-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

RARA MENDUT LAN PRANACITRA



Crita Rara Mendut lan Prana Citra wis misuwur ing kalangan masyarakat. Nanging, ora ana salahe yen crita kuwi dicritakake maneh, amarga pancen ora bisa dipisahake saka sejarah lan masyarakat Kabupaten Pati, Jawa Tengah.
          Rara Mendut yaiku bocah wadon kang ayu pasuryane. Rara Mendut putri Ki Ragawangsa saka Desa Ragawangsa ing wilayah Kadipaten Pesantenan kala pemerintahan Adipati Jayakusuma. Rupa ayu lan budine kang luhur nggawe pencute nonoman marang dheweke. Nonoman ing tlatah kono kepengin nyunting Rara Mendut. Nanging, nalika kuwi Rara Mendut durung ngrasa siap dadi manten, mula saben ana sing nglamar ora tau ditampa.
Ing sawijining dina, Ki Ageng Jiwanala nekani omahe Ki Ageng Ragawangsa kanggo nyambung tali silaturrahmi. Amarga wis suwe ora tau kepethuk, kasebab loro-lorone padha duwe tugas ing kadipatenan. Ing acara silaturahmi kuwi, Raden Kumuda uga melu, Raden Kumuda iku putra kabanggaan Ki Ageng Jiwanala. Sabenere, silaturahmi iku salah sijining alesan kanggo buktekake ayune Rara Mendut lan kanggo nglamar Rara Mendut. Ora suwe, dianakake acara mantenan Rara Mendut kang ayu pasuryane karo Raden Kumuda kang gagah prakasa. Janji setia saurip semati diikrarke pasangan bebojoan iku.
Nanging, bungahe bebojoan iku ora suwe. Amarga ing sawijining dina Rara Mendut diculik karo nonoman loro saka Madura kang isih ponakane Patih Penjaringan. Nonoman loro kuwi jenenge Raden Kuda Panolih lan Raden Kuda Santeran, wong loro kuwi nduweni sifat kang sombong, congkak lan srakah. Dumeh isih kerabat saka penggedhe kerajaan, mula saben panjaluke kudu dituruti. Bener wae, tumindakke wong loro kuwi njengkelake wong akeh, nanging ora ana sing wani nglawan wong loro kuwi, kejaba Raden Kumuda. Supaya ora diece karo wong loro kuwi, Raden Kumuda ngoyak Raden loro kuwi karo nggawa tombak neng tangane. Wektu kuwi, Raden Ageng Ragawangsa cepet-cepet ngloprake kedadean iku lan njaluk pitulungan marang penggedhe kadipaten.
Raden Kumuda bisa ngoyak Raden Kuda Santeran lan Raden Kuda Panolih kang ndhelik ing Desa Randukuning. Kasunyatan nonoman brandhal loro kuwi kaweden lan akhire mati diunus tombake Raden kumuda. Mayate wong loro kuwi dikubur ing Desa Godi.
Katentreman uripe Rara Mendut lan Raden Kumuda jebul ora suwe amarga kudu nduweni nasib nelangsa sawise Kadipaten Pesantenan ditaklukake karo Panembahan Senopati saka Mataram. Kisahe diwiwiti saka anggepan Sultan Mataram marang tandha-tandha pembangkangan Adipati Jayakusuma sing wektu kuwi pancen saya prakasa. Satemene, Adipati Jayakusuma ora nduweni niat mbangkung dening kakuwasaane Mataram. Adipati namung sibuk bebenah lan mbangun, mulane nundha kunjungane ing Mataram. Kabeh salah paham kuwi dibuktekake karo keputusane supaya ora ngladeni serangan prajurit Mataram kang wis nyepaki wilayah Pati. Mulane ing pungkasan Adipati mrintahake kabeh kerabat kerajaan supaya bunuh dhiri bareng-bareng. Lajeng Adipati Jayakusuma dhewe kang ngadhepi Sultan Mataram,n anging akhire mati keunus tombak saktine Raja Mataram.
Pawarta kalahe Kadipaten Pesantenan tambah maneh karo tambahe kewajiban nyerahake bandha rampasan, klebu nonoman sing dibutuhake pihak Mataram. Rara Mendut uga malang nasibe, amarga klebu nonoman kang kudu diboyong ning Mataram lan tekan ing tanggane Tumenggung Wiraguna. Sawise weruh rencana Tumenggung Wiraguna kang arep ndadekake Rara Mendhut bojone, Rara Mendhut milih mati katimbang kudu nuruti kakerapane Tumenggung Wiraguna. Temtu Tumenggung Wiraguna ngrasa susah arep ngawini Rara Mendut. Nanging Tumenggung Wiraguna ora kentekan akal, dheweke meksa Rara Mendut supaya mbayar pajak sing gedhe supaya Rara Mendut ora bisa mbayar. Nanging Rara Mendut mesti bisa mbayar, amarga dheweke dodol rokok ing njaba genteng tumenggungan.
Ing sawijine dina, Rara Mendut ngerti yen ana nonoman ganteng kang lagi ngedu pitik jago ing ngarepe Tumenggung Wiraguna. Nonoman kuwi sebenere Raden Kumuda sing wis ganti jeneng dadi Pranacitra sing diangkat dadi punggawa tumenggungan sing nduweni tugas ngurusi jaran-jarane sang tumenggung. Tugas kuwi dilakoni Pranacitra kanthi siap-siap ninggalake tumenggungan karo Rara Mendut.
Ing sak tengahing wengi, Pranacitra lan Rara Mendut pancen bisa mlayu saka tumenggungan. Nanging, wong loro kuwi diburu para prajurit tumenggungan lan ditangkap maneh, diadhepake Tumenggung Wiraguna.
“Nyeraha Rara Mendut, kasebab mustahil anggonmu mlayu saka tlatah kene,” omongane Tumenggung Wiraguna.
“Aku ora bakal nyerah, senadyan aku kudu mati ing tangan paduka. Rasa tresna sing wis ana ing atiku kanggo kakang Pranacitra ora bakal musnah tekan kapan wae”, wangsulane Rara Mendut.
Temtu wae wangsulan kuwi nambah panase ati sang tumenggung sing ngrasa dilecehake. Saking panase, Tumenggung Wiraguna ngunusake kerise lan langsung nusuk ing dadane Pranacitra sing posisine ora bakal nglawan. Getih seger mancur saka dadane Pranacitra sing ngglethak neng pangkone Rara Mendut.
Jebul matine Pranacitra kuwi ora bisa ngubah kemantepan atine Rara Mendut marang Pranacitra. Rara Mendut ora nyerah marang Tumenggung Wiraguna.
Akhire, Rara Mendut ngrebut kerise Tumenggung Wiraguna, banjur ngunusake neng dhadhane dheweke, kadadean kuwi ndadak banget, Tumenggung Wiraguna namung bisa pasrah amarga rumangsa mateni Rara Mendut.
Nganti saiki, crita sing ngenesake kuwi isih dadi simbul crita katresnan kang abadi. Rara Mendut dadi panutan kang apik, amarga tetep setia marang bojone nganti mati.

Semoga artikel RARA MENDUT LAN PRANACITRA bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter