-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

MLEBER, JIGLONG, LAN BARON SEKEBER

Bleber (kang diomongake saben dinane dadi Mbleber) lan Jiglong yaiku jeneng- jeneng panggonan kang ana sejarahe sing ngasi saiki isih dikenal karo masyarakat Kuta Pati. Bab kaya mangkana kuwi, kadadean uga ana ing ngendi- endi kang critane beda-beda. Amarga diomongakea dening wong akeh. Ana crita jeneng-jeneng desa, pemakaman, dalan, kali, jembatan, lan liya-liyane. Crita Bleber lan Jiglong kuwi salah sawijining dogeng kang kabenerane pantes dicatet. Critane saka tokoh legenadharis, yaiku Baron Sekeber.
Baron Sekeber kuwi nonoman saka Negara Belanda, kang urip ing jamane Kadipaten Pati utawa Pesantenan ing abad 14 M. Jeneng asline sebenere nganggo Bahasa Belanda, nanging dikenal dening wong-wong Jawa Baron Sekeber.
Dheweke nonoman kang pinter, ganteng, gagah, wani, gigih, lan mahir olah kaprajuritan. Kuwi kang nyebabake dheweke sanggup ngemban wejangan gurune, supaya ngumbara adoh ing sebrang segara. Nalika semana, semangate Baron Sekeber kanggo ngumbara menyang donya gedhe benget. Ketambahan nalika semana akeh Bangsa Eropa kang padha kaya dheweke. Salah sijine kekarepane yaiku Bangsa Eropa kuwi bisa ana ing dhaerah Jawa. Amarga ing kana wiwit jaman kuna wis dikenal subur, makmur lan akeh kekayaan alame.
Baron Sekeber anak antang- anting. Dheweke biyen mung urip karo wong tuwane loro karone. Nanging banjur ana kadadean kang ora dinyana-nyana. Bapake Baron Sekeber mati, amarga duwe ala. Dheweke oleh wejangan saka Bapake, yen pengin dadi wong kang agung kudu nduweni ilmu kang akeh.
“Baron Sekeber, anaku lanang, Bapak wis ora bisa ngancani lan nuntun kowe meneh. Bapak kepengin sapaninggale aku, kowe bisa dadi wong kang agung”. Kuwi pesene bapake marang Baron Sekeber (yen nganggo basa Jawa)
Ora nganti suwe Baron Sekeber uga ditinggal Ibune. Ibune kawin meneh karo wong lanang liya. Kuwi kang nyebabake tekate Baron Sekeber tambah kuwat. Ing kana dheweke wis ora duwe sapa-sapa meneh. Dheweke mantepake atine tenan-tenan kanggo ngelanglang buwana ing donya, kang ora liya ing tlatah Jawa.
Karo semangat lan tekat kang gedhe, Baron Sekeber banjur mangkat menyang tlatah Jawa. Lakune mbutuhake wektu kang suwe lan uga akeh tantangane, amarga saranane mung liwat dharat lan segara. Nanging alangan apa wae ora ngendhoni niate Baron Sekeber supaya cepet tekan tlatah Jawa. Bareng wis ngancik taunan dheweke, banjur lagi tekan ing bumi Mataram kang saiki dikenal karo jeneng Yogyakarta.
Wiwite, Baron Sekeber ora ditampa dening masyarakat. Amarga perawakanne Baron Sekeber kang duweni kulit putih, rambute pirang, matane biru sing nggawe seneng masyarakat. Ora suwe omongan wong-wong ngenani dheweke saya santer, wong-wong padha rerasan ing sanggon-nggon. Babagan kuwi kang malah ndadekake para prajurit ing Kerajaan Mataram ngerti, amarga padha krungu desas-desuse anane wong Belanda ing bumi Betawi, kang saiki dikenal Jakarta.
Amarga krugu desas-desus kuwi Baron Sekeber dilaporake marang Raja Mataram, banjur ana prentah supaya nyekel Baron Sekeber. Embuh kuwi karo cara alus apa karo cara kasar, sing penting Baron Sekeber kecekel. Nanging Baron Sekeber lolos saka ranjau kang digawe Praurit Mataram. Amarga ora kecekel lan saiki dadi buron, dheweke saiki banjur ngumbara ing dhaerah Jepara supaya bisa cedhak karo wong-wong Eropa sing wis manggon suwe ing kana.
Jebule, dalan kang tunuju ing dhaerah Jepara ora gampang kaya bayangane. Ing dalan uga akeh alangane, ing ngendi wae dheweke dadi omongane wong, ditakoni asal-usule, lan ora dipercaya niat apike. Malah dheweke kerep dicekel bajur diukum dening para petugas keamanan. Amarga akehe alangan kang ngalangi rencanane, dheweke banjur duweni niat kanggo ndhelik supaya bisa ngindhari para prajurit lan kanggo ngasah kasektenane, uga ngatur siasat kanggo mengko sateruse. Niate dheweke sansanya mantep amarga oleh impen, ing ngimpine kuwi dheweke weruh guwa kang apik kanggo tapa. Baron Sekeber menehi emas marang nelayan, kuwi supaya dheweke diterake menyang guwa kuwi. Guwa kuwi ana ing Gunung Patiayam dhaerah Muria.
Adipati Jayakusuma kang nduweni kekuwasaan ing Kadipaten Pesantenan (Pati)  uga nduweni niat kang padha karo Baron Sekeber. Sang Adipati oleh wangsit gaib, supaya tapa ana ing Gunung Patiayam kana, kanggo ngimba ngelmu kang akeh. Kekarepane sang Adipati didhukung dening wong akeh. Salah sijine dheweke didhukung dening penasehate kang ana ing Pulo Mandikala, kang ora adoh saka Muria. Adipati Jayakusuma menehi prentah penasehate, supaya niliki kahanan ing Gunung Patiayam panggonan kang arep dienggo tapa.
“He, penasehatku, aku kepegin supaya kowe nilikki kahanan kang ana ing sajerone Guwa kang ana ing Gunung Patiayam kana. Amarga aku arep tapa menyang kana.”
“Sendika dawuh Gusti.”
Banjur penasehate ngelaporake yen ing kana wis dinggo tapa dening wong lanang kang perawakane gedhe dhuwur lan kulite putih. Krungu kabar kaya mangkono, sang Adipati bingung, dheweke mikir sapa sing tapa ndhisiki dheweke. Sang Adipati banjur lunga menyang Gunung Patiayam. Adipati Jayakusuma nguculi kabeh busanane, dheweke lunga kaya wong-wong biasa.
Bareng tekan guwa kana, sang Adipati kaget. Jebule apa kang dikandhakake dening penasehate ngenani wong lanang kuwi, bener. Kang nambahi kagete sang Adipati, nonoman kuwi wong asing. Beda karo Baron Sekeber, yen dheweke isih ajeg tenang lan santun, tanpa nduweni rasa wedi. Malah dheweke crita marang Adipati Jayakusuma ngenani asal-usule dheweke lan kena apa dheweke bisa ana ing kana. Baron Sekeber uga kandha marang Adipati yen dheweke seneng ana ing tlatah Jawa.
Krungu omangane Baron Sekeber kang kaya mangkana, atine Jayakusuma ora tenang. Dheweke wedi yen kekuwasanane ing Kadipaten kana dirusuhi dening Baron Sekeber. Ing jero atine sang Adipati mikir, “nonoman kuwi kudu disingkirake adoh-adoh, yen perlu kudu dipateni. Mbok menawa saiki ketoke apik lan sopan, nanging sapa ngerti besuk dheweke gawe pekara.”
Maune Sang Adipati lan Baron Sekeber omong-omongan apik, akrab senadyan basane beda. Nanging ora suwe malah dadi tukaran, wong loro padha-padha ngrasa nduweni hak ana ing panggonan kana. Baron Sekeber ngrasa teka luwih dhisik, yen Adipati Jayakusuma ngrasa yen kana kuwi wilayahe dheweke. Maune mung tukaran padu, nanging malah dadi perang adu kanuragan. Nganti ana gempa bumi lan udan deres, sing ndadekake korban akeh.
Bareng ana korban, loro karone lagi padha sadhar yen tukarane kuwi nggawe cilakane wong-wong kang ora ngerti apa-apa. Banjur wong loro kuwi apikan meneh, nanging nganggo kasepakatan. Baron Sekeberoleh manggon ing wilayah Kadipaten Pati, kang suwe-suwene rongtaun. Kuwi mung kanggo tapa utawa nggolek ilmu, dheweke ora oleh ngganggu katentremane wong-wong kana. Besuk yen wis tekan wektune, Baron Sekeber kudu ninggalake kono apik-apik.
Wiwit kuwi, wong loro nglakoni urip dhewe-dhewe. Senadyan padha-padha ana ing Guwa Patiayam. Adipati Jayakusuma liwat lorong gedhe kang jebole nembus segara, yen Baron Sekeber oleh panggonan kang nembus alas. Panggonan kuwi ngepenakake Baron Sekeber, dheweke bisa ndeloki kahanan tlatah Jawa sakabehane. Yen awan Baron Sekeber tapa ing panggonane kana, nanging yen wayah wengi dheweke lunga ing ngendi-ngedi nggolek lelakon. Nganti ngerti asal-usule dhaerah pesisir lor Jawa. Baron Sekeber nandhang katresnan marang bocah wadon kang jenenge Rara Suli. Bocah wadon kuwi kembang desa ing Desa Kemiri.
Ora suwe, ana kabar yen Rara Suli meteng. Dheweke ngaku yen nandhang katresnan karo bangsa alus. Gosip kuwi nggemparake sapenjuru tlatah Jawa, nganti Rara Suli nglairake bocah kembar. Bocah kembar kuwi mau kulite putih lan mripate biru. Rara Suli diboyong menyang kerajaan lan dihakimi supaya dheweke gelem ngaku sapa kang dadi bapake bocah kembar kuwi. Nanging Rara Suli tetep ora gelem ngaku, weruh bocah kembar mau, Sang Adipati kelingan karo Baron Sekeber. Banjur diputusake, yen Rara Suli didadekake selir lan bocah kembare dipek anak dening Adipati Jayakusuma. Bocah kembar kuwi dijenengi Suwenda lan Danurwenda.
Gedhene bocah kembar kuwi cepet banget, ora kaya bocah liyane. Bocah kuwi pinter, lan ndadekake sapa wae sing bakal seneng. Nanging babagan kuwi kang malah nggawe bingung atine Sang Adipati, sing kelingan marang Baron Sekeber. Baron Sekeber nduweni kasepakatan karo sang Adipati, yen win rong taun dheweke kudu ninggalake Kadipaten Pati. Nanging saiki malah ora ana sing weruh ana ngendi Baron Sekeber.
Bareng Baron Sekeber wis ditemokake dening Sang Adipati, dheweke banjur ditantang kasektene supaya nglangi ing segara. Yen Baron Sekeber menang, dheweke oleh urip ing Kadipaten Pati nganti sasenenge. Nanging yen dheweke kalah kudu ngabdi menyang Kadipaten.
Baron Sekeber diliciki dening Sang Adipati, nganti dheweke kalah. Wiwit kuwi Baron Sekeber dadi juru taman ing Kadipaten Pati , dheweke uga ngurus jarane Adipati Jayakusuma.
Oleh tugas supaya ngabdi ing Kadipaten nggawe atine Baron Sekeber seneng. Dheweke bisa nyolong-nyolong wektu kanggo nemoni Rara Suli lan bocah kembar anake kuwi mau. Ora dinyana nalika Baron Sekeber lagi guyon karo Rara Suli lan bocah kembar, Adipati Jayakusuma ngonangi.
“Wiwit biyen aku wis ngira yen kadadean iki bakal ana,” Adipati Jayakusuma ngomong karo nesu-nesu marang Baron Sekeber.
“Apa wae bakal tak adhepi, supaya Rara Suli bisa tetep karo aku. Amarga Rara Suli lan bocah kembar iki ora liya kuwi duwekku” Baron Sekeber mangsuli lan percaya yen dheweke kuwi bener.
Sang Adipati meneng wae, ora ngomong apa-apa. Nanging sang Adipati malah langsung ngunus Baron Sekeber karo keris Rambut Pinulung. Baron Sekeber banjur mati.
Rara Suli lan bocah kembar kang weruh kuwi pdha kaget, sedih lan wedi. Sang Adipati uga ora ngira yen Rara Suli njaluk keris saka tangane Sang Adipati cepet benget, keris kuwi banjur diunusake ing dhadhane Rara Suli dhewe.
Weruh kadadean kang tragis kuwi mau, bocah kembar banjur mlumpat lan mlayu saka Kadipaten. Sanalika ana prentah supaya ngoyak bocah loro kuwi. Ing ngendi-endi rame.
Mesakake nasipe Sirwenda. Bener dheweke wis bisa lolos nglumpati pager dhuwur ig Kadipaten, naging dheweke malah tiba njengkulit lan langsung mati ing sisihe tembok kana. Panggonan kuwi saiki dadi prapatan dalan kang dikenal jenege Mbleber sing artine “mlumpat dhuwur karo lincah” saiki panggonan kuwi ana ing sisih wetan alon-alon Pati.
Yen Danurwenda padha wae ora slamet. Dheweke uga mati, amarga kecemplung ing kali pas dheweke arep nyabrang kretek ing sak jabane Kadipaten. Kejeglong utawa jiglong miturut dialeke wong Pati. Jeneng kuwi ngantii saiki isih ana, yaiku dinggo jeneng kretek cilik sangarepe markas Komando Distrik Militer (Kodim) ing Pati.
Critane, wektu acara pemakaman mayit-mayit malang kuwi Adipati Jayakusuma krungu bisikan.
“Wahai, Sang Adipati elingana besuk bakal ana wong kulit putih kang bales dhendham ing Kadipaten Pati kene.”
Semoga artikel MLEBER, JIGLONG, LAN BARON SEKEBER bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter