-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Samin Surosentika

Ing Desa Tapelan Samin Surosentika dikenal dadi wong tani, sesepuh, guru kebatinan, lan ketuwa sing nglawan pemerintah kolonial Landa. Samin Surosentika uga dikenal Ratu Tanah Jawi utawa Ratu Adil Heru Cakra duwe gelar Prabu Panembahan Suryangalam. Miturut warga Samin neng Tapelan, Samin Surosentika dadi raja ora saka atine dhewe nanging dipilih rakyat utawa penganute. Yaiku wong saka Desa Tapelan, Ploso, Kedhiren, Tanjungsari. Samin Surosentika asale kuwi saka Desa Klopodhuwur, desa Tapelan kuwi panggonan penganute.
Samin Surosentika lair neng Desa Ploso Kedhiren, Randhublatung Blora. Dhewekke saka 5 sedulur kaya pandhawa lanang kabeh. Bapakke jenenge Raden Surowijaya neng Tapelan dikenal Samin Sepuh lan nyambut gawene Bormocorah utawa Kamituwa kanggo wong desa sing ora duwe, saka Bojonegoro, Jawa Timur.
Jeneng Samin Surosentika sing asli yaiku Raden Kohar. Jeneng kuwi banjur malih dadi Samin, yaiku jeneng kerakyatan. Sakwise dadi guru kebatinan jenenge malih dadi Samin Surosentika lan anak dhidhike ngundang Ki (Kyai) Samin Surosentika.
Samin Surosentika isih seduluran karo Kyai Keti neng Rajegwesi, Bojonegoro, uga isih seduluran karo Pangeran Kusumaningayu utawa Kanjeng Pangeran Kusumawinahyu. Pangeran Kusumaningayu kuwi jeneng liya kanggo Raden Mas Adipati Brotodiningrat sing mrintah Kabupaten Sumoroto saiki dadi dhaerah cilik neng Kabupaten Tulungagung. Samin Surosentika ora klebu petani mlarat, dhewekke duwetelung bau sawah, sabau tegalan, lan 6 sapi.
Taun 1890 Samin Surosentika wiwit ngembangake ajarane ing Klopodhuwur, Blora. Wong-wong ing sakiwa tengene, kayata saka Desa Tapelan, akeh sing merguru marang dhewekke. Wektu kuwi pemerintah kolonial Landadurung nggatekake ajaran Samin, amarga ajaran kuwi isih dianggep ajaran kebatinan utawa agama anyar sing ora ngganggu keamanan.
Taun 1903 Residen Rembang nglaporake yen ana 772 wong Samin sing kasebar ing 34 desa ing Blora sisih kidul lan ing dhaerah Bojonegoro. Kabeh sregep ngembangake ajaran Samin.
Taun 1905  wiwit ana perkembangan anyar, wong-wong desa sing nganut ajaran Samin Surosentika wiwit ngganti cara urip dhewekke saka kekancan saben dinane ing desane. Dhewekke wiwit ora gelem nyetor pari ing lumbung lan ora gelem mbayar pajeg, lan ora gelem nglebokake sapi lan kebone ing kandhang umum  bareng-bareng karo wong saka desa liyane sing ora wong Samin.
Taun 1907 wong Samin malih dadi 5000, pemerintah kolonial kaget lan keweden, apa maneh nalika krungu yen tanggal 1 Maret 1907 wong arep brontak. Wektu kuwi ing Desa Kedhung Tuban, Blora, ana wong Samin nganakake slametan. Wong Samin sing teka ing Desa Kedhung Tuban banjur dicekel, amarga dianggep nyiapke pembrontakan.
Tanggal 8 November 1907, Samin Surosentika diangkat penganute dadi Ratu Adil kang nduweni gelar Prabu Panembahan Suryangalam. Patang puluh dina sawise kedadean kuwi, Samin Surosentika dicekel Raden Pranolo, Ndara Seten (Asisten Wedana) ing Randhublatung, Blora, banjur dilebokake ing bekas obongan watu gamping. Sawise kuwi digawa ing Rembang, nalika ing Rembang dheweke ditakoni macem-macem. Banjur dhewekke karo wolong penganute diasingake ing luar Jawa. Samin Surosentika mati ing Padang taun 1914.
Kecekele ora ngilangake gerakan Samin. Wongsorejo, penganut Samin Surosentika sregep nyebarake ajaran Samin ing distrik Jiwan, Madiun. Neng Jiwan, Madiun wong-wong desa dipujuk supaya ora mbayar pajeg marang pemerintah kolonial. Banjur dhewekke karo kancane dicekel banjur diasingake.
Surohidin, mantu Samin Surosentika, lan Engkrak, murid Samin Surosentika, nyebarake ajaran Samin ing dhaerah Kabupaten Grobogan (Purwodadi). Karsiyah, penganut Samin ngembangake ajaran Samin ing Kajen, Pati. Penganut Samin nyoba nyebarke ajarane ing dhaerah Jatirogo, Tuban, nanging ora kasil.
Taun 1914 pemerintah kolonial ngunggahake pajeg. Ing Grobogan (Purwodadi) wong-wong Samin wis ora gelem ngormati Pamong Desa lan pemerintah Kolonial. Ing distrik Balareja, Madiun, wong-wong Samin mbodhoni aparat pemerintah kolonial. Tujuane sing utama yaiku: ora gelem mbayar pajeg.
Ing Kajen, Pati, Karsiyah dadi Pangeran Sendhang Janur, lan ngomong ing wong desa aja nganti mbayar pajeg.
Ing Desa Larangan, Pati, wong-wong Samin nyerang Lurah lan Polisi. Ing Desa Tapelan, Bojonegoro, wong-wong padha wae ora gelem mbayar pajeg. Padha ngancam Asisten Wedono, banjur padha dicekel lan dikunjara.
Samat, ketuwa pergerakan Samin neng Pati, ngajarake yen Ratu Adil arep teko yen lemah sing digadekake pemerintah kolonial dibalikke neng wong Jawa.
Taun 1915 upaya panyebaran ajaran Samin neng daerah Jatirogo gagal maneh.
Taun 1916 wong Samin golek dhaerah anyar. Ajaran mulai dikembangke neng daerah Undaan, Kudus.
Taun 1917 penganut Pak Engkrak nglawan pemerintahan karo apa sing diarani “partikel pasip”. Perlawanan kuwi njengkelake Londo, nanging akhire bisa dikalahke karo Londo.
Taun 1930 gerakan Samin rada mandeg amarga ora ana ketuwa sing kuat.
Taun 1945 Pak Engkrek saka Klopodhuwur, Blora, melu perang neng Surabaya mungsuhi Londo. Jarene dheweke arep mapak tekane Ratu Adil.
Samin Surosentika ora mung dadi intelektual tangguh nanging uga dadi pujangga Jawa Pesisiran sing urip sakwise Ronggowarsita (1802-1873). Pujangga kuwi uga dikenal pujangga rakyat. Samin Surosentika uga bisa diarani penerus tradisi pujangga Ronggowarsita, yaiku dadi pemberontak jamane, amarga kuwi uga pernah dilakoni pujangga Ronggowarsita neng karya-karyane.
Kanggo warga Samin sing wuta aksara jawa, Samin Surosentika ngajari lisan, utawa ceramah neng omah lan neng lapangan, sing diajarake Samin Surosentika yaiku bab sing pokok (intisari ajaran). Amarga sing diajarake mung pokok, ajaran kuwi kaya kurang komplit lan bingungake wong. Kuwi ketok neng tradisi lisan wong Samin neng Desa Tapelan.
Neng jero tradisi lisan neng Desa Tapelan kuwi ana pangucap sing kaya mangkene:
“Agama kuwi gaman, adam pangucape, man gaman lanang.”
“Aja drengki, tukar padu, dahpen kemeren. Aja kutil jumput, bedhog-colong.”
“Sabar lan trokal ampun ngantos drengki-srei ampun ngantos nyasapada ampun ngantos pek-pinek kutil-jumput bedhog-colong. Napa malih bedhog-colong, napa malih milik barang, nemu barang wonten ing dalan mawon kula simpangi.”
“Wong kudu ngerti ing uripe, sebab urip siji digawa selawase.”
“Wong enom mati uripe titip sing urip. Bayi uda nangis nger niku sukma ketemu raga. Dadi mulane wong niku boten mati. Nek ninggal sandhangan niku nggih. Kedah sabar lan trokal sing diarah turun-temurun. Dadi ora mati nanging kumpul sing urip. Apik wong selawase sepisan dadi wong selawase dadi wong.”
“Dhek jaman Landa niku njaluk pajeg boten trima sak legane nggih bebas. Gak gelem wis dibebasake. Kenek jagaya orang nyang. Jaga omahe dhewe. Nyengkah ing negara telung taun dikenek kerja paksa.”
“Pangucap saka lima bundhelane ana pitu lan pangucap saka sanga bundhelane ana pitu.”

“Wit jeng nabi kula lanang damel kula rabi tata-tata jeneng wedok pengaran Sukini kukuh dhemen janji buk bikah mpun kula lakoni.”
“turun”, “pangaran”, “sedulur lanang”, “sedulur wedok”, “salin sandhangan.”
Semoga artikel Samin Surosentika bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter