-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Pangeran Jaka Slewah


            Jaman biyen ing kraton Kedhiri ana pangeran kang aran pangeran Jaka Slewah. Diarani Jaka Slewah amarga pawujudane pancen “slewah” utawa ora kaya manungsa lumrah liyane. Cacat kang disandhang dening pangeran iku wis digawa wiwit dheweke lahir. Cacate sang pangeran yaiku separo awake saka rai tekan sikil separo sing tengen coklat lan separo sing kiwa bule. Nalika pangeran wus ngancik dewasa, dheweke ditundhung saka kraton dening sang prabu. Alasane yaiku amarga cacate sang pangeran kang panggah ora mari-mari, saengga sang prabu isin karo kahanane putrane iku.

            Pangeran Jaka Slewah lunga saka kraton Kedhiri. Sawijining dina nalika dheweke lagi turu ing ngisor wit, ana pawongan tuwa kang nekani dheweke ing jero impene. Wong tuwa iku aweh wangsit manawa cacate sang pangeran bisa mari kaya manungsa lumrah yen dheweke nglakoni tapa “ngrame” mlaku mangulon, lan mlakune mau kudu dikancani wanita kang bakale ketemu ing dalan. Wanita iku jenenge Nyi Rantamsari.    
            Saka wangsit kang ditampa ing impene mau, pangeran banjur mlaku arah mangulon. Nalika lagi nglakoni tapa mlaku mangulon, ing dalan ketemu karo sawijining wanita kang aran Nyi Rantamsari. Pisanan ketemu karo pangeran, Nyi Rantamsari langsung duwe rasa seneng. Amarga iku, nalika sang pangeran nerusake lakune, Nyi Rantamsari terus wae ngetutake pangeran. Pangeran Jaka Slewah uga ora nulak utawa menging Nyi Rantamsari supaya ora ngetutake dheweke, amarga iku minangka salah siji saka syarat kang kudu dilakoni supaya dheweke bisa pulih dadi manungsa saklumrahe.
            Tekan ing sawijining papan gumuk sakidule pegunungan Menoreh sang pangeran ngaso karo tapa ana ing sangisore wit gedhe. Saksuwene sang pangeran tapa, Nyi Rantamsari nunggu karo tetembangan. Nyi rantamsari banjur ngundang warga sekitar utawa wong-wong sing liwat papan kono lan diajak tetembangan bareng amrih sari (amrih sari: supaya rame), kanggo panglipur. Sawise pirang-pirang dina dienteni ora muncul-muncul, Nyi Rantansari niliki panggonane tapa pangeran. Bareng ditiliki jebul sang pangeran wis lunga saka papan tapane mau.
            Pangeran Jaka Slewah sengaja ninggalake Nyi Rantamsari amarga apa sing dituju wus kasembadan. Awake wis pulih dadi saklumrahe manungsa liyane. Mlaku mangulon dikancani wanita sing jenenge Nyi Rantamsari, lan tapa ngrame (ngrame marga Nyi Rantamsari tetembangan bareng warga kang ndadekake kahanan dadi rame) wis dilakoni saengga dheweke bisa pulih kaya kang dikarepake.
            Amarga ditinggal dening pangeran, Nyi Rantamsari banget kuciwane. Dheweke banjur ipat-ipat manawa papan ereng wetan dijenengi “Kesingireng”, sing kulon dijenengi “Slewah”. Dene wong sisih kulon ora kena bebesanan kari wong sisih wetan, wong kesingi ora kena bebesanan karo wong slewah. Yen dilanggar anak turune mesti cacat kaya Jaka Slewah. Lan iku isih dipercaya nganti saiki. Dene papan sing mau digunakake kanggo tetembangan dening Nyi Rantamsari banjur dijenengi “Ngati Sari”.


Semoga artikel Pangeran Jaka Slewah bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter