-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

KEK ENGKRENG

Crita iki nyritakake babagan critane Kek Engkreng, saka Pati.  Kacritakake yen Kek Engkreng urip ijen, nalika Kek Engkreng wis gedhe lan wis cukup umure, bapake lan simboke wis kapundhut dening Gusti. Bapake      Kek Engkreng nalika isih urip meling marang Kek Engkreng, “Kreng, yen bapak wis ora ana ing donya iki, lan ora bisa urip bebarengan marang kowe lan simbokmu bapak njaluk marang kowe kancani simbokmu, lan dadiya kowe bocah kang bekti marang wong tuwa,” pangandikane Bapake Kek Engkreng.
            Sawise Kek Engkreng ditinggal marang bapake, Kek Engkreng tinggal dhewe karo simboke lan dheweke tansah Bekti marang simboke.
            ”Kreng kae wedhuse di golekake pakan supaya suk yen gedhe bisa manak lan bisa dadi sangu uripmu besuk”. Pangandikane ibune.”
            “Inggih bu?” Wangsulane Kek Engkreng.
            Senadyan dheweke wis gedhe nanging dheweke tetep ora isin yen nggolek pangan kanggo wedhuse. Dheweke langsung nuindakake apa kang di printahake marang simboke. Kek Engkreng anggone bekti marang simboke temenanan. Nanging anggone urip Kek Engkreng marang simboke ora nganti suwe amarga ibune Kek Engkreng lara lan pungkasane simboke Kek Engkreng uga kapundhut marang gusti.
            “Mbok, Simbok aku iki dadi urip ijen, lan ora nduwe sapa-sapa, mbok aku aja kotinggal dhewe mbok?” Tangise Kek Engkreng.
            Nalika Kek Engkreng  wis urip ijen tanpa wong tuwane, dheweke banjur lan urip bebarengan marang  paklike.
            “Kreng kowe saiki melu aku wae lan urip bareng aku, saiki kowe wis tak anggep anakku dhewe”. Tembunge Paklike.
            Semana uga Kek Engkreng uga tansah bekti marang pak like.
            ”Kreng kae wedhusmu sing isih kae aja lali di golekake pakan.” Tembunge Paklike.
            “Inggih, Paklik.” Dheweke banjur langsung golek pangan kanggo weduse.
Nalika dheweke nggolek pangan wedhuse Kek Engkreng ketemu marang bocah wadon, banjur dheweke nakoni bocah wadon kuwi.
“Sapa kowe? Ana apa kowe kok neng kene? Omahmu ana ngendi?”    Banjur bocah wadon kuwi mangsuli, “aku Purwanti, aku saka pakuburane simbokku, omahku ing Desa Glenthengan  Wetan.
“O… dadi simbokmu wis kapundhut marang Gusti ta? yen ngono padha kaya aku, mung bapakku uga wis kapundhut marang Gusti,”  tembunge  Kek Engkreng.
“Yen bapakku isih urip mung simbokku sing kapundhut, simbokku  seda amarga dipateni prajurid landa kang kurang ajar kae,” wangsulane Purwanti. Bocah loro kuwi banjur omong-omong akeh. Sakwise omong-omong Kek Engkreng bali mulih, ing omah Paklike crita yen dhek mau dheweke kepethuk marang bocah wadon kang jenenge Purwanti.
“Paklik, kula wau  kepanggih kalih  marang Bocah wadon kang asmane  Purwanti, piyambakipun  ngendikan  yen piyambake  ugi sampun dipun tilar simbokipun, amargi ibune sampun  kapundhut marang Gusti,” tembunge Kek Engkreng.
“Iya pancen bener ibune Purwanti mati amarga kena tembake prajurit Landa,” wangsulane Paklik.
“Paklik prajurit Landa menika pancen  kurang ajar temenan mateni tiyang sakgeleme dhewe lan gawe risuh ing ngendi-ngendi,” tembunge Kek Engkreng.
Ing suwijining wengi Kek Engkreng ora bisa turu, dheweke kepikiran terus marang tumindake prajurid landa, dheweke kepengin golek elmu kang bisa dadi sangu uripe. Amarga kahanan kaya ngono, banjur Kek Engkreng matur marang Paklike.
“Pak Lik, kula ngraosaken kepengin lunga saking desa mriki  kula kepengin pados  ngilmu kangge sangu  urip lan kangge mbales tumindakipun  prajurid landa kang kurang ajar marang rakyat,” tembunge Kek Engkreng.
“Aja ngono dipikir-pikir dhisik anggonmu tumindak, aja nganti ngurugikake kowe dhewe, amarga kabeh kuwi bisa ndadekake bebayan marang awakmu le?” wangsulane Paklik.
 “Nanging, Paklik kula kepengin sanget, kula kepengin pados ilmu,” tembunge Kek Engkreng.
Ngerti yen kekarepane Kek Engkreng kuwi gedhe, banjur Paklike ngomong, “ya wis yen kuwi wis dadi kekarepanku, yen kowe arep golek ngelmu, Paklik biyen nduweni guru kang jenenge Ki Andong. Ki Andong kuwi wonge sekti nanging aku ora bisa suwe-suwe anggonku nggeguru marang Ki Andong, amarga biyen aku kudu ngancani bulikmu kang lagi lara, nanging pungkasane ya bulikmu kapundhut.”
“Ki Andong saiki ana ngendi Paklik?” pitakonane Kek Engkreng.
“Ki Andong saiki ana ing alas sisih kulon desamu iki. Yen kowe sida lunga, mlakua kowe ngulon terus nganti kowe nemokake alas kang gedhe. Ya neng kono kuwi Ki Andong manggon,” wangsulane Paklike.
“Paklik yen ngoten, kula tak langsung mawon mrika, Paklik nyuwun pangestunipun Paklik,” pamite Kek Engkreng.
“Yen pancen niatmu wis mantep iya tak pengestoni,” wangsulane Paklike.
Pungkasane Kek Engkreng banjur mangkat menyang alas kang diduduhake Paklike. Dicritakake ing alas kono dheweke  nganti rong dina ngubebgi alas kono, nanging ora nemokake Ki Andon manggon. Nanging Kek Engkreng tetep oara nyerah, dheweke tetp ngusahani kanti temananan supaya bisa ketemu marang KI Andong. Pungkasane Kek Engkreng kepethuk karo Ki Andong,
“Ana apa kowe golek aku?” pitakone Ki Andong.
“Punapa leres panjenengan Ki Andong?, menawi leres kula kepengin ngeguru kalih panjenengan guru?” wangsulane Kek Engkreng.
“Iya bener aku Ki Andong. Ana apa kowe arep nggeguru marang aku? Sapa jenengmu?”
“Kula Kek Engkreng guru, kula ajeng nggeguru kalih panjenengan amarga kula kepengin anggadhahi ngelmu kangge sangu urip kula guru? Wangsulane Kek Engkreng.
“Ayo wis yen ngono amarga tekatmu wis kuwat, lan niyatmu uga wis temenanan, iya ngger kowe saiki tak tampa dadi muridku,’’ tembunge Ki Andong.
Ing kono kek Engkreng anggone nggeguru marang Ki Andon kanthi temenanan mula, dheweke cepet ngerti lan nguwasani marang apa kang diajarake dening gurune.
“Kreng, kitab iki wacanen lan sinaoni, sakwise kuwi terus praktekake supaya jurus-jurus lan kadhigdayan  kang ana ing kitab iki, bisa komangarteni kanthi temenanan,” tembunge gurune.
“Inggih, Guru?” wangsulane Kek Engkreng. Kek Engkreng nyinaoni kitab kang diwenehake gurune kanthi temenan. Gladhen nendhang ngiwa, nengen lan jurus-jurus liyane. Pungkasane Kek Engkreng wis bisa nguwasani marang kabeh apa kang diajarake gurune.
“Kek anggonme ngeguru marang aku wis cukup suwe, lan anggonmu nggeguru marang aku wis cukup lan ilmu sing koksinaoni uga wis bisa kok tampa kanthi cepet amarga kapinteramu dhewe. Saiki aku nduweni gelang kang kagawe saka kayu pilihan, gunakake iki sakprelune, lan aja gunakake kanggo marang kamurkan. Lan keris iik gawanen kanggo gegaman lan sangumu,” tembunge Ki Andong.
“Inggih guru, sedaya badhe ula jagi kanthi temenanan,” wangsulane Kek Engkreng.
Sakwise Kek Engkreng wis nggeguru marang gurune mau lan wis diwenehi pusaka  kek Engkreng banjur bali mulih ing desa Glenthengan, ing omahe pak like. Saktekane Kek Engkreng tekan ngomah, dheweke banjur langsung dirangkul marang paklike.
“Kreng anak cilikku kowe wis tekan kene ta, aku bungah kowe wis bisa bali kanthi selame. Piye kahananmu neng kono?” tembunge Paklike.
”Pangestu panjenengan pak lik kula tansah slamet. Pak lik, guru maringaken kula pusaka, gelang kalih keris. Sedaya menika saking guru Ki Andong Pak Lik.
“Ya wis kuwi gawa kanthi temenanan lan aja kok gunakake ing kamurkan,” wangsulane Paklik.
Ing sawijining dina Kek Engkreng nglakoni tindakan kaya biyasane yaiku angon wedhuse kang saka wong tuwane biyen. Dheweke ketemu  marang Purwanti.
“Lho apa kowe Purwanti? Isih eling aku apa ora? Aku Kek Engkreng,” tembunge Kek Engkreng.
“O, iya ta, sampeyan Kang Engkreng? wah rasane kok wis suwe ora ketemu marang sampeyan kang?” wangsulane Purwanti.
“Iya, dhik pancen bener, saiki piye kahanane bapakmu ing desa kene, piye kabare kluwargamu? Pitakonane Kek Engkreng.
“Bapak lan aku lagi bingung kang, amarga bapak dipeksa wong landa supaya aku gelem bebojoan marang ketua kompeni. Bapak lan aku saiki lagi keweden lan bingung,” wangsulane Purwanti. Nalika kuwi Kek Engkreng mung meneng ora mangsuli apa-apa.
“Dhik Purwanti aku kepengin weruh omahmu?” tembunge Kek Engkreng.
“O, mangga kang Engkreng, mangga kula aturi dolan,” wangsulane Purwanti.
Wedhuse Kek Engkreng banjur dicancang ing sawah-sawah. Lan dheweke banjur mlaku bareng Purwanti menyang omahe Purwanti.
Saktekane omahe Purwanti Kek Engkreng dikenalake marang bapake.             “Mangga kang, sampeyan mlebet rumiyin, pak menika rancang kula Tembunge Purwanti.
“O, iya sapa jenengmu cah bagus?” Pitakone Pak Tarji, bapake Purwanti.
“Kula Kek Engkreng saking glenthengan kulon, pak,” wangsulane Kek Engkreng.
Ora suwe anggone omong-omongan pak Tarji marang Kek Engkreng, banjur katekanan Ki Kersa, yaiku salah sijine prajurid kompeni landa kang sekti mara arep nggawa Purwanti.
“Heh Purwanti ayo saiki kowe kudugelem melu aku dadi bojone majikanku, yen emoh kowe tak gawa peksa!” sentake Ki Kersa.
“Yen aku emoh kowe arep ngapa?”  bantahe Purtwanti.
“Bocah wadon kurang ajar,” sentake Ki Kersa. Banjur Ki Kersa ngangkat Purwanti arep digawa lunga, bapake Purwanti mbengok
“Aja-aja kok gawa anakku!!! Aja gawa kurang ajar!!”
Nalika kuwi Purwanti mbengok-bengok njaluk tulung. Ngerti kahanan kaya ngno Kek Engkreng cepet-cepet anggone nulungi Purwanti.
“Heh kurang ajar dhunake Purwanti. Adhepi aku dhisik yen kowe bisa ngalahake aku gawanen lunga Purwanti!” sentake Kek Engkreng.
“Kurang ajar yen ngono kowe nantang aku? ya tak ladeni bocah sialan,” wangsulane Ki Kersa. Banjur Purwanti di dhunake. Pungkasane anatarane Kek Engkreng lan Ki Kersa tarung padha banting-bantingan lan durung ana sing kalah amarga kalorone padha sektine. Nanging anggone tarung kalorone uga menang Kek Engkreng, Ki Kersa kalah lan lunga saka panggonan kono. Bapak Tarji lan Purwanti seneng amrga dheweke slamet saka Ki Kersa. Amarga kadadeyan kuwi KI Kersa Crita marang ketuwa Kompeni landa.
“Majikan aku ora bisa nggawa Purwanti amarga Purwanti ditulungi marang Kek Engkrengkang sekti lan aku dudu tandhinge,” tembunge Ki Kersa.
Ngerti critane Ki Kersa Ki Kompeni kepengin supaya Kek Engkreng  bisa gabung bebarengan marang wong landa. Sawise perang marang Ki Kersa banjur pamit mulih saka omahe Purwanti.
“Dhik Purwanti aku pamit bali ati-ati bapakmu dijaga sing temenan,” tembunge Kek Engkreng.
“Iya kang  aku matur nuwun wis  nulung aku, lan saiki aku wis slamet saka Ki Kersa,” wangsulane Purwanti.
“Pak Tarji Kula pamit rumiyin,” tembunge Kek Engkreng.
“O, iya Kek Engkreng, matur nuwun wis nylametake Purwanti anakku,” Wangsulane Pak Tarji.
Kek Engkreng banjur lunga saka papan kono lan njupuk wedhuse kang dicencang ing sawah mau, lan Kek Engkreng banjur bali mulih. Tekan ngomah Kek Engkreng crita marang Paklike, marang apa kang dilakoni ing omahe Purwanti mau.
“Ati-ati, Kreng paling sedhela maneh mesthi kowe bakal diawasi para prajurid landa lan bisa-bisa kowe ditangkap merga tumindakmu kuwi,” tembunge Paklike.
“Paklik, aku ora wedi pancen aku kepengin mbales kadurakane  wong landa kang saksenenge marang rakyat cilik,” wangsulane Kek Engkreng.
“Ya ati-ati yen ngono Paklik mung bisa ngandhani,”  wangsulane Paklik.
Ngerti kahanan kaya kang di kandhakake Ki Kersa, ketua kompeni landa nagkon marang prajuride, supaya golek katrangan sapa kuwi sejatine Kek Engkreng amarga ki kompeni kagum marang Kek Engkreng, kang bisa ngalahake  Ki Kersa prajurid andalane ki kompeni.
“Prajurit coba saiki olek katrangan csapa kuwi Kek Engkreng, lan asale saka mgendi amarga aku kepengin Kek Engkreng dadi prajuritku,” tembunge ki kompeni.
”Inggih, majikan?” tembunge prajurit. Sawise pirang-pirang dina, prajurit kompeni nglapurake yen Kek Engkreng kuwi, wong kang sekti, lan monge ampuh amarga biyen tau nggeguru marang sakwijine guru nanging ora dimangerteni sapa gurune.
“O, ngono ya wis yen ngono mengko sore Ki Kersa lan para prajurit melu aku.  Aku arep ngomong marang Kek Engkreng supaya gelem dadi prajuridku,” omonge kompeni.
“Inggih, majikan?” wangsulane Ki Kersa.
Wayah sore ki kompeni lan Ki Kersa mara ing omahe Kek Engkreng.
“Heh Kek Engkreng sedulurku ayo metu aku kepengin ngomong marang kowe,” tembunge ki kompeni.
Saka jero omah Kek Engkreng metu, kek Engkreng ora nyana jebul kang ana ing ngarep omah kuwi ki kompeni.
“Ana apa majikan kompeni mara mrene?” wansulane Kek Engkreng. ”aku mung pengin ngomong apa gelen kowe dadi prajuridku, yen kowe gelem sliramu bakal kepenak lan kabeh ora bakal kekurangan, kowe bakal dak wenehi bondha donya, lan wanita,” wangsulane kompeni.
“Aku ora bakal bisa kok rayu karo bandha kadonyan amarga kuwi ora langgeng ing donya iki,” wangsulane Kek Engkreng.
Ki kompeni rada nesu, banjur dheweke ngangkon Ki Kersa supaya nyihir Kek Engkreng, mula Ki Kersa gunakake peso sihire supaya bisa malihake atine Kek Engkreng.
“Inggih majikan?” wangsulane Ki Kersa.
Ki kersa ngetokake peso sihire banjur lambene komat-kamit supaya bisa nyihir Kek Engkreng. Nanging Kek Engkreng nduweni gelang paweweh saka gurune, mula peso sihire Ki Kersa ora kena marang Kek Engkreng lan peso sihire Ki Kersa direbut Kek Engkreng. Kek Engkreng ngerti apa kang ditindakake Ki Kersa mula Kek Engkreng cepet-cepet anggone nggunakake kekuwatane supaya bisa njupuk peso sihire Ki Kersa, mula anggone Ki Kersa nyihir ora kena Kek Engkreng.
“Heh kikompeni percuma kowe ngakon Ki Kersa nyihir aku, Ki Kersa kuwi ora tandingaku,” tembung Kek Engkreng.
Ngerti  yen Ki Kersa kalah banjur ki kompeni bali mulih saka omahe Kek Engkreng, kahanan kaya ngono ndadekake ki kompeni rada nesu atine.
“Yen sliramu ora gelem ya wis yen ngono aku tak bali dhisik,” tembunge Ki Kompeni.
Wayah wengi nalika Kek Engkereng arep mapan turu dheweke mikir kaya-kaya ana babagan yen Purwanti arep entuk cilaka. Mula sakwise tangi turu, esu-esuk dheweke, arep budhal ng omahe Purwanti.
“Arep lunga ngendi, Kreng?” Pitakonane Paklike.
“Ajeng kesah wonten daleme Purwanti, Paklik?“
“Kok gasik temen kaya ngene, jan-jane ana apa ta?” pitakonane Pak lik.           “Firasat kula boten kepenak Paklik, kula kados-kados wonten bayangan bilih Purwanti badhe manggihi bebayan,” tembunge Kek Engkreng.            “O, ya wis yen ngono cepet mrono,” wangsulane Paklik.
Kek Engkreng banjur  budhal lan cepet-cepet mlaku menyang omahe Purwanti.
“kulanuwun? Dik Pur, dik Purwanti?” panyeluke Kek Engkreng.
“Mangga. O, kang Engkreng ta, ana apa kang kok gasik temen anggonmu mrene?”wangsulane Purwanti.
“Pur, wingi ki kompeni sialan mara neng omahku, wong kuwi ngajak aku supaya dadi prajurite ki kompeni,” tembunge Kek Engkreng.
“Banjur sanpeyan gelem kang?”
“Ora Pur aku emoh,” wangsulane Kek Engkreng marang Purwanti.
“Dhik Pur aku ngrasa yen kowe bakal entuk bebayan, mula yen upamane kowe diwenehi apa-apa marang wong sapa wae aja kok tampa. Apa neng ana tanggamu sing rada sengit marang kowe Dhik Pur?” Pitakone Kek Engkreng.
“Iya kang ana yaiku mbok Sujinah wonge pancen rada sengit marang aku,” wangsulane Purwanti.
“Ya wis yen ngono kowe saiki yen diwenehi marang wong sapa wae aja kok tampa,” welinge Kek Engkreng.
“Iya kang maturnuwun,” wangsulane Purwanti.
Banjur Kek Engkreng bali saka panggonan kono. Sakwise kek Engkreng bali ana kang ngeterake klambi abang yaiku mbok Sujinah .
“Iki aku lagi wae njahit klambi, kayake kok apik yen kok anggo, mula saiki coba iki enggonen!” Tembunge mbok Sujinah.
Purwanti arep nampik klambi abang kuwi nanging Purwanti katon seneng banget marang klambi abang kuwi.
“Wadhuh iki piye aku ora bisa nampak klambi pawewehe mbok Sujinah, amarga kuwi katone pantes banget yen dakenggo,”  grundel atine Purwanti.
Pungkasane Purwanti nrima klambi abang kuwi lan mbok Sujinah seneng amarga sihir kang dikirimake marang Purwanti ing klambi abng kuwi bisa kasil. Banjur mbok Sujinah pamit bali.
“Ya wis yen ngono aku tak bali dhisik Pur?” Tembunge Mbok Sujinah.
“O iya mbok matur nuwun klambine?” Sawise klambi dinggo, Purwanti langsung mutah getih, lan langsung ambruk ora bisa obah awake. Nerti kahanan kaya ngono pak Taji bingung.
”Ndhuk, ndhuk tangi ndhuk!”  Pak Tarji bingung, amarga Pak Tarji keweden banjur dhweke cepet-cepet mara ing omahe Kek Engkreng.
“Kek Engkreng ! Kreng! Tulung aku!”  Tembunge Pak Tarji.
“Wonten menapa pak sajake kok wonten ingkang penting banget,” wangulane Kek Engkreng.
“Kreng Purwanti dhek mau mutah getih lan saiki awake ora obah kaya wong mati kreng?” Tembung  Pak Tarji.
“Apa bener kuwi pak?”  Kek Engkreng kaget.
“Yen ngoten manga pak saniki enggal-enggal teng daleme njenengan!” Wangsule Kek Engkreng.
Wong loro uwi cepet-cepet anggone mlaku mara ing omahe Pak Tarji, nalika wong loro kuwi mlaku Pak Tarji crita yen Purwanti diwenehi klambi abang saka mbok Sujnah.
“O, pantes pak tegese Purwanti kaya ngono amarga saka mbok Sujinah, yen ngoten cepet pak!” Tembunge Kek Engkreng.
Satekane marang omahe Purwanti, Kek Engkreng weruh yen Purwanti wis ngglethak lan wis ora bisa obah, kaya wis ora ana nyawane.
“Pur, Pur! Dhik Purwanti tangi, Dhik!” Panyeluke Kek Engkreng nanging ora ana wangsulan saka  Purwanti.
Ngerti kahanan kaya ngono banjur Kek Engkreng ngetokake peso saka Ki Kersa kang di rampas biyen, lan saka peso sihir kuwi kekuwatane mbok Sujinah bisa disedhot marang peso kuwi. Lan pungkasane, Purwanti sadar, lan bisa omongan.
“Maturnuwun Kang Engkreng, ngapunten aku ora nuruti welinge sampeyan,” omongane Purwanti.
“Pur, kowe iki wis dikandhani neng mbok langgar, apa aku iki yen omongan ora koanggep, Pur? Pitakonane Kek Engkreng.
“Ngapunten kang kulan pancen salah, ngapunten,” wangsulane Purwanti sambi nangis.
“Iya sing wis ya wis aja kobaleni maneh, perlu kok ngerteni Pur, yen Mbok Sujinah kuwi kongkonane kompeni amarga kowe emoh dadi bojone, ki kompeni,” tembunge Kek Engkreng.
“Banjur aku kudu piye?”  Pitakone Purwanti.
”Yen ngono kowe ati-ati wae merga  yen kompeni ngerti anggone nyihir mbok Sujinah ora kasil mesthi ki kompeni ora meneng wae,” wangsulane Kek Engkreng.
“Iya-iya kang aku tak ati-ati,” wangsulane Purwanti.
“Dhik Purwanti aku saiki rasane wis ora bisa ucul saka awakmu,a atiku ngrsa yen aku nduweni rasa tersna marang kowe dik? Apa sliramu gelem bebojoan lan urip sesandingan marang aku?” Tembunge Kek Engkreng.   “Inggih kang semana uga aku uga duwe rasa tresna marang sampeyan,” wangsulane Purwanti.
“Nanging aja saiki, Dhik? Enteni aku dhisik amarga isih ana tugas akeh kang durung tak lakoni.
“Iya kang aku bakal ngenteni kowe,” mature Purwanti.
 Sawise nambani Purwanti banjur Kek Engkreng, pamit bali marang Pak Tarji, lan Purwanti. Sakwise lungane Kek Engkreng, dumadakan mbok Sujinah ngrungokake apa kang di omongake, wong loro kuwi. Mbok Sujinah banjur ngomong marang ki kompeni.
“Majikan Kek Engkreng lan Purwanti padha-padha nduweni rasa tresna mula Purwanti emoh anggone bebojowan marang majikan kompeni,”  tembunge mbok Sujinah.
“Kurang ajar yen ngono saiki kowe Ki Kersa tak printah   gawa mlayu Purwanti supaya Kek Engkreng bingung anggone goleki Purwanti,” tembunge ki kompeni.
“Inggih kompeni,”  tembunge Ki Kersa.
 Ing sawijining dina,  Kek Engkreng ngarsa  yen dheweke kepengin nduweni sesandhingan amarga dheweke ngrasa ana sing kurang ing uripe, mula dheweke bingung apa bener Purwanti bocah wadon kuwi  kang bakal dadi sesandhingane. Kek Engkreng banjur matur marang pak like.
“Paklik, kula wonten kekarepan, pengin bebojoan marang bocah wadon nanging aku bingungpaklik?” Tembunge Kek Engkreng.
“O iya ta, le sapa kang arep kok ajak urip bebarengan marang  kowe,” wangsulane Paklik.
“Karep kula nggih Purwanti, Paklik?”  Wangsulane Kek Engkreng.
“Ya wis yen ngono cepet kandhani Purwanti mengko mundhak kedhisikan wong lanang liya!” Tembunge Paklik.
“Tegesipun Paklik ampun maringi  pangestu kula sesandhingan marang Purwanti,” pitakonane Kek Engkreng.
“Iya-iya cepet saiki kowe mara neng omahe Purwanti matur marang bapake,” tembunge Paklike.
Kek Engkreng banjur cepet-cepet mara ing omahe Purwanti. Nanging saktekane omahe Purwanti Kek Engkreng weruh pak Tarji katon sedhih lan nangis.
Kek Engkreng takon, “wonten punapa Pak, njenengan kok kadosipun sedhih sanget, Purwanti pundi Pak?” Pitakone Kek Engkreng.
“Kreng, Purwanti digawa wong aku ora ngerti, bengi kuwi Purwanti digawa wong nalika aku turu. Nanging aku ngerti sing nggawa yaiku Ki Kersa, tulung slametake Pur, engkreng?” Tembunge Pak Tarji.
“Kurang ajar Purwanti digawa Ki Kersa,” sentake Kek Engkreng.
“Pak, menawi ngoten kula tak pamit teng markas kompeni,” pamite Kek  Engkreng.
Kek Engkreng banjur mara ing nggone markas kompeni.
“Ki Kompeni! Purwanti kodhelikake ana ngendi?” Pitakone Kek Engkrek.
“Tenang Kek Engkrek! Aku ora ndhelikake Purwanti,” wangsulan Ki Kompeni.
“Kowe mesthi ngapusi,”  wangsulane Kek Engkreng kanthi sengak.     “Kowe ngombe dhisik bareng aku, mengko kowe tak wenehi ngombenan asli saka Landa,” wangsulane Ki Kompeni.
“Piye, kowe gelem melu aku dadi prajuritku?” Ki Kompeni nari maneh.             “Aku emoh lan aku ora bakal gelem melu kowe,” wangsulane Kek Engkreng.
“Oh, ya wis, yen ngono iki banyu iki ombe dhisik mengko tak duduhake ana ngendi Purwanti,” omongane Ki Kompeni. Kek Engkreng ngerti yen ombenan kuwi wis diwenehi racun. Kek Engkreng ngerti kahanan kuwi amarga saka gelang kang dienggo ing tangane. Gelang kuwi paweweh saka gurune Ki Andong.
“Yen aku tetep emoh kowe arep ngapa?” sentake Kek Engkreng.         “Kurang ajar kowe Kek Engkreng, kowe mesthi nyepelekake aku.”
“Prajurit tangkap Kek Engkreng!” Prentahe Ki Kompeni.
Ki Engkreng banjur ditangkap lan dilebokake krangkeng, nanging Kek Engkreng nalika dikrangkeng ora nganti suwe amarga Kek Engkreng bisa ucul saka krangkenge. Lan nalika Ki Kompeni turu Kek Engkreng nyiram banyu sing ana racune mau kanggo ngracuni dheweke mau, banjur raine Ki Kompeni rusak amarga kena banyu racun.
“Rasakna piwalesku iki,” tembunge Kek Engkreng.
Ki Kompeni mbengok amarga raine rusak, nanging ora digatekake Kek Engkreng. Kek Engkreng bengok nalika nggoleki Ki Kersa.
“Ki Kersa kowe ana ngendi metua!” Bengoke Kek Engkreng.
Ngerti yen sing nggawa lunga Purwanti kuwi Ki Kersa, mula Kek Engkrek nggoleki Ki Kersa. Nalika kuwi Kek Engkreng nemokake Ki Kersa lagi turu ing kamare. Kek Engkreng banjur langsung nyeret Ki Kersa.
“Ayo tangi Ki Kersa, kurang ajar!” Tembunge Kek Engkreng.
Ki Kersa digeret digawa metu dening Kek Engkreng. Penjaga markas Kompeni lagi padha tangi nalika Ki Kersa wis digeret Kek Engkreng nganti sakjabane markas kompeni. Banjur Kek Engkrek nakoni Ki Kersa.
“Ki Kersa ana ngendi Purwanti kok dhelikake, yen ora kok duduhake tak congkel matamu!” Tembunge Kek Engkreng.
“Iya, iya, tak duduhake Purwanti ana ing pojokan desamu dhewe, dheweke tak dhelikake ing omah cilik ing pokok desamu,” wangsulane Ki Kersa. Kek Engkrek pungkasane ngeculake Ki Kersa. Lan Kek Engkreng banjur mlaku nanging Ki Kersa malah nyerang balik. Kek Engkrek banjur nancepake pisau sihire Ki Kersa dhewe lan kena ing dadane.
“Ki Kersa, Ki Kersa, ngapurane, karepku kowe arep dakuculake malah kowe ora matur nuwun, kepeksane kowe mati ing tanganku.”
Kek Engkreng banjur cepet-cepet lunga ing pojok desa Glentengan banjur nyelametake Purwanti.
“Pur, Purwanti apa kowe ana ing kono?” Panyeluke Kek Engkreng.      “Kang Engkreng aku Purwanti ana ing njero omah kene bukana lawange!” Pambengoke Purwanti.
“Oh, Gusti, Purwanti jebule dikurung ing omah iki,” tembunge Kek Engkreng. Lawange banjur didobrak lan Purwanti diselamatake saka kurungan mau. Purwanti langsung ngrangkul Kek Engkreng.
“Kang Engkreng aku wedi, aku kapok, Kang cepet gawa aku lunga!” Tangise Purwanti.
Banjur wong loro kuwi lunga saka papan kono. Lan Purwanti diterake bali ing omahe. Kacritakake yen Ki Kompeni raine rusak lan sakwetara Purwanti lan Kek Engkreng diuculake dhisik nunggu raine Ki Kompeni mari. Esuk sawise lelakon Purwanti digawa mlayu Kek Engkreng banjur kawin karo Purwanti. Wong loro kuwi katon seneng atine lan bungah.
Nalika kuwi ana cerita yen ing dhaerah Serang – Banten lagi ana peperangan antarane Serang-Banten lan prajurit Landa. Raja Serang-Banten kepengin banget oleh bantuan saka Pendhekar kang ana ing Jawa Tengah. Salah sijine yaiku Kek Engkreng. Kek Engkreng dijuluki bantuan marang Raja Serang-Banten supaya bisa ngalahake prajurit Landa. Krungu kabar kaya ngono Kek Engkreng banjur ngomong marang Purwanti yen dheweke arep lunga.
“Dhik Purwanti, aku arep lunga tulung wenehi pangestu aku supaya aku bisa selamet ing peperangan. Dhik ngapurane, aku bakal ninggalake kowe, nanging aku janji aku bakal bali maneh ing omah kene,” tembunge Kek Engkreng.
“Iya, Kang, aku ora apa-apa, aku lila yen sampeyan lunga kanggo merjuangake lan bantu Raja Serang-Banten. Nanging sak durunge lunga pamit dhisik marang Paklik lan bapak,” Mature Purwanti.
“Oh, iya dhik aja kuwatir,” wangsulane Kek Engkreng.
Esuke Kek Engkreng pamit marang pak like lan Pak Tarji. Nalika arep mangkat Kek Engkrek ngrangkul Purwanti. Nanging nalika Kek Engkreng ngrangkul Purwanti, ning tangane Kek Engkreng digeres peso Purwanti. “Adhuh, dhik, kenapa kowe geres tanganku nganggo peso?” Pitakone Kek Engkreng.
“Aku kepengin yen besok sampeyan bali saka perang sampeyan nduweni tandha kang tak mangertine yen kuwi bojoku kang tansah tak enten-enteni,” wangsulane Purwanti.
“Oh iya dhik, aja kuwatir Ki Kompeni diutus Raja Landa melu perang ing Serang-Banten, mula kowe aja wedi lan ora orang kuwatir. Dadi kowe neng kene aman,” tembung Kek Engkreng.
“Dhik, Paklik, Pak Tarji aku pamit lan kula titip Dhik Pur,” piwelinge Kek Engkreng.
“Iya aja kuwatir,”  wangsulane Paklike.
Kek Engkreng mlaku ninggalake desane, anggone lunga mlaku marang  Serang-Banten Kek Engkreng diarahake utawa dikancani, marang keris paweweh gurune, keris kang digawa kuwi, bisa mlaku dhewe lan dadi tuntunane Kek Engkreng marang neng ngendi dheweke lunga mlaku. Amarga kerise Kek Engkreng bisa mlaku dhewe ndadekake Kek Engkreng di kenali akeh wong. Yaiku pendekar kang sekti kang nduweni keris bisa mlaku dhewe, krungu kuwi Raja Serang-Baten sang saya kepengin weruh Kek Engkreng kang diundang nanging durung tau ketemu. lan kepengin supaya Kek Engkreng bisa melu ing perang geger Serang-Banten. Amarga saking kepengine, Raja Serang-Banten kepengin weruh Kek Engkreng yaiku pendhekar kang nduweni keris kang bisa mlaku dhewe, kabar kuwi nganti krungu  ing ngendi-ngendi,nganti ana salah sijine wong kang ngaku dadi Kek Engkreng, lan madhep marang Raja Serang-Banten.
“Gusti kula Kek Engkreng badha sowan dhateng panjenengan,” tembunge Kek Engkreng palsu.
“Oh, Kek Engkreng kowe sing tak enten-enteni sukur wis bisa tekan kene,” wangsulane raja Serang-Banten. Raja ora mengerti yen Kek Engkreng kang asli durung tekan Serang-Banten.
“Kek Engkreng apa kowe gelem yen sliramu mbesuk ngewangi aku marang perang Geger Serang-Banten,” pitakone Raja Serang-Banten.
“Inggih Gusti, kula purun nanging kula kedah wonten epahanipun, inggih menika epahanipun bandha donya, lan dhuwit sarta emas,” wangsulane Kek Engkreng Palsu.
“Apa?” bantahe Raja.
“Aku ora ngira yen Kek Engkreng kaya tumindake, aku ngira anggone ngewangi perang geger Seran-Banten kuwi ikhlas, jebule ana upahe,” grundele Raja Serang-Banten.
“Ya wis yen ngono yen kuwi sasi panjlukmu,d,” wangsulane Kek Engkreng palsu.
Ing crita liyane, Kek Engkreng wis tekan dhaerah Serang-Banten. Kabar yen ana kang jenenge Kek Engkreng njaluk upah yen ngrewangi perang Raja Serang-Banten. Wabar kuwi tekan kupinge Kek Engkreng, mula Kek Engkreng kaget amarga awake dhewe ora tau nanti kaya ngono. Pungkasane Kek Engkreng nyamar amarga kepengin ngerti sapa sejatine kang ngaku dadi dheweke kuwi. Sakteruse Kek Engkreng  mlebu ingkerajaan Serang-Banten lan ketemu marang Raja Serang-Banten. Ing kono Kek Engkreng  ngaku jenenge Arya.
“Ana apa kowe ngadhep aku? Sapa jenengmu?” Pitakonane Raja.
“Kula Arya, kula kepengin ndherek perang Geger Aerang-Banten,” wangsulane Arya.
“O iya-iya yen ngono saiki kowe nmanggon ana ing kene dhisik kamarmu ana ing sisih mburi,” tembung Raja.
Wayah wengi Kek Engkreng utawa Arya mara ing kamare Raja Serang-Banten.
“Ana apa kowe mlebu ing kamar kene?” Raja kaget.
“Nyuwun sewu Gusti kula badhe matur bilih ingkang sejatine kula menika Kek Engkreng, ingkang ngaku dados Kek Engkreng menika palsu gusti?” Tembunge Kek Engkreng.
“Aja ngapusi kowe! Aja sembrana kowe, Arya?” Bengoke Raja.
“Inggih, Gusti menika leres,” wangsulane Arya.
“Wis yen pancen ngono  sesuk buktikake, sesuk kowe tak ketemukake marang karo sing ngaku Kek Engkreng, yen pancen kowe ora bisa mbuktikake, owe kudu siyap nanggung ukumanku,” wangsulane Raja.
“Inggih Gusti, kula siyap,” pangandikana Arya.
Esuk-esuk Arya lan Kek Engkreng palsu ditemokake.
“He Kek Engkreng!  Iki Arya kang ngaku sejatine Kek Engkreng,” tembunge Raja.
“Apa?!” Kek Engkreng palsu kaget.
“Gusti, menika ingkang palsu,” Kek Engkreng palsu mbantah.
Arya mung meneng wae.
”Wis kanggo mbuktekake endi Kek Engkreng kang palsu lan endi kang asli, coba buktekake yen kerismu kang kabar-kabare bisa mlaku dhewe,” prentahee Raja.
“Inggih Gusti, kula siap,” wangsulane Arya.
Kerise Arya banjur dijabut saka awake lan bener sakwise dijabut. Keris kuwi bisa ngadeg lan mlaku dhewe.
“Ayo saiki kerisku mlakua lan dudohake kabeh yen sabenere Kek Engkreng kang sejati yaiku aku,” omongane Kek Engkreng.
Kerise Arya banjur ngadeg lan mlaku.
“Yen pancen kowe Kek Engkreng saiki buktikake marang kerismu bisa apa ora kerismu mlaku?” Tembunge Raja marang Kek Engkreng palsu.
Banjur keris diduduhake nanging ora bisa mlaku lan ngadeg.
“Kurang ajar kowe wis ngapusi aku, sapa sejatine kowe?” Pitakone Raja marang Kek Engkreng palsu.
“Ngapunten gusti kula ajrih, sejatosipun kula Ki Sireng,” wangsulane Ki Sireng.
“Sejatie sapa kowe? Ana apa kowe ngaku-ngaku dadi  Kek engkreng?” Pitakonane Raja.
“Kula kepengin nggadhahi bandha donya kang kathah, Gusti? Kula mireng kahananipun  Kek engkreng  mila kula sowan mriki lan  ngaku dados Kek Engkreng ingkang menawi kula saget mbiyantu Gusti perang Serang-Banten, kula badhe nyuwun epahipun,”  wangsulane Ki sireng.
“Gusti, tulung ampun ukum kula , nyuwun pangapunten Gusti,” panjaluke Ki Sireng.
“Ya wis ora apa-apa angger kowe gelem melu ngrewangi perang aku besuk,”  wangsulane Raja.
“Inggih gusti kula purun,” wangsulane Ki Sireng.
“Ya wis yen ngene rak ya jelas yen kowe Kek Engkreng, kabeh kuwi wis kok buktikake saka  kerismu mau kang bisa mlaku dhewe.aku wis percaya yen kowe bener-bener Kek Engkreng kang asli,” wangsulane Raja.
“Kek Engkreng  saiki kowe siapake awakmu kanggo perang,” Prentahe Raja.
“Inggih, Gusti,” wangsulane Kek Engkreng.
“Saiki Ki Sireng kowe lungaa! Kowe wis tak ampuni,” tembunge Raja.
Ing sawijining dina Kutha Serang Banten wis geger amarga  wong Landa wis mlebu lan wis nyerang.
“Gusti prajurit landa sampun  nyerang lan sampun mlebet dhaerah ugi sanpun ngrampas  sebagian Serang-Banten,” ature Kek Engkreng.
“O, iya ayo cepet saiki padha maju perang,” wangsulane Raja. Pungkasane Kek Engkreng melu perang, tugas Kek Engkreng kudu dilaksanakake  ing dina iki. Yaiku melu merjuangake wilayah Serang-Banten lan merangi wong-wong landa. Ing kono Kek Engkreng ketemu marang ki kompoeni kang kurang ajar.
“O, Ki Kompeni ta, wis mari raimu sing kena racun biyen?” Pitakone Kek Engkreng.
“Ngece…”  Bentahe  Ki Kompeni.
Pungkasane wong loro kuwi adu kekuwatan lan ki kompeni kalah marang Kek Engkreng. Sateruse Kek Engkreng mbontang-mbanting lan nendhang, njotos, para mungsuhe. Nanging pungkasane anggone perang Geger Serang-Banten kalah mula Kek Engkreng banjur lunga mlayu nylametake awake dhewe amarga Raja Serang-Banten kalah lan kecekel prajurit Landa. Ngerti yen anggone perng kalah mula Kek Engkreng langsung mlayu  nalika Kek Engkreng mlayu Dheweke  dioyak-oyak marang wong landa.
“He Kek Engkreng! Kurang ajar aja mlayu kowe!”  Bengoke wong Landa.
Nanging Kek Engkreng tetep mlayu lan Dheweke tansah ndonga muga-muga anggone mlayu ora kecekel marang wong landa.  Pungkasane Kek Engkreng ndhelik ing alas-alas. Lan ndhelik ing rerungkutan.
“Wah, Kek Engkreng ana ngendi mau?” Pitakone prajurit Landa.          Sawise prajurit landa ora ngerti mlayune Kek Engkreng, Kek Engkreng banjur langsung bali menyang omahe.
“Dhik Pur, aku kang Engkreng wis bali tulung bukakake lawang!“          Nalika kuwi Kek Engkreng nothok lawang. Lawang banjur dibukakake dening Purwanti.
“Kang, sampeyan wis bali ta?” Pitakonene Purwanti.
“Iya, dhik. Aku lagi dioyak-oyak marang prajurit Landa, mula saiki aku neng omah kene mung sedhela,” tembunge Kek Engkreng.
“Apa, kang dioyak-oyak prajurit Landa? Kok bisa, kang?” Pitakonane Purwanti.
“ Perang Geger Serang-Banten kalah mula aku banjur mlayu saka perang kuwi,” wangsulane Kek Engkreng.
“Wis, dhik aku tak ngomong marang Paklik lan Bapakmu kowe saiki siap-siap amarga kabeh keluargaku arep tak ajak lunga saka desa kene aku emoh yen ana keluwargaku dadi korbane prajurit Landa kang kejem,” tembunge Kek Engkreng.
“Iya, Kang aku tak siap-siap,” wangsulane Purwanti.
Banjur Kek Engkreng mara neng omahe Paklike lan Pak Tarji supaya cepet-cepet anggone siyap-siyap amarga kahanane Kek Engkreng kang kaya ngono. Lan Paklike Kek Engkreng lan Pak Tarji uga melu marang apa kang dikandhakake Kek Engkreng. Sabubare Kek Engkreng saka omahe pak like lan pak Tarji, dheweke banjur mara ing panggonane gurune uga pamitan amarga dheweke arep lunga saka desane.
”Guru, kula ajeng nyuwun pamit  lunga saking desa Glenthengan amargi kula dioyak-oyak prajurit Landa,” tembunge Kek Engkreng.
“Iya, ngger tak pangestoni ati-ati anggonmu lelungan yen kowe arep pindkah goleka panggonan ing rawa-rawa yaiku saka desamu marak ngidul,”  wangsulane Ki Andong.
“Inggih, guru?” Wangsulane Kek Engkreng.
Ki Andong ngerti yen mbok Sujinah nututi kek Engkreng banjur mbok Sujinah dicekel lan diukum marang Ki Andong.
“Kurang ajar kowe, kowe arep nggawe cilakane muridku, mula saiki rasakake ukumanku,” tembunge Ki Andong.
Sabubare kuwi Kek Engkreng bajur bali mulih lan lunga saka desane bebarengan bareng keluargane. Pungkasane Kek Engkreng  pindhah ing rawa-rawa kanggo nylametake awake dhewe lan keluargane saka oyakane prajurit Landa. Ing rawa-rawa kono Kek Engkreng lan keluargane bisa urip adoh saka oyakane prajurit Landa.
Semoga artikel KEK ENGKRENG bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter