah kula lampahi samangke. Awit, bilih kula kedah majeng wonten palagan tamtu kula dereng gadhah sangu ingkang murwat.”
“Ora, Nini. Sliramu ora maju ing palagan, nanging sliramu mung maju bakal apus krama marang temanten anyar  sing kelangan sisihan.”
“Apus krama utawa lah ngapusi punika nalisir saking darmaning satriya, kula mboten sagah ngapusi tiyang sanes, kanjeng rama,” kandhane purbasari canthas.
Prabaretna katon wis ora sabar maneh. Atine kebranang kepengin ngidak-idak Surantani. Tembunge njaluk pangapura dhek biyen kaya kepengin dijabel maneh.
“Nakmas Prabaretna becike Nakmas Panji Pulang Jiwa disusul dhisik” pramayogane jayakerta. “becike utusan prajurit wae.”
“Boten, paman,” Praberatna wis nyepakake pedhange sing dislempitake ing geger. “Kula piyambak ingkang badhe ngasorake Surantani.”
“Lho,” Wirogeni ethok-ethok njomblak. “Kanjeng Adipati dhek mau utusan supaya sing ngadhepi Surantani Nakmas Panji dudu Nakmas Prabaretna. Yen mengko sing maju ing palang Nakmas Prabaretna aku sing didukani Kanjeng Adipati”
“Kula ingkang nggumanteni Kangmas Panji. Kula ingkang badhe lumawan Surantani.” Kandha mangkono, Praberatna wis mbrabat mlayu metu pendhapa ninggalake Patih Worogeni lan Jayakerta. Kekarone pandeng-pandengan, banjur padha mesem. Mesem rasa menang.
“Kepriye?” Wirogeni bisik- bisik, “Rak kasil, ta?”
Jayakerta mung manthuk.

“Saiki awake dhewe nyusul liwat dalan trabasan,” pangajake Wirogeni ngangkat bokonge saka klasa.
Jayakerta mung melu-melu wae. Sawise teka lantaran kekarone enggal nyengklak jarane, digelak mudhun gumuk liwat alas sing rungkut sinambi ngguyu cekakakan.
Srengenge sansaya surem. Cahyane sansaya kuning semu abang. Nalika kuwi Prabaretna mlayokake jaranne rikat banget. Mlesat kaya thathit. Playune jaran liwat pedesaan gawe wong-wong padha kaget, nanging bareng ngongak dalan sing diweruhi mung mlebu mabul-mabul ngebaki lurung. Atine Prabaretna tansah ngajap supaya srengenge aja ngangti mingslip dhisik sasrunge dheweke tumeka kutha kadipaten.
Nalika cedhak kutha kadipaten malang srengenge kari abang mbrambang. Candhikala ngreronce langit sing dipaesi megamega bebenjeng nganglang langit katiup angin. Bareng cedhak regol wates kutha, Prabaretna mekak kendahali. Jaran malku alon. Prabaretna mandheg bareng dalan lumebu kutha dipalang kayu wutuh. Sawetara prajurit ngaja palang kasebut.

“He! Wong edan, nyangapa dalanku melbu kutha kok alang-alangikaya ngene?”bengoke Prabaretna nesu.
Prajurit sing jaga enggal siaya nyekel tumbake. “Kawruhana bocah ayu, kutha malang wis daktutup. Sapa wae ora kena mlebu kutha, klebu kowe!”
“Lanjang lembemu, Prajurit Mataram!” Prabaretna sansaya nesu.
“Ora perlu nesu, cah ayu! Becike bali wae tinimbang kowe mengko cilaka!” Aku arep mulih menyang endi? Sumingkira aku ora duwe urusan karo kowe. Aku arep nugel gulune Surantani,” tembunge Prabaretna.
“Lancang gunemmu, cah wadon, langkahana dhisik mayitku yen kepingin tepung sesembahanku!” panantange prajurit kuwi.

“Sing lancar cangkemmu!” Pra¬baretna ndudut gendir jaran. Tharr! Tharr! Sanalika prajurit Mataram njerit kelaran, awit untune prothol lan cangkeme dhowak-dhowak mili getih.
“Ayo dibukak palang wit iki!” pren¬tah Prabaretna. “Utawa dakremuk sirahmu siji-siji!”
Wit sing kanggo pepalang ora di¬bukak, nanging prajurit papat malang nyerang Prabaretna nganggo tum¬bake. Prabaretna waspada. Kendhali disentak; jaran mlumba. Sikile nrajang dhadhane prajurit sing nyedhak. Bebarengan kuwi pecut ing tangane Prabaretna disabetake ngarah prajurit liyane. Mung sakepiasan wae prajurit¬-prajurit kuwi padha nglumpruk sinam¬bi sambat ngaru-ara.
Bareng prajurit tumpes, jaran dilumpatake palang. Durung adoh pla¬yune jaran mlebu kutha, dumadakan Prabaretna weruh tendha-tendha papane prajurit Mataram lagi ngaso. Obor-¬obor wis wiwit disumet kanggo mapag tekane wengi. Durung nganti nya¬wang njlimet, Prabaretna wis dipapag sawetara prajurit sing lumayu ngu-peng.
“Surantani, metua yen nyata kowe lanang!” bengoke Prabaretna emosi banget. “Aja mung prajuritmu sing kokongkon maju!” Prabaretna bengak¬-bengok sinambi negar jarane mlayu ngubengi tendha-tendha pakuwon.

Saka pakuwon sing gedhe sawi¬jining prajurit metu, ing mburine kasu¬sul wong sing wis rada tuwa. Dhe¬weke Surantani lan Suramentaya. Jaran disentak lise tumuju wong loro kuwi ngadeg ing ngarep pakuwon. Prabaretna mudhun saka singgit jaran. Mripate nyawang sengit marang wong loro kuwi.
“Kowe saiki dudu satria, Suran¬tani!” panudinge Prabaretna.
“Aku?” Surantani kaget.
“Bener! Kowe prajurit bodho mung mripatmu sing mlolo kaya kebo!”
“Kowe aja ngucap sakepenake lambemu, Prabaretna. Aku teka mrana amarga diutus Gusti Prabu Cakraningrat, dudu karepku dhewe,” Surantani mbela awake.
“Ora perlu mlesetake tembung, Surantani! Awit anggonmu kasoran melu sayembara perang tanding kowe banjur wadul marang pamanmu ing sandhingmu utawa kokandhakake yen Kadipaten Malang bakal berontak. Ngono ta?”
“Oh! Oh! Ampun kelintu penampi, Nakmas,” Suramentarya nyoba nengahi.
“Kula sakukuban dumugi mriki sampun boten wonten sesambetan kaliyan sayembara rebut Putri Prabaretna. Kula kaliyan Surantani namung badhe nyuwun tanggel jawab tembungipun Patih Worogeni kaliyan Adipati Rangga Roh Jiwa ingkat boten nyambut gawe marak dhumateng Mataram.”
“Panjenengan sampun kebujuk aturipun Surantani, paman, sedayanipun ngapusi!”
“Ora! Kowe isih eling, nalika aku kalah ing alun-alun kadipaten? Nalika aku tiba mengkureb banjur diidak dening Wirogeni bebarengan ngunus curiga banjur nedya aku. Ing wektu kuwi uga dheweke mbengok sora, yen Kadipaten Malang bakal madheg dhewe emoh prentah Mataram. Sayembara ngrebut kowe mung kanggo nglumpukake jago-jago sing sekti mandraguna sing bakale kanggo mbentengi kadipaten. Tembung kuwi dadi kasunyatan nalika para telik sandhi mlebu ing kadipataen kene,” Surantani ngetokake bukti.
“Goroh!” bengoke Prabaretna isih durung percaya. “Kabeh critamu mung koreka supaya para nayaka Mataram percaya karo kowe. Tembungmu sing goroh nuduhake yen kowe duwe kapribaden tansah duwe pangincim. Lan, kanggo pangincimmu kobarisake prajurit Mataram kanggo nggempur Kadipaten Malang. Kowe wong firih!”
Sakala emosine Surantani mumbul ing bun-bunan.
“Yen ngono dakayonani kasektenmu, Prabaretna!” wong wadon kaya kowe gampang kabujung tembunge Adipati Rangga Roh Jiwa. Kowe kudu disimakake luwih dhisik!”
“Asurunge tanganmu bisa nyenggol kulitku, nyawamu mingal luwih dhisik.” Prabaretna wis siaga ngadhepi mungsuh.

Surantani wis mbukak tangane. Sakala kuwi prajurit sing ngupeng Prabaretna arep melu nguyuk. Nanging Surantani menehi pratandha yen prajurit supaya mundur. Para prajurit sing siaga bali mundur. Surantani sing wis arep nyerang mlumpat luwih dhisik, bola-bali ngantem lan mancal, nanging tansah bisa diendhani. Saben-saben Prabaretna ganti ngrangsang bisa kena sasaran. Atine Surantani sing sasurunge wis miris lan ora yakin bisa ngasorake Prabaretna sansaya dadi kasunyatan. Anteman lan dugangan sing wis diisi ajine ditambakake marang Surantani bola-bali, gawe awake Surantani sansaya remuk. Sawise nampa dugangan premanan ngenani dhadha Surantani tiba mengkurep mutah getih.

Nyekseni Surantani kasoran, Suramentaya menehi aba-aba supaya prajurit ngroyok. Prabaretna kapeksa jungkir walik ngadhepi prajurit sing puluhan cacahe. Tumbak-tumbak pating crangap ngancap sakojur awake Prabaretna bareng ana salah sijining tumbak sing nyenggol, pangamuke Prabaretna wis ora kena dikendhalekake, nyekel salah sijine prajurit banjur dirayah tumbake. Tumbake sing wis ana tangane Prabaretna disabetake cepet banget. Landheyan tumbak kanggo tameng, dene pedhang sing diunus saka warangkane kanggo mbabet nyawang. Mung sawetara wae, prajurit kuwi padha ndhoprok sambat lara.
“Mandheg!” prentahe Suramentaya.
Sisane prajurit padha mandheg nyerang, alon-alon mundur, nanging mripate manther nyawang Prabaretna mbokmenawa isih diserbu maneh.
“Saiki aku mungsuhmu,” Suramentaya maju tanpa tumbak.
“Aja maneh kok mung sampeyan, Mbah Suramentaya, kabeh saanak putumu kon maju ora bakal mundur sapecak!”
“Aja umuk dhisik, cah ayu, saiki adhepana aku. Sawise bisa nglangkahi kunarpaku, lagi umukka!” Alon-alon Suramentaya nyedhaki Prabaretna.

Tumbak ing tangan eman dibuwang. Prabaretna cukat nyerang Suramentaya sing ora nyekel gegaman. Suramentaya percaya banget yen bakal bisa ngasorake wanita kaya Prabaretna. Prabaretna bola-bali ngancapake tumbake ngarah perangan awak sing sajak permana, nanging bola-bali  mung nyawik angin. Awit Suramentaya kaya bisa maca bakal tekane mata tumbak. Prabaretna sing sajak wurung ngarahake tumbak, tumbak banjut diputer seser ing dhuwur sirah. Nalika ditancepake Suramentaya dudu mata tumbak nanging bonggole. Suramentaya kaget nyawang sing kanggo nyerang landheyane. Suramentaya ora ngerti akale Prabaretna sing banjur cukat malik tumbak nyegat papan pangendhane Suramentaya. Suramentaya isih bisa endha maneh, nanging bareng kandheyan sing munyer sirahe Suramentaya kena antemane garan tombak, durung nganti ngrasakake larane sirah, Suramentaya kaget, jrakh! Kanthi cukat pucuk tumbak nancep ing lengene Suramentaya. Sanalika tangan tengene kanggo nggegem lengen sing dhowak-dhowak mancur getih, sakala Suramentaya nyawang sirih marang Prabaretna. Awit Prabaretna katon nafsune gedhe arep mateni Suramentaya. Suramentaya mundur-mundur, nanging sikile kesrimpet tumbak sing pating ketholang dibuwang sing duwe. Suramentaya tiba kejengkang isih nggegem lengene.

Tumbak sakala diangkat dhuwur dening Prabaretna, mripate Prabaretna manther menyang kecer atine Suramentaya. Tumbak ditancepake Suramentaya sing wis pasrah.
“Paman Suramentaya!” bengoke Surantani sing wis krakal-krekal tangi.
Jrebb! “Huaaa……………….ah!”

Sing njerit kelaran dudu Suramentaya. Suramentaya dhewe kaget nyawang Prabaretna. Tumbak ing tangane Prabaretna alon-alon ucul. Tangane Prabaretna nyekel dhadhane sing kemucur getih. Sawijining tumbak wis nancep saka gegere Prabaretna tembus ing dhadha. Prabaretna sansaya lemes, awit kelangan getih. Bebarengan getihe netes ing lemah, Prabaretna tiba mengkurep ngrungkebi lemah wutah getihe.
“Kowe pancen prajurit licik Su……ran…….tani………. ning…….ora su……we……..ko……….we bakal ma………..ti,” tembung Prabaretna sing pedhot-pedhot bebarengan ambegane sing alon-alon.

Surantani sing mlayu nyedhaki Prabaretna katon getun. Nyawang ambegane Prabaretna sing sansaya angel dheweke ndhaprok nyedhaki.     “Apuranen aku, Prabaretna. Temenan, apuranen aku. Apa pancen sliramu ora ngerti yen Kadipaten Malang arep berontak metal saka Mataram. Utawa sliramu wis mangan racun tembung pambujuk angkara. Sepisan meneh apuranen aku, tekaku ing Malang ora kepengin mungsuhan karo sliramu. Nanging nyangapa sliramu sing maju luwih dhisik……….”
“Uwis, uwis, Surantani, barang sing kogetuni ora bisa bakal bali. Saiki jabuten tumbak Kyai Pleret sing nancep ing anggone Prabaretna.” Prentahe Suramentaya.
Layone banjur ruktinen kanthi becik, samongko layon kakirim menyang pendhapa kadipaten. Surantani enggal tumandang.
Semoga artikel MRENGANGAH GENI KRAMAN bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter