-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Sekar Dhandhang gula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem kanjeng sunan Kalijaga

 Kiriman saking : mul.yanto6@yahoo.com

Sekar Dhandhang gula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem kanjeng sunan Kalijaga mugi saget dados tambahing seserepan

1. Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh ayu luputa ing lara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah penggawe ala
Gunane wong luput
Geni tinemahan tirto
Maling adoh datan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirno

- Kawedaraken suraosipun makaten,

Wonten puji ingkang kanggenipun manawi ing wanci dalu.
Inggih punika: mugi-mugi pinaringan teguh, rahayu, linepatna ing sesakit, tuwin linepatno sakathahing bilahi.
Puji makaten punika, katindakna ing saben wanci dalu.
- Anggadhahi daya : Jim setan, paneluhan sedaya mboten wonten ingkang angrencana.
Tiyang ingkang sumedya mendamel piawon tuwin ingkang anggunani sacara dhesti utawi japa mantra, sedaya mboten saget tumomo.
Tiyang ingkang sengit dados tresno, bangsanipun pandung sami nebih mboten wonten ingkang sumedyo ngarah dateng kita, tuwin tuju duduk sami cabar.
Menggah ingkang katembangaken ana kidung rumeksa ing wengi punika miturut wewatoning ngelmi namung kangge sanepa.
Dene sejatosipun inggih punika SANG SABDA KUN (sang guru jati) panjenenganipun wau inggih ingkang rumeksa ing dalu.
Tegesipun : SANG GURU JATI wau manawi wanci dalu andum sandang tedha tuwin ingkang mundhi papesthen sadaya lelampahaning manungsa, sarta ingkang anggadhahi daya panguaos ingkang semanten agengipun.
Pramila cundhukipun kalian tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi.
Menawi ing wanci dalu punika namung perlu anjejeraken cumadhong dhawuh kados pundhi ingkang badhe kita lampahi saben dintenipun. Kenging damel ancer-ancer tekad.
Dados ing wancinipun siang punika kantun tumindak ngupaya boga punapa ingkang sampun dados tanggel jawabipun, kanti awas tuwin enget wau.
Manawi pangestinipun wau saget gambuh kalian GURU JATI, kita inggih kadunungan daya panguaos kados inggih ingkang kapretalaken ing nginggil.


2. Sakehing lara pan samya bali
Sakehing ama pan samya miruna
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tiba ing wesi
Sakehing wisa tawa
Sata galak tutut
Kayu aeng lemah sangar songing landhak
Guwaning wong lemah miring
Myang pakiponing merak

- Kawedaraken suraosipun makaten,
Tuwin saking dayanipun kidung wau, sakathahing penyakit ingkang badhe dhateng lajeng sami wangsul.
Sak kathahing ama ingkang andadosaken karibetan ing lelampahan sami sumingkir tebih. Sedaya wau namung anggadhahi raos welas lan asih.
Saupami wonten ingkang badhe sumedya anamani dedamel, inggih sampun ndilalah mesti lepatipun, saupami kengingo inggih mboten kraos punapa-punapa.
Pepindhanipun kados dene kapuk dumawah wonten tosan. Saupami kenging wisa saget tawar. Saupami kepethuk sato kewan ingkang galak inggih nboten purun mangsa, kewang wau dados tutut.
Punapa dene manawi ngambah ing wit-witan ingkang angker, tuwin siti ingkang sangar inggih lajeng dados cabar.

- Samanten agengipun daya panguosipun kidung sak lampah-lampah kita tansah jinangkung ingkang wilujeng ing kawilujengan sarta kaleresan.
Wondene inkang katembungaken songing landhak, guwaning wong lemah miring myang pakiponing merak, punika namung pralambang, miturut wewaton ngelmi.

- Tegesipun anedhahaken wiwitanipun dumadosanipun manungsa, lantaran saking kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung)
Katranganipun : Bapa anggenipun anitisaken wiji dhateng biyung korud dening kama wonten salebeting mani, madi, wadi tuwin maningkem. Ingriku punika anggenipun sang Hyang Maha Suci amardeng titah. Nanging wiji wau taksih dumunung ing nukat Gaib awujud cahya wening.

3. Pagupakaning warak sakalir
Yen winaca ing segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sari rahayu
Ingideran kang widodari
Rineksa malaekat
Sakathahing rasul
Pan dadi sariro tunggal
Ati Adam utegku bagenda Esis
Pangucapku ya Musa

Kawedaraken suraosipun makaten.
Pagupakaning warak sakalir
Inkang makaten punika namung pralambang, katranganipun :
Wijining manungsa wau sagetipun dados wujut asalipun saking daya warni-warni kadosto
- Titipanipun bapa biyung
- Tuwin anasir ALLAH wolung prakawis inggih punika : ingkang sekawan prakawis dados prakawis anasiring badan kang alus. 1. Surya, 2 Candra, 3 Kartika, 4 Swasana. Dene ingkang sekawan Prakawis dados anasiring badan kuwadhagan, 1 Geni, 2 Angin, 3 Banyu, 4 Bumi.

Yen winaca ing segara asat
Ingkang makaten punika namung paribasan, katranganipun :
Sedaya anasir wau namung kapendhet sarinipun, saking daya panguaosipun SANG SABDO KUN, utawi namung kasabdaaken kemawon sampun saget dados.

Temahan rahayu kabeh
Katranganipun : Satunggal-satunggaling anasir wau, dumadosipun dados praboting manungsa kalayan sampurna.

Apan sari rahayu
Katranganipun : Lajeng saget wujud janggerenganing sariro

Ingideran kang widodari
Katranganipun : Sasampuning wujud Janggerenging sariro, lajeng kapanjingan 5 prakawis inggih punika, 1. NUR, 2 RAHSA, 3 ROH, 4 NAPSU, 5 BUDI.

Rineksa malaekat
Tegesipun : manungsa punika ugi rineksa ing malaekat
Katranganipun : Malaekat ingkang rumeksa salebeting badan punika miturut wewaton ngelmi cacahipun wonte 4 , dene lenggahipun wonten.
1. Jabarail lenggahiun wonte ing kulit
2. Mikail lenggahiun wonte ing balung
3. Isrofil lenggahipun wonten ing otot
4. Ngijroil lenggahipun wonten ing daging

Sakathahing rasul
Tegesipun : Tuwin rineksa sakathahing utusanipun Gusti Allah.
Dene ingkang ingaken utusan punika, katranganipun RASUL, menggah raos ingkang dumunung ing manungsa, punika peranganipun wonten 3 golongan.

1. RAOS SEJATI, dumunung satelenging manah kawastanan : Rahsaning Sukma. Inggih punika ingkang dados pangretosan tumpraping GAIB.
2. RAOS KADIM , Dumunung ing MANAH, dados raos pangraos, inggih punika ingkang saget ambedaaken LERES tuwin LEPAT.
3. RAOS NJAWI : Dumunung wonten PANCA DRIYO. Inggih punika pucuking driji saget anedhaakena barang kasar tuwin alus. TUTUK saget ngraosaken legi gurih GRONO saget angraosaken wangi tuwin bacin, NETRO saget angraosaken padhang tuwin peteng, KARNO saget angraosaken suwanten sora tuwin lirih

Pan dadi sariro tunggal
Tegesipun : sadoyo wau dumunung dados satunggal wonten ing badaning manungsa.
Wondene ingkang katembungaken : ATI ADAM UTEGKU BAGENDHO ESIS punika kateranganipun anerangaken gelaran mumukaning prabot kita.

Ati Adam utegku bagenda Esis
Kadosta : ATI ADAM Tegesipun : Ati punika asilipun saking titipanipun biyung. Saget dados ratuning badan , manawi kurang satiti saget dumawah sangsara lelampahanipun.
Dene ati punika peranganipun wonten 3 prakawis, inggih punika:
1. ATI SANUBARI . Pakartinipun kangge angrimati kawruh pancadriya utawi kangge angraos-raosaken
2. ATI SIRI. Pakartinipun anuwuhaken karep ingkang dereng kawedal krentek utai niat.
3. ATI MAKNAWI. Pakartinipun anuwuhaken raosing pangertosan dhateng GAIB (karsa ingkang wiwitan).Ingkang makaten wau dipun sanepaaken NABI ADAM inggih dados manungsa ingkang wiwitan.

Wondene UTEGKU BAGENDHO ESIS tegesipun : uteg punika asalipun saking titipanipun biyung kenging kangge mikir-mikir utawi imbang-imbang sedaya lelampahan ingkang badhe kita lampahi sageta katetepan iman eling.
Dados makaten punika dipun sanepaaken BAGENDHO ESIS inggih katetepaken iman eling, saget dados panutanipun para nabi.

Pangucapku ya Musa
Tegesipun : Pangandika asalipun saking jantung, ewodene manawi saget sampurna, inggih dumugi ing insan kamil (dumununging pagesangan ingkang leres) ingkang makaten punika dipun sanepaaken NABI MUSA, inggih tansah mundhi dhawuh pangandikaning ALLAH, lajeng saget dados panutanipun tiyang golongan bani Israel saking tanah mesir dateng tanah kenangan.
Namung saking dayaning pangandikanipun kemawon, lajeng saget dipun pitados ing tetiyang kathah.

4. Napasku nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakub pamiarso ningwang
Yusuf ing rupaku mangke
Nabi Dhawud swaraku
Jeng Soleman kasekten mami
Nabi Ibrahim nyawa
Idris ing rambutku
Bagendho Li kulit ingwang
Getih daging Abubakar Ngumar Singgih
Balung bagendho Ngusman.

Kawedharaken suraosipun makaten:
Napasku nabi Ngisa linuwih
Tegesipun : napas menika dados tetangsuling badan , asalipun saking anasir angina mahanani 4 perkawis inggih punika :
1. NAPAS 2. ANPAS 3. TAN NAPAS 4. NUPUS
Menawi kita saget anggumelengaken lampahing napas ingkang saking lebet utawi njawi, saestunipun saget anuwuhaken kanyataning karsa ingkang linagkung.
Ingkang makaten wau kaupameaken kados dene NABI NGISA inggih dados tetangsuling agami.

Nabi Yakub pamiarso ningwang
Tegesipun : Nabi Yakup punika satunggaling nabi ingkang tetep pangabektinipun dating Gusti Alla sarta tansah remen niling-nilingaken sasmita dhawuhing pangeran. Amila dipun sanepaaken pamiarsa kita, ing sasaget-saget kita ugi kepareng aniling-nilingaken dhateng piwulang ingkang sae utawi samitaning pangeran.

Yusuf ing rupaku mangke
Tegesipun : Nabi Yusup punika lelampahanipun wiwit alit nandang papa sangsara jalaran kenging panganiaya, namung sangsaranipun wau namung dados sarananing kaleresan. Inggih punika lajeng saget jumeneng adipati wonten negari Mesir.
Pramila dipun sanepaaken rupi kita, amargi rupi punika, dados warananing warna. Dene warna punika dados warananing GAIB.
Dados rupi kita kita punika sadaya dados warananing gaib ingkang linangkung utawi titipaning Allah

Nabi Dhawud swaraku
Tegesipun : Nabi Dhawud punika wiwit alit namung dados juru pangen mendha.
Katarik saking kamursidanipun tuwin swaranipun sae, lajeng saget jumeneng Nabi utawi ugi jumeneng nata. Pramila dipun sanepaaken swara kita, amargi swara kita punika inggih dados kanyataning gaib.

Jeng Soleman kasekten mami
Tegesipun : Kanjeng Nabi Soleman punika inggih jumeneng nabi inggih jumeneng nata. Kagungan kasekten ingkang linangkung inggih punika : Dipun luluti para nata ing sakiwa tengenipun, sarta para wadya balanipun sadaya sami setya tuhu sumungkem ing gusti. Namung katarik saking pangaribawanipun sarta kawicaksananipun pramila dipun sanepaaken kasekten kita. Amargi kita menika sejatosipun inggih gadhah kasekten kadosdene kanjeng Nabi Soleman wau
Inggih punika bilih kita saget gambuh kalian GAIB.

Nabi Ibrahim nyawa
Tegesipun : Nabi Ibrahim punika satunggaling nabi ingkang santosa kapitadosanipun dumateng gusti Allah . salampah-lampahipun namung mituhu dhateng dhawuh pangandikaning Allah . Pramila dipun sanepaaken nyawa kita. Amargi nyawa wahananing SUKSMA dene SUKSMA punika dados kanyataningsun, dados inggih kedah gegandengan loroning atunggal supados saget gesang ingkang kaleresan.

Idris ing rambutku
Katranganipun : namung anedahaken bilih rambut punika asalipun saking titipanipun Bapa.

Bagendho Li kulit ingwang
Katranganipun : namung anedahaken bilih kulit punika asalipun saking titipanipun Bapa.

Getih daging Abubakar Ngumar Singgih
Katranganipun : namung anedahaken bilih getih tuwin daging punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Balung bagendho Ngusman.
Katranganipun : namung anedahaken bilih balung punika asalipun saking titipanipun Bapa.

5. Sungsumingsun Patimah linuwih
Kang minangka rahayuning angga
Ayub minangka ususe
Nabi nuh ing jejantung
Nabi yunus ing otot mami
Netraku ya Mukammad
Panduluku rasul
Pinayungan Adam sarak
Sampun pepak sakathahing para nabi
Dadyo sariro tunggal

Kawedarakensuraosipun makaten :
Sungsumingsun Patimah linuwih
Katranganipun : namung anedahaken bilih sungsum punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Kang minangka rahayuning angga
Tegesipun : sungsum punika ingkang andadosaken kesegeraning badan

Ayub minangka ususe
Katranganipun : namung anedahaken bilih usus punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Nabi nuh ing jejantung
Tegesipun : Nabi Nuh punika dados plawanganing Allah nalika andhawuhaken jagad badhe dipun kelem. Pramila dipun sanepaaken jantung amargi jantung punika ugi dados plawanganing dhawuhipun sang Guru Jati utawi anedhahaken bilih asalipun saking titipanipun biyung.

Nabi yunus ing otot mami
Katranganipun : namung anedahaken bilih otot punika asalipun saking titipanipun BAPA.

Netraku ya Mukammad
Tegesipun : Namung anedhahaken bilih salebeting netro ingkang pethak punika wonten gaibipun awujud CAHYA.
Kawastanan : NUR MUKAMMAD, inggih punika ingkang minangka awasing paningal.

Panduluku rasul
Tegesipun : naming anedhahaken bilih raos punika lenggahipun wonten ing netra ingkang cemeng. Katitik saking emating raos lajeng kiyer-kiyer.
Katranganipun : Rasul punika utusan. Menggahing ngelmi ingkang ingaken utusan punika raos.

Pinayungan Adam sarak
Tegesipun : Jabang bayi punika bilih badhe lair anampeni prajanjian dening Allah.utawi kinucungan ing wewaler.
Katranganipun : Benjing tumindakipun wonten ing alam donya manawi purun angestoaken dhawuhipun Gusti Allah inggih badhe manggih wilujeng sak lami-laminipun. Nangin manawi namung miturut pambujuking sadherek sekawan gangsal pancer inggih badhe nandhang papa sangsara sak lami-laminipun.

Sampun pepak sakathahing para nabi
Dadyo sariro tunggal
Tegesipun : Sedaya ingkang dipun gelaraken ing nginggil wau, sampun jangkep praboting manungsa, ngalempak dados satunggal, awujud jenggerenging Jabang bayi.

6. Wiji-sawiji mulane dadi
Apan pencar saisine jagad
Kasamadan dening date
Kang maca kang angrungu
Kang anurut miwah nyimpeni
Dadi ayuning badan
Kinarya sesembur
Yen winacakna neng toya
Kinarya dus rara tuwa angles rabi
Wong edan nuli waras

Kawedaraken suraosipun makaten ;
Wiji-sawiji mulane dadi
Tegesipun : Manungsa punika asalipun saking wiji satunggal, inggih punika gesang ingkang jumeneng pribadi.

Apan pencar saisine jagad
Tegesipun : Lajeng saget pencar (tumangkar) dados pinten-pinten ewu angebaki jagad. Punika asalipun naming peranganing satunggal.

Kasamadan dening date
Tegesipun : Gesanging titah punika sedaya kasamadan dening dating pangeran.

Kang maca kang angrungu
Kang anurut miwah nyimpeni
Dadi ayuning badan
Tegesipun : tiyang ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan punika, sedaya sami angsal sawab wilujeng sak lampah-lampahipun.
Katranganipun : sedaya wau bakunipun kita kedah pitados ingkang saestu, bebasanipun sapatemon-tinemenan, amargi ing atasipun gusti Allah manawi sumedya mitulungi dhateng kawulanipun punika sanadyan mawi sarana wujud punapa kemawon, saestunipun inggih anggadhahi daya utawi sebab.
Nanging manawi tiyang ingkang pitados kados makaten punika, namanipun tiyang ingkang ngelminipun saweg setengah.Dene menawi tumprap tiyang ingkang sampun pana dateng gaib, kapitadosanipun punika boten kandeg namung wonten ing warono, nanging perlu macung piyambak, sageta sapatemon.

Kinarya sesembur
Yen winacakna neng toya
Kinarya dus rara tuwa angles rabi
Wong edan nuli waras
Tegesipun : serat kidungan wau, manawi kawategaken ing toya, lajeng kasemburaken idunipun, toya wau anggadhahi sawab manawi kaangge siram ing prawan ingkang sampun kasep, lajeng tumunten saget angsal jodho. Manawi kangge siram tiyang ingkang sakit ewah, nggih tumunten saras.
Katranganipun : tumprapipun tiyang ngelmi ingkang katembungaken kidung puika sanepanipun SANG GURU JATI.
Amila daya wau inggih kapendhetaken saking panguaosing sang guru jati.
Dados langkung perlu punika sageda gambuh kaliyan sang GURU JATI supados saged ngampil panguaosipun.

7. Lamun ana wong kadhendho kaki
Wong kabonda lan kabotan utang
Yogya wacanen den age
Ing wanci tengah dalu ping selawe
Wacanen ririh
Luar ingkang kabanda
Kang kadendha wurung
Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma
Kang utang puniku singgih
Kang agring dadi waras

Kawedharaken suraosipun makaten :
Lamun ana wong kadhendho kaki
Tegesipun : paring pangertosan dhateng tiyang anem, mbok menawi wonten tiyang ingkang kadhendho ing nagari.
Kateranganipun : tiyang ingkang ukum dhendha .

Wong kabonda lan kabotan utang
Tegesipun : sarta tiyang ingkang kabonda prakawis pulisi, tuwin tiyang ingkang kekathahen sambutan nanging ngrekaos panyauripun.

Yogya wacanen den age
Tegesipun : tiyang ingkang kataman wau tumuntena maos serat kidungan wau
Katranganipun : ingkang kawaos naming pujian ingkang angka 1, nanging manawi tiyang ngelmi langkung perlu Sang Guru Jati.

Ing wanci tengah dalu ping selawe
Wacanen ririh
Tegesipun : anggenipun maos wau ing wanci tengah dalu kalayan ririh-ririh kemawon, rambah kaping selawe.
Katranganipun : manawi lampahipun tiyang mangesti Sang Guru Jati menika mboten perlu mawi sarana ucap-ucapan, nanging sampun kacekap wonten ing niyate mawon.
Sarana angulataken lebet wedaling napas ingkang ngantos angler utawi kasupen.

Luar ingkang kabanda
Tegesipun : Manawi katrimah ing pamujinipun tiyang ingkang kabanda wau saget luar.
Katranganipun : saget dipun luar wau inggih saking saran reko daya , nanging reka daya punika wau sampun kaparingan berkah ing Allah. Dados inggih saget antrenyuhaken penggalihanipun nagari.

Kang kadendha wurung
Tegesipun : sata upami tiyang ingkang kadhendha inggih saget wurung.

Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma
Kang utang puniku singgih
Tegesipun : Tuwin upami tiyang ingkang kekathahen sambutan wau, inggih lajeng dipun sauri dening Allah.
Katranganipun : Gutsti Allah anggening nyauri sambutaning tiyang punika saestunipun inggih mawi warono ing tiyang sanes ingkang gadhah arta katrenyuhaken manahipun lajeng amelasi lajeng paring arta dhateng ingkang nyambut wau, lajeng kenging kangge nyauri.

Kang agring dadi waras
Katranganipun : upami tiyang ingkang ketaman sakit, inggih lajeng dados saras.
Katranganipun : sagetipun saras wau saestunipun inggih mawi sarono jampi nanging jampinipun sampun angsal berkah.

8. Sapa reke bisa anglakoni
Amutiha lawan anawa a
Patangpuluh dina wae
Lan tangi wektu subuh
Lan den sabar sukuri ing widhi
Insya Allah tinekan sakarsanireku
Tumrap sanak rayatira
Awit saking sawab pangiketing ngelmi
Duk aneng kali jaga.

Kawedharaken suraosipun makaten : milanipun sinten ingkang saget anglampahi dhateng wigatosing ngelmi, keparenga methak kawan dasa dinten, menawi kirang sedinten sedalu lajeng ngeblenga. Salebeting nglampahi wau, manawi wungu sare kaangkaho wanci jam 4.30 enjing.
Ing saben dintenipun kadamel ajeg. Punapa malih sak tindak-tanduk kita, katingalo ingkang narimo kanti sabar penggalih, naming sumarah ing sak keparengipun.
Sarana tumindak ingkang makaten punika, manawi temen-temen inggih saget tinarimah dening Allah, saget kadumugen punapa ing pangestinipun sarta kenging kagem mitulungi dhateng karibetaning sanak sederek, putra wayah tuwin sane-sanesipun. Ingkang makaten wau katarik saking sawabing ngelmi ingkang sampun dipun lampahi sarta sampun dipun anggit kanjeng Sunan nalika wonten dhusun KALIJAGA. Menggah ngelmi ingkang saget wiyar tebanipun kenging kaagem mitulungi ing karibetan warni-warni wau.
Dene golonganing ngelmi ingkang kados makaten punika, sagetipun manjing anggadhahi daya kedah anglampahi SISIRIH.

9. Lamun arsa tulus nandur pari
Puasa a sawengi sadina
Iderana galengane
Wacanen kidung iki
Kabeh ama pan samya wedi
Yen sira lunga aprang
Wateken ing sekul
Antuk a tigang pulukan
Mungsuhira sirep datan nedya wani
Rahayu ing payudan

Kawedharaken suraosipun makaten :
Lamun arsa tulus nandur pari
Tegesipun : wondene manawi badhe nenanem pantun sagetipun lestari wilujeng mboten katrajang ama.

Puasa a sawengi sadina
Tegesipun : Nglampahana siam sadinten sadalu boten dhahar punapa-punapa.

Iderana galengane
Tegesipun : ing saderengipun pantun katanem sasampunipun sadinten mboten dhahar, dalunipun lajeng ngiderana galengan sabin.
Katranganipun : raosing penggalih ingkang meleng panyuwunipun.

Wacanen kidung iki
Tegesipun : kanthi amujia, dene pamujinipun , mirsanana sekar no. 1

Kabeh ama pan samya wedi
Tegesipun : kadadosan sak kathahing ama lajeng mboten purun angrisak taneman pantun.

Yen sira lunga aprang
Tegesipun : saupami kita badhe mengsah perang.

Wateken ing sekul
Antuka tigang pulukan

Tegesipun : puji wau kawatekna ing sekul kadamela tigang pulukan lajeng kadhahar

Mungsuhira sirep datan nedya wani
Tegesipun : anggadhahi sawab mengsah kita wau lajeng rumaos giris sami sirep mboten wanton / mboten wonten ingkang sumedya anglawan

Rahayu ing payudan
Tegesipun : boten saestu peperangan ing wasana wilujeng sedaya.

10. Ana kidung rekeki aryati
Sapa weruh reke araningwang
Duk ingsun ana ing ngare
Miwah duk aneng gunung
Kisamurta lan ki Samarti
Ngalih aran ping tiga
Arta daya tengsun
Araningsun duk jejaka
Ki artati mengko araningsun
Ngalih sapa wruh araningwang

Kawedaraken suraosipun makaten :
Ana kidung rekeki aryati
Tegesipun : wonten kidung punika sejatosipun inggih ki ARTATI
Katranganipun : ingkang dipun wastani kidung punika sang sabda, inggih karsa ingkang linangkung utawi dhawuh pangandikaning Pangeran.

Sapa weruh reke araningwang
Duk ingsun ana ing ngare
Tegesipun : sinten ingkang mangertos nama kita, (kidung) nalika kita taksih jumeneng ing ngare
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ngare punika miturut wewaton ing ngelmi wonten ing BETAL MUKARAM.

Miwah duk aneng gunung
Tegesipun : tuwin nalika taksih jumeneng wonten ing redi.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken redi menika miturut wewatoning ngelmi BETAL MAKMUR.

Kisamurta lan ki Samarti
Tegesipun : inggih punika sampun awujud kempalipun ki Samarta, kaliyan ki Samarti
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ki Samarta punika ingsun. Dene ki Samarti punika TRI MURTI. Kadadosan saking sarining tirta Kamandanu, sarining Surya, tuwin sarining Candra. Kempal dados satunggal mahanani CAHYA kawastanan ROH ILAPI, inggih punika wujuding ANASIR SEJATI. Warananipun ingsun.

Ngalih aran ping tiga
Tegesipun : Saben pindah panggenan santun nama, ngantos rambah kaping tiga.
Katranganipun: inggih punika jumenenganipun wonten TRILOKA
Tegesipun : panggenan tetiga ingkan manunggal, kadosta : wonten ing BETAL MAKMUR anggadhahi praban piyambak, wonten ing BETAL MUKARAM santun paraban,tuwin wonten ing BETAL MUKADAS ugi santun paraban malih.
BETAL MAKMUR jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing kahanan jati.
BETAL MUKARAM jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati

BETAL MUKADAS jumeneng ana ing kemaluaning adam. Kang ana sajroning kemaluan iku pringsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.

Arta daya tengsun
Tegesipun : wonten ing Bental Mukaram parabanipun ARTA ingkang dipun sanepaaken arta punika pangretosaning kawicaksanan.
Daya tengsun tegesipun jumenengipun wonten ing BETAL MUKADAS dipun parabi daya ingkang dipun sanepaaken daya punika ingsun ingkang kuwasa utawi WISESA. Dene kanyatanipun anggadhahi daya kuwasa damel gesanging manungsa.

Araningsun duk jejaka
Tegesipun : paraban kita (kidung) nalika taksih jaka
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken Jaka punika , nalika wiji taksih dumunung ing bapa, dereng katetesaken ing biyung.

Ki artati mengko araningsunngalih
Tegesipun : inggih punika KI ARTATI (karsa ingkang linangkung) nanging sareng sampun katitisaken, lajeng santun asma/paraban

Sapa wruh araningwang
Tegesipun :sinten ingkang mangertos sejatosing nami kita (kidung) wau.
Katranganipun : inking dipun parapi Arta Daya, Artati, punika wujudipun namung satunggal mboten sanes : inggih namung ingsun.
Pepindhanipun kados dene sesebutan sang NATA, inggih punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing sitinggil”SANG PRABU” punika ratu ingkang saweg jumeneng ing pandhapi “SRI NARENDRA” punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing kedhaton.
Sesebutan tiga wau inggih ingkang dipun sebut inggih namung satunggal utawi anggadhahi teges ANERANGAKEN KUWAJIBANIPUN.

11. Sapa weruh kembang tepus kaki
Sasat weruh rek ke artadaya
Tunggal pancer ing uripe
Sapa wruh ing panuju
Sasat sugih pagere wesi
Rineksa wong sak jagad
Kang angidung iku
Lamun dipun apalna
Kidung iku den tutug sedasa wengi
Adoh panggawe ala.

Kawedharakensuraosipun makaten :
Sapa weruh kembang tepus kaki
Tegesipun: sinten ingkang saget mangertos dhateng tepa sariro.
Katranganipun : tumindak ingkang kanti ukuran raosing kamanungsan.

Sasat weruh rek ke artadaya
Tegesipun : prasasat saget sapatemon kaliyan sang guru jati piyambak.
Katranganipun : tumindak ingkang mawi tepo sariro punika asalipun saking daya pakartining sang guru Jati (ingsun)

Tunggal pancer ing uripe
Tegesipun: manungsa sak jagad punika panceripun namung satunggal, inggih punika ingsun kang nglimputi kahanan jati.
Katranganipun : raosing manungsa punika sageta rik-tinarik satunggal kaliyan satunggalipun dados sami.

Sapa wruh ing panuju
Tegesipun : sinten ingkang saget nuju kareping sanes.
Katranganipun : upami tiyang ungkang nami A katamuan tiyang nama B pun B wau anggenipun mara tamu namung lugu katarik saking sayahipun tuwin kalaib (kaluwen), amargi mentas saking kekesahan, ewodene mboten purun nembung punapa-punapa.ingkang gadhah griya pun A mangertas dhateng pasemoning tamunipun, lajeng gita-gita anggenipun anyugata wedang, panganan tuwin sekul.
Pun B inggih lajeng ngrahapi lajeng katingal binger, rumaos nikmat sanget anggenipun dhahar, dados pasugatan wau katrimah sanget. B lajeng pamitan wangsul.Menggah pakartinipu A anggenipun anyugata mboten sarana ditembungi, sarta mboten amengku pamrih. Punika ingkang dipun wastani nuju kareping sanes, tuwin tumindak sanes-sanesipun ingkang sairib makaten wau.

Sasat sugih pagere wesi
Ingkang makaten punika namung paribasan .
Dene katranganipun : tiyang ingkang sampun lebet luangipun, inggih punika tiyang ingkang tumindakipun kerep anyaeni dhateng ing sanes ingkang mboten amengku pamrih (tumindak kautaman) sak lampah-lampahipun mesti tansah jinangkung ing kaleresan. Dados penggalihipun tansah teteg kemawon.

Rineksa wong sak jagad
Kang angidung iku
Tegesipun : tiyang ingkang pangangen-angenipun wiji sae, sarta karsa tumindak kautaman punika uwohing pandamel sae wau, ing sakenggen-enggen tansah dipun tresnani ing sanes.

Lamun dipun apalna
Tegesipun : manawi dipun apalaken
Katranganipun : ingkang dipun apalaken punika pujian ingkang kawrat ing sekar amgka 1

Kidung iku den tutug sedasa wengi
Tegesipun ing saben dalu angapalaken pujian wau

Adoh panggawe ala.
Tegesipun : tebih saking /dhateng pandamel awon
Katranganipun : saklampah-lampahipun saget sumingkir saking pandamel awon.

12. Lawan rineksa dening hyang widi
Sasedyane tineka dening hyang
Kinedhep mring janwo akeh
Kang maca kang angrungu
Kang anurat miwah nyimpeni
Yen ora bisa maca
Simpenana iki
Temah ayu kang sariro
Yen linakon dinulur sasedyoneki
Lan rineksa dene hyang

Kawedaraken suraosipun makaten : Punapa malih sak lamapah-lampahipuntansanh jinangkung dening pangeran. Sarta saget dumugen punapa sedyanipun, tuwin linulutan ing sasami. Tumprap ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan wau.
Anggadhahi sawab, saget amilujengaken badanipun, wondene menawi mboten saget maos, inggih karimata kemawon inggih sampun anggadhahi sawab wilujeng.
Langkung-langkung bilih kersa anglampahi TARAK BROTO. Sawabipun saget sempulur anggening ngupajiwa, sarta tansah jinangkung dening pangeran.

13. Kang sinedya tinekan hyang Widi
Kang kinarsan dumadakan kena
Tursinihan pangerane
Najan tan weruh iku
Lamun nedya muja semedi
Sasaji ing sagara
Dadya ngumbareku
Dumadi sariro tunggal
Tunggal jati swara awor ing artati
Aran sekar jempina

Kawedharaken suraosipun makaten :
Kang sinedya tinekan hyang Widi
Tegesipun : puapa ingkang dipun gayuh saget kadumugen.
Katranganipun : Ingkang dipun wastani penggayuh punika betahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa.

Kang kinarsan dumadakan kena
Tegesipun : inggih sampun dilalah kersanipun ing saben dinten kerep kalegan.

Tursinihan pangerane
Tegesipun : Punapa malih ugi jinangkung ing pangeranipun.
Katranganipun : ingkang dipun wastani penggayuh punika kabetahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa .
Tumindak ingkang tansah kaleresan punika tegesipun saking berkahing pangeran.

Najan tan weruh iku
Katranganipun : tiyang punika sanajan dereng mangertos gelaring ngelmi ( asal wijining manungsa)

Lamun nedya muja semedi
Tegesipun : lamun niyat nindaaken muja semedi.
Katranganipun : seserepanipun wau namung mligi seserepan tumindak muja semedi.

Sasaji ing sagara
Ingkang mekaten punika naming pasemon, dene katranganipun, jumenengipun hyang Pramana wonten ing betal makmur. Saget amikani alam Panca Maya.

Dadya ngumbareku
Katranganipun : ingkang dipun wastani ngumbara punika lenggahing hyang pramana wonten ing Bental Mukaram.
Ing wusana lajeng jumeneng ing Betal Makmur. Kadosanipun oncat saking palenggahan.

Dumadi sariro tunggal
Katranganipun : melenging pramana kajumbuhaken kaliyan weninging karsa, gumeleng dados satunggal. Saget mahanani kabikaing raos lajeng katingalipun sang GURU JATI .

Tunggal jati swara awor ing artati
Katranganipun : Sang Guru Jati wau inggih punika sang sabda sarta inggih karsa ingkang linangkung.

Aran sekar jempina
Katranganipun : anedhahaken bilih sang guru jati punika kenging kawastanan sesekaring jampi ingkang mesti saget anyarasaken.

14. Semahira ingaran senjari
Melu urip lawan melu pejah
Tan pisah ing saparane
Pari purna satuhu
Anirmala waluya jati
Kena ing kene kana
Ing wasananipun
Ajejuluk adi suksma
Cahya ening jumeneng ing artati
Anom tan kena tuwa

Kawedharaken suraosipun makaten :
Semahira ingaran senjari
Tegesipun : ingkang minangka kancuhanipun dipun wastani rahsa.. inggih punika rahsaning suksma.

Melu urip lawan melu pejah
Tegesipun : rahsa punika inggih kangge nalika gesang utawi ugi kangge benjing nalika pejah.
Katranganipun : nalika gesang rahsa punika dados angertosan ingkang gaib-gaib.
Wondene benjing manawi pejah, rahsa punika dados katetepanipun kayektosan. Dumunung ing rasa jati.

Tan pisah ing saparane
Tegesipun : dados dhateng ing pundi kemawon rahsa wau ugi tumut boten pisah.

Pari purna satuhu
Tegesipun : gesang ingkang tanpa sangsaya.
Katranganipun : tiyang ingkang tumindakipun kanthi landhesan raosing kamanungsan, punapa ngakunipun saget wilujeng.

Anirmala waluya jati
Tegesipun : ing wusana saget suci utawi saras lair batosipun.

Kena ing kene kana
Tegesipun : kapitadosan ingkang makaten wau kenging kangge gesang donya tuwin ing akir.

Ing wasananipun
Ajejuluk adi suksma
Tegesipun : dene kedadosanipun boten sanes inggih namung jumenengipun pribadi (sejatining ingsun)

Cahya ening jumeneng ing artati
Tegesipun : ing alam ngriki ugi wonten cahyo wening kang katingal.

Anom tan kena tuwa
Tegesipun : boten anem tuwin boten saget sepuh, namung langgeng kawontenanipun.

15. Panunggale kawula lan gusti
Nila ening arane duk gesang
Duk mati nila arane
Lan suksma ngumbareku
Ing asmara mung raga yekti
During darbe paparab
Duk rarene iku
Awayah bisa dedolanan
Aran sang hyang jati Iya sang artati
Yeku sang arta daya

Kawedaraken suraosipun makaten :
Panunggale kawula lan gusti
Tegesipun : inggih mekaten menika ingkang dipun wastani ngempale kawula-gusti.

Nila ening arane duk gesang
Tegesipun : wekdal gesang wonten ing ndonya, tumprap kabikaing raos kaweningan punika mesthi saking pitulunganing cahya.

Duk mati nila arane
Tegesipun : nanging manawi wonten ing jamane pejah mboten perlu dipun pitulungi dening cahya

Lan suksma ngumbareku
Katranganipun :ingkang katembungaken suksma ngumbara punika konosipun ingsun, inggih punika wujudipun satunggal saget angebaki jagad, ing pundi dunung kita ing griku wonten.

Ing asmara mung raga yekti
Tegesipun : sejatosipun tumprap kaalusan, inggih punika ingkang mengkoni raga.
Katranganipun : ingsun punika ingkang dados guruning raga, tuwin pangeraning raga.

During darbe paparab
Duk rarene iku
Tegesipun, ingsun wau nalika wijining manungsa dereng katitisaken, ugi dereng anggadhahi paraban, amargi taksih nunggil kaliyan GUSTI ALLAH, dados ingkang wonten namung gesang pribadi

Awayah bisa dedolanan
Tegesipun : manawi sampun dumugi ing titi mangsanipun , ingsung wau katinggal dados lantaraning wiji. Bapa saweg anggadhahi karsa nitisaken wiji dhateng biyung.

Aran sang hyang jati Iya sang artati
Yeku sang arta daya
Tegesipun : saksampunipun wiji wau dumados ing guwa garbaning biyung ingsun wau kenging dipun wastani SANG YHANG JATI , sang ARTATI, arta tuwin daya, inggih punika wuninga karsa; daya.

16. Dadya wisa mangkya amartani
Lamun marta atemahan wisa
Marma arta daya rane
Duk lagya aneng gunung
Ngalih aran asmara jati
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun
Nyi Pancari lunga ngetan
Ki Artati nurut gigiring Merapi
Anulya mring sundara

Kawedharaken suraosipun makaten :
Dadya wisa mangkya amartani
Lamun marta atemahan wisa
Mara arta daya rane
Tegesipun : milanipun asma karya utawi daya , punika tumprapipun gesang ing akir dados wisa.
Katranganipun : tujuawing tiyang pejah punika menawi mangerandhateng wujudipun ingsun, naminipun kesasar (dados wisa)

mangkya amartani
tegesipu : tumprapipun gesang ing donya manawi mangeran dhateng daya punika gesangipun dados utami (dados marta). Kosok wangsulipun ingkang utami dados kesasar. Ingkang makaten punika sageto nata tumindakipun, sampun ngantos salah penampi utawi kerem.

Duk lagya aneng gunung
Ngalih aran asmara jati
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun
Tegesipun : Nalika wijining jabang bayi saweg dumados ing Betal Makmur asmanipun santun sang Hyang Jati, amargi bapa dereng anitisaken dhateng biyung.

Nyi Pancari lunga ngetan
Katranganipun : rahsanipun lajeng jumeneng wonten ing BETAL MAKADAS inggih punika campuhing kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung) wijinipun lajeng dumunung ing maningkem.

Ki Artati nurut gigiring Merapi
Ingkang dipun sanepaaken gigiring merapi punika ula-ula.
Katranganipun : redi Merapi punika redi latu miturut hakekating ngelmi latu punika erah.Dene lampahing erah ingkang punika medal ing ula-ula.
Pramila saksampunipun wiji tumitis ing biyung wonten saklebeting mani , madi, maningkem, rahsa ingsun lajeng lumampah minggah nurut ula-ula.

Anulya mring sundara
Ingkang dipun sanepaaken sundara punika guwa garbaning biyung (wadah bebayi) dunungipun wonten ing tengah-tengah antawisipun Betal Mukadas kaliyan Betal Makmur. Mila wiji wau lajeng wadhag bayi.

17. Ana pandhita akarya wangsit
Mindha kumbang ngajab ing tawang
Susuh angina ngendi nggone
Lawan galihing kangkung
Wekasane langit jaladri
Isine wuluh wung wang
Lan gigire panglu
Tapaking kuntul anglayang
Manuk miber uluke ngungkuli langit
Kusuma jrah ing tawang.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana pandhita akarya wangsit
Mindha kumbang ngajab ing tawang
Ingkang makaten punika SU ALAN tegesipun cipta utawi budi.

Susuh angina ngendi nggone
Pitakenan punika katranganipun jantung


Lawan galihing kangkung
Katranganipun Suksma

Wekasane langit jaladri
Katranganipun : soroting cahya sumrambah ing njawi tuwin ing lebeting sipat kita, dene wekasane jaladri katranganipun segara jinem (panca maya)

Isine wuluh wung wang
Katranganipun Angen-angen

Lan gigire panglu
Katranganipun : dat ing pundi-pundi wonten

Tapaking kuntul anglayang
Katranganipun angen-angen

Manuk miber uluke ngungkuli langit
Katranganipun angen-angen

Kusuma jrah ing tawang.
Katranganipun angen-angen

18. Ngambil banyu apikulan warih
Kodhok ngemuli lenge
Miwah kang banyu den kum
Myang dahana murub kabesmi
Bumi pinetak ingkang
Wawono katiyub
Tanggal pisan kapurnaman
Yen anenun sentek pisan anigasi
Kuda ngrap ing pandengan

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ngambil banyu apikulan warih
Katranganipun : raos inggih punika tiyang ingkang marsudi dhateng kaleresan kedah sampun pawitan sageta wening penggalihe.

Kodhok ngemuli lenge
Katranganipun nyawa; inggih punika gesange raga saestunipun saking nyawa

Miwah kang banyu den kum
Katranganipun : katentreman inggih punika tiyang ingkang anggayuh dhateng katentreman kedah angempali guru-guru ingkang sampun sampurna ngelminipun.

Myang dahana murub kabesmi
Katranganipun : kanepson inggih punika tiyang ingkang saget duka lajeng dipun aduli supados saya sanget.

Bumi pinetak ingkang
Katranganipun : jisim kapendhem ing siti inggih punika dumadose anasir bumi mahanani raga

Wawono katiyub
Katranganipun : lebet wedaling napas punika katarik dening swasana

Tanggal pisan kapurnaman
Katranganipun : roh ilapi inggih punika kaweninganing manah punika manawi angsal pitulunganing roh ilapi. Lajeng sami sanalika, saget gadhah pangertosan ingkang linangkung.

Yen anenun sentek pisan anigasi
Katranganipun : wenganing raos inggih punika suraosing raos ingkang wening punika saget ameca ingkang mesthi cocog tumrap badhe kedadosanipun.

Kuda ngrap ing pandengan
Katranganipun : angen-angen

19. Ana kayu apurwa sawiji
Wit buwana epang keblat papat
Agodhong mego rumembe
Aprada paku kuwung
Kembang lintang salaga langit
Semi andaru kilat
Woh surya lan tengsu
Asirat bun lawan udan
Apapucak angkasa bungkah pratiwi
Oyote bayu bajra

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana kayu apurwa sawiji
Katranganipun : kayu sajaratul yakin

Wit buwana epang keblat papat
Katranganipun : jumenegipun suksma kaliyan raga, kanthi prabotipun sekawan inggih punika : kandha, warna, ambu, rasa

Agodhong mego rumembe
Katranganipun : dumununging napsu wonten ing badan sakojur

Aprada paku kuwung
Katranganipun : hyang Pramono

Kembang lintang salaga langit
Katranganipun : cahya ingkang alit-alit

Semi andaru kilat
Katranganipun : panunggilanipun cahya

Woh surya lan tengsu
Katranganipun : cahya ingkang ageng
(roh ilapi tuwin lintang johar)

Asirat bun lawan udan
Katranganipun : toya gesang, saget anggesangi raosing panca driya

Apapucak angkasa bungkah pratiwi
Katranganipun : kempaling jiwa tuwin raga saestunipun daya dinaya.

Oyote bayu bajra
Katranganipun : napas punika dados tetangsuling raga.

20. Wiwitane duk anemu candi
Gegedhongan miwah mawarangkan
Sih ing hyang kabesmi kabeh
Tan ana jalma kang wruh
Yen weruh apurwane dadi
Candi sagara wetan
Ing ngobar karuhun
Kayangane sang tunggal
Sapareke kang jumeneng mung artati
Katon tengahing tawang

Kawedharaken suraosipun makaten :
Wiwitane duk anemu candi
Ingkang dipun sanepaaken candhi punika sipat.
Katranganipun : anedhahaken purwaning dumadosipun manungsa punika wiwitanipun saweg awujud cahya wening kawastanan NUKAD GAIB;
Tegesipun : wiji ingkang taksih samar

Gegedhongan miwah mawarangkan
Tegesipun : kadadosaning sipat punika asalipun saking golong-golongan, inggih punika : sipating kaalusan saking anasir sejati, dene sipating kuwadhagan saking anasir.

Sih ing hyang kabesmi kabeh
Katranganipun : sedaya anasir wau sareng kataman soroting cahya nukad gaib, lajeng sami katarik urun daya mahanani sipat

Tan ana jalma kang wruh
Tegesipun : kedadosan ingkang makaten wau mboten wonten manungsa ingkang sumerep

Yen weruh apurwane dadi
Katranganipun : namung wonten seserepan dhateng purwaning dumados, punika dudununganipun namung pangertosan

Candi sagara wetan
Ingkang dipun upameaken makaten wau katranganipun surya

Ing ngobar karuhun
Kayangane sang tunggal
Katranganipun : wiwitanipun wonten sipat inggih punika : anasir sejati wau kataman soroting cahyo nukad gaib, lajeng mahanani sipating kaalusan awujud cahya, kawastanan roh ilapi.


Sapareke kang jumeneng mung artati
Tegesipun :sinten ingkang jumeneng ing cahya wau, sejatosipun mboten sanes inggih namung ingsun

Katon tengahing tawang:
Tegesipun : saget katingal sarana netra kaalusan dumunung satengahing tawang.

21. Gunung agung segara serandil
Langit ingkang amengku buwana
Kawruhana ing ngartine
Gunung segara umung
Guntur sirna amangku bumi
Duk kang langit buwana
Dadya weruh iki
Mudya madyaning ngawiyat
Mangasrama ing gunung agung sabumi
Sandhi-candhi sagara

Kawedaraken suraosipun makaten :
Gunung agung segara serandil
Ingkang makaten punika namung bebasan.
Katranganipun : andahaken pamarsudi dhateng kawruh ingkang linangkung ingkang mboten kenging dipun saranani ngakal tuwin nalar, nanging kedah kagandengan kaliyan wahyu. Punika pancen ngrekaos sarta langkung ngrungil.

Langit ingkang amengku buwana
Katranganipun : dununging kawruh kawicaksanan punika saget amengkoni sawarnaning kaperluan.

Kawruhana ing ngartine
Tegesipun : sadaya wau mangertos saking tegesipun.

Gunung segara umung
Katranganipun : ubaling pancadriya ingkang tansah angambra-ambra.

Guntur sirna amangku bumi
Katranganipun : nyirep ubaling pancadriya sampun ngantos tuwuh gagasan sakedhik kemawon.

Duk kang langit buwana
Katranganipun : sadaya wau kakukut dados satunggal, jagad agung ginulung ing jagad alit.

Dadya weruh iki
Mudya madyaning ngawiyat
Tegesipun : manawi mangertos dhateng ing nginggil wau nggih ugi ngertos dhateng lampahing mangesthi (muja semedi) wonten ing satelenging cipta. Lajeng saget anuwuhaken kanusing kaalusanipun.

Mangasrama ing gunung agung sabumi
Katranganipun : Anedhahaken lenggahipun muja semedi punika kedah anjumenengaken wonten ing BENTAL MAKMUR.

Sandhi-candhi sagara
Katranganipun : lajeng saget amikani kawontenaning alam : pancabaya ingkang isi wewujudanipun prabot kita ingkang dados bebegalan.

22. Gunung luhure kagiri-giri
Segara agung datan pasama
Pan sampun kawruhan reke
Arta daya puneku
Datan kena cinakreng budi
Nanging kang sampun prapta
Ing kuasanipun
Angadeg tengahing jagad wetan kulon lor kidul
Mandhap myang nginggil
Kapurba wasesa.

Kawedharaken katranganipun :
Gunung luhure kagiri-giri
Segara agung datan pasama
Pan sampun kawruhan reke
Katranganipun : Sarehning sapunika sampun mangertosi tegesipun babasan : redi ingkang inggilipun anggegirisi, sarta seganten ingkang wiyar tanpa watesan.

Arta daya puneku
Datan kena cinakreng budi
Tegesipun : ingkang makaten wau anedhahaken panguaosipun sang arta daya (guru jati) boten kenging pinurba ing manungsa.
Katranganipun : Dumadosing lelampahaning manungsa punika sadaya, kapurba dening sang guru jati. Dados paguaosipun sang guru jati wau mboten wonten ingkang nandingi agengipun .

Nanging kang sampun prapta
Tegesipun : nanging manawi tumprap tiyang ingkang sampun aged dumugi ing ngayunanipun guru jati wau, (sapatemon)

Ing kuasanipun
Tegesipun : anggadhahi daya pangertosan ingkang linangkung.

Angadeg tengahing jagad
Katranganipun : tekatipun mboten ela-elu, sarta mboten gugon tuhon : nanging sampun gadhah katetepaning kawruh ingkang tumuju ing kaleresan.

Wetan kulon lor kidul
Mandhap myang nginggil
Kapurba wasesa.
Katranganipun : dados tumindaking tiyang wau, anggening badhe lumampah ngetan, ngaler, ngilen, ngidul , mandhap tuwin manginggil, naming nuruti sakkarsanipun piyambak. Nanging karsanipun wau sampun dados paugeran ingkang leres, inggih punika wewaton dhawuhing sang guru jati.

23. Bumi gunung segara myang kali
Sagung ingkang sesining bawana
Kasor ing arta dayane
Sagara sat kang gunung
Guntur sirna guwa samya ning
Singa wruh arta daya
Dadya teguh timbul
Lan dadi paliyas ing prang
Yen lelungan kang kapapag widi asih
Sato galak suminggah.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Bumi gunung segara myang kali
Sagung ingkang sesining bawana
Tegesipun : menggah daya pigunanipun ; bumi, redi, seganten, lepen tuwin sedaya isen-isening bawana.

Kasor ing arta dayane
Tegesipun :Sedaya wau pangupaosipun kawon kalian SANG GURU JATI.
Katranganipun : sedaya para titah wau wontenipun saget anggadhahi daya katarik saking kaprabawan daya pangupaosing pun Sang Guru Jati.

Sagara sat kang gunung
Ingkang makaten punika bebasan
Katranganipun : Sirnaning panca maya

Guntur sirna guwa samya ning
Katranganipun : kedah gegandhengan saget anyirep sekathahing suwanten sarana nutupi babahan hawa sanga punika sedaya ugi saking daya panguasosipun Sang Guru Jati.

Singa wruh arta daya
Tegesipun : pramila sinten ingkang saged sapatemon sang Guru Jati

Dadya teguh timbul
Tegesipun : saget wiyono tanpa japa mantra

Lan dadi paliyas ing prang
Tegesipun : tuwin ugi saget dados sarono panulaking supados mboten wonten paprangan .

Yen lelungan kang kapapag widi asih
Tegesipun : manawi ngleresi kekesahan sinten ingkang kepethuk sami rumaos ering utawi welas.

Sato galak suminggah.
Tegesipun : upami ingkang kepethuk wau sato galak inggih lajeng sumingkir tiyambak. Jim peri perayangan padha wedi

24. Mendhak asih sakehing drubiksa
Rumeksa siyang dalune
Singa anempuh lumpuh
Tan tumama ing awak mami
Kang nedya tan raharja
Kabeh pan lebur
Sakehing nedya ala
Larut sirna kang nedya becik basuki
Kang sinedya waluya.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Upami kepethuk jim peri perayangan inggih rumaos ajrih piyambak punapa malih sakathahing dubriksa, sami mendhak piyambak utawi rumaos welas, dados malah reumeksa sak rinten dalunipun, temahipun lumpuh piyambak, mboten saget tumama ing badan kita. Ingkang ngarah amrih pejah kita sadaya sampun dipun lebur dening pangeran. Sak kathahing tiyang ingkang semedya mandamel awon,sedaya ugi kasirnaaken.Namung ingkang sumedya sae saget lestari, amargi ketarik saking adheping penggalih namung dhateng kawilujengan.

25. Siang dalu rumeksa ing widhi
Dinulur saking karseng hyang sukam
Kaidhep ing janma akeh
Aran wikuning wiku
Wikan liring muja semedi
Dadi sasedyanira
Mangunah linuhung
Peparap hyang Tega Lana
Kang kasempen yen tuwajuh
Jroning ngati
Kalis ing panca baya

Kawedaraken suraosipun makaten :
Siang dalu rumeksa ing widhi
Tegesipun : salampah-lampahipun siyang tuwin dalu tansanh jinangkung dening pangeran.
Katranganipun : Tansah dhumawah ing kaleresan

Dinulur saking karseng hyang sukam
Tegesipun : pagesanganipun saget sempulur saking berkahing pangeran.

Kaidhep ing janma akeh
Tegesipun : linulutan ing janmo akeh (sesame)

Aran wikuning wiku
Tegesipun : Ingkang kadunungan daya kados makaten punika kinging kawastanan guruning para guru.

Wikan liring muja semedi
Tegesipun : Amargi saget mangertos tuwin saget nindakaken trapipun muja semedi
Katranganipun : Sampun saget gambuh tuwin wicksana saestu.

Dadi sasedyanira
Tegesipun : punapa ingkang sakersanipun saget kadadosan
Katranganipun : Karsanipun tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi punika mboten badhe nguja hawa kamurka- murkanipun. Nanging sampun saget anglenggahaken ingkang dados pramesthiyanipun.

Mangunah linuhung
Tegesipun : tuwin saget andhatengaken mangunah ingkang utami inggih punika anggening tetulung dhateng sesami mboten amengku pamrih ing wusana ingkang dipun tulungi sarehning sampun legan penggalihipun lajeng nyaosi bebingah saking kersaning piyambak.

Peparap hyang Tega Lana
Tegesipun : Tiyang wau kenging sinebat hyang Tega Lana.
Katranganipun : sepisan, tiyang wau dedasaring penggalih tegan utawi iklas dhateng kadonyanipun.
Kaping kalih , penggalihipun jujur tuwin tulus , mila ngantos paraban hyang Tega Lana.

Kang kasempen yen tuwajuh
Jroning ngati
Tegesipun : Tiyang ingkang Aggadhahi ngelmi ingkang makaten wau manawi tekadipun saget tumemen ingsalaminipun.

Kalis ing panca baya
Tegesipun : Saget pinaringan linepataken ing pakewet.

26. Yen kinarya atunggu wong sakit
Ejim setan datan wani ngambah
Rineksa malaekate
Nabi wali angepung
Sakeh lara padha sumingkir
Ingkang sedya mitenah
Marang awakingsun
Rinusak dening pangeran
Eblis la’nak sato mara mara mati
Tumpes tapis sadaya.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Yen kinarya atunggu wong sakit
Tegesipun : menawi kangge anenggani tiyang sakit.
Katranganipun : tiyang ingkang gadhah ngelmi wau salebetipun anenggani tiyang sakit kanthi amatrapaken semedi

Ejim setan datan wani ngambah
Tegesipun : Anggadhahi daya ejim setan lajeng boten purun ngambah ing griku.

Rineksa malaekate
Tegesipun : Amargi dipun reksa dening malaekatipun

Nabi wali angepung
Tegesipun : Nabi Wali punika minangka sanepaning prabot kita piyambak, dados sedaya prabot kita sami sayuk rumaket rumeksa.

Sakeh lara padha sumingkir
Tegesipun : Sesakitipun wau lajeng sami sumingkir sadaya.
Katranganipun : Katarik tiyang ingkang saget gambuh dhateng Gaib wau, ing wusana saget gampil angsal jampinipun.

Ingkang sedya mitenah
Marang awakingsun
Tegesipun : Ingkang sumedya mitenah dhateng badanipun ingkang sakit wau .

Rinusak dening pangeran
Tegesipun : Lajeng dipun lebur dening pangeran

Eblis la’nak sato mara mara mati
Tumpes tapis sadaya.
Ingkang makaten punika namung paribasan.
Katranganipun : saking agenging dayanipun Gaib saget keneringan sagunging titah wusana saget teguh tuwin rahayu.

27. Ana kidung angidung ing wengi
Bebaratan duk ampreh winaca
Sang hyang Guru pangadeke
Lumaku sang Hyang Ayu
Alembehan asmara ening
Ngadek pangawak teja
Kang angidung iku
Yen kinarya angawula
Myang lelungan gusti gething dadi asih
Sato setan sumimpang


Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana kidung angidung ing wengi
Tegesipun : Wonten puji ingkang katindaken ing wanci dalu

Bebaratan duk ampreh winaca
Tegesipun : Tumindak salat daim
Katranganipun : Netra merem liyep-liyep adheping penggalih mungel : HU-ALLAH
Kanthi katurutaken lampahing napas ingkang malebet, tuwin medal saking grono ingkang ajeg.

Sang hyang Guru pangadeke
Lumaku sang Hyang Ayu
Katranganipun : Gagasaning angen-angen sampun ngantos ngambyang-ambyang
Alembehan asmara ening
Katranganipun : Melenging cipta sarana eneng ening

Ngadek pangawak teja
Tegesipun : Patraping sariro jumeneng jejeg kados dene teja

Kang angidung iku
Tegesipun : ingkang nglampahi muji wau

Yen kinarya angawula
Tegesipun : Sasampunipun tumindak makaten wau ing saben dalu manawi kangge ngabdi

Myang lelungan gusti gething dadi asih
Sato setan sumimpang
Tegesipun : menawi kesah utawi ngabdi bendoro gething dados asih utawi manawi kapethuk sato tuwin setan sedaya wau sami sumingkir tiyambak

28. Sakathahing upas tawa sami
Lara raga waluya nirmala
Tulak tanggul kang manggawe
Duduk samya kawangsul
Akawuryan sagunging sikir
Ngadam makmum sadaya
Datan paja ngrungu
Pangucap lawan pangrasa
Myang tumingal kang sedya
Tumekeng napi
Pangreksaning malekat

Kawedharaken suraosipun makaten :
Sakathahing upas tawa sami
Tegesipun sadaya upas upasan ingkang angengenani ing sariro sami tawar

Lara raga waluya nirmala
Tegesipun sesakiting sariro tumunten saras kados ing wingi uni malih.

Tulak tanggul kang manggawe
Tegesipun : amargi sampun dipun tulak utawi sampun mawi pager mila sesakitipun lajeng wangsul dhateng asalipun ingkang mendamel.
Katranganipun : Tiyang ingkang gadhah ngelmi punika kenging kawastanan sariranipun sampun dipun pageri. Mila sinten ingkang sumedya ngawoni lajeng wangsul wonten ing margi.

Duduk samya kawangsul
Tegesipun : upami dipun tuju duduk dening sanes ugi mboten saget dumugi nanging malah wangsul dateng ingkang ndamel.

Akawuryan sagunging sikir
Tegesipun : upami wonten tiyang ingkang nanduaken ngelmunipun sikir (sulap) lajeng mboten saget dados (cabar) amargi kawon daya.

Ngadam makmum sadaya
Datan paja ngrungu
Pangucap lawan pangrasa
Myang tumingal kang sedya
Tumekeng napi
Tegesipun : sedaya tiyang ingkang ngangge ngelmi ngadam makdum, kadosta donga, puji, raos pangraos, tuwin ingkang ngempalaken ciptanipun, sedaya wau lajeng mboten paja-paja mangertos (ciptanipun mboten dados)

Pangreksaning malekat
Tegesipun : daya ingkng ageng wau inggih punika wujuding pangreksanipun malaekat (pagering badan)

29. Jabarail ingkang animbangi
Milanira katetepan iman
Pan dadya kendel atine
Ngijrail punika
Kang rumeksa ing ati suci
Israfil dadi damar
Madhangi jro kalbu
Mikail kanga sung sandang
Lawan pangan tinekan ingkang kinapti
Sabar lawan narimo

Kawedharaken suraosipun makaten :
Jabarail ingkang animbangi
Tegesipun : kejawi kaparingan daya saking panguaosanipun sang guru Jati malaikat Jabarail ugi animbangi paring daya.

Milanira katetepan iman
Tegesipun : milanira tiyang wau saget kadunungan iman
Katranganipun : Penggalihipun tansah enget dhateng kaweningan.


Pan dadya kendel atine
Tegsipun : ing wusana tekadipun lajeng dados santosa

Ngijrail punika
Kang rumeksa ing ati suci
Tegesipun : Sucining penggalihipun wau katarik dipun reksa dening ngijroil.

Israfil dadi damar
Madhangi jro kalbu
Tegesipun :Isrofil ingkang dados damaripun amadhangi salebeting penggalih.

Mikail kanga sung sandang
Lawan pangan tinekan ingkang kinapti
Tegesipun : tuwin mikail ingkang paring sandhang tedha sarta saget andhatengaken punapa ing karsanipun

Sabar lawan narimo
Tegesipun : Nanging dedadosing penggalih kedah narimahan sarta sabar.

30.Yahu datyeng pamujining wengi
Bale alas sesakaning mulya
Kiran saka tengen nggone
Wana kerun kang tunggu
Saka kiwa gadane wesi
Nulak panggawe ala
Satru lawan mungsuh
Pangeretenga julriyal
Ander-ander kulhu balik linuwih
Ambalik lara raga

Kawedharaken suraosipun makaten :
Yahu datyeng pamujining wengi
Tegesipun : Ya, punika Muhammad, HU,: punika urip,Datyeng Punika Allah
Dados sarananipun manawi dalu kanti amuji : YA, HU, ALLAH.
Katranganipun : salat daim. Nanging manawi tumprap ing Kalijagan, mawi dipun tambahi Ya.

Bale alas sesakaning mulya
Tegesipun : Anggening muji shalat Daim wau, kanthi angawasaken pucuking grana, sarta anggumelengaken lebet wedaling napas, inggih punika tujuan ingkang mulya.

Kiran saka tengen nggone
Tegesipun : Malaekat Kirun, manggen ing bolongan grana ingkang sisih tengen.

Wana kerun kang tunggu
Saka kiwa gadane wesi
Tegesipun : dene Wana Kirun ingkang rumeksa ing bolongan grana sisih kiwa.
Kanthi amundhi gada tosan katranganipu : godo tosan punika ing sejatosipun namung awujud daya.

Nulak panggawe ala
Tegesipun : Panguaosing wana kirun wau, anulak pandamel ingkang sumedya ngawoni.

Satru lawan mungsuh
Tegesipun : punapa malih satru tuwin mungsuh

Pangeretenga julriyal
Ingkang makaten menika sanepo.
Katranganipun : Lampahing Sholat Daim wau, mawi gandhengan lampahing nupus, inggih punika angin ingkang anjok ing netra.

Ander-ander kulhu balik linuwih
Katranganipun : Ingkang dipun sanepaaken ander-ander punika Githok. Dados malebeting angin ing grana manawi sampun dumugi ing tenggok lajeng kaputera manginggil anjogipun dhateng ing netra wau.
Makaten wau wongsal-wangsul, inggih punika puji ingkang linangkung.

Ambalik lara raga
Tegesipun : saget amangsulaken sesakiting badan.

31. Dudur molo teng ayatul kursi
Lungguh ing surat ngam-ngam
Pangleburan lara kabeh
Usuk-usuk ing luhur
Ingkang aran wesi ngalarik
Nenggih nabi Muhammad
Kang wekasan iku
Atunggu ratri lan siang
Kenedhepan ingtumuwuh padha asih
Tundhuk mendhak marang wang

Kawedharaken suraosipun makten
Dudur molo teng ayatul kursi
Ingkang makaten punika sanepan
Katranganipun : Anedhahaken palenggahan ing ngaras kursi utawi Bental Makmur. Dados perlu kajumenengaken ing griki.

Lungguh ing surat ngam-ngam
Katranganipun : Ingkang anggadhahi panguaos ageng wau lenggahipun wonten salebeting jantung.

Pangleburan lara kabeh
Tegesipun : dayanipun saget dados panulaking sadaya sakit.

Usuk-usuk ing luhur
Katranganipun : Rencana ingkang dumunung ing nginggil ingging menika ubaling panca driya.

Ingkang aran wesi ngalarik
Katranganipun : menika dipun wastani sak golongan dumunung ing angen-angen.

Nenggih nabi Muhammad
Katranganipun : miturut hakekating ngelmi : CAHYA

Kang wekasan iku
Tegesipun : Cahya wau ingkang saget amungkasi sakathahing rencana

Atunggu ratri lan siang
Tegesipun : kauwajibanipun reumeksa ing siang dalu.

Kenedhepan ingtumuwuh padha asih
Tegesipun : Anggadhahi daya dipun luluti sagunging tumuwuh padha welas asih

Tundhuk mendhak marang wang
Tegesipun : sami ruamaos ering utawi ajrih dhateng kita.

32. Satru mungsuh mundur padha wedi
Sami dhanganeng betal mukadas
Tulak balik pangreksane
Pan nabi patang puluh
Paring wahyu mring awak mami
Apan nabi wekasan
Sabda nabi Dawud
Apetak Bagendha ambyah
Kenaweden belis laknat lawan ejim
Tan ana wani perak.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Satru mungsuh mundur padha wedi
Tegesipun : inggih punika satru tuwin mengsah sami mundur rumaos ajrih

Sami dhanganeng betal mukadas
Tegesipun : Punapa malih manawi kita anjumenengaken wonten ing bental mikadas.

Tulak balik pangreksane
Tegesipun : Ugi rumeksa anulak dhateng satru tuwin mengsah wau sami wangsul piyambak

Pan nabi patang puluh
Katranganipun : Ingkang katembungaken nabi punika sanepanipun prabot kita piyambak inggih punika anasir 4 prakawis

Paring wahyu mring awak mami
Katranganipun : sami urun daya mahanani wujuding sariro saprabotipun.

Apan nabi wekasan
Tegesipun : Nambi Muhammad
Katranganipun : Cahyo ingkang rumuhun piyambak punika dados kekandhanganing wijinipun manungsa.

Sabda nabi Dawud
Tegesipun : Sabda ingkang luhur punika dipun sanepaaken Nabi Dawud
Katranganipun : Sabda KUN

Apetak Bagendha ambyah
Katranganipun : Anedhahaken agenging panguaosipun sang sabda kun saget angrampungi ing dame inggih punika saget amardeng titah namung sarana sabda kemawon

Kinaweden belis laknat lawan ejim
Katranganipun : Pakaryanipun sang sabda wau mesti dadosipun

Tan ana wani perak.
Tegesipun : Sedaya wau mboten wonten ingkang wani celak.
Katranganipun : Kawon daya prabowo.

33. Pepayone godhong dhukut langit
Tali barat kumendhung ing tawang
Tinundha tan katon mangke
Arajek gunung sewu
Jala sutra ing luhur mami
Kabeh padha rumeksa
Angadhangi mungsuh
Anulak panggawe ala
Lara roga sumingkir kalangkung tebih
Luput kang wisa guna.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Pepayone godhong dhukut langit
Tegesipun : Ingkang makaten punika ibarate ngelmi anedhahaken dumadosing anasir sejati.
Inggih punika : SURYA, CANDRA, TUWIN, KARTIKA.

Tali barat kumendhung ing tawang
Katranganipun : Swasana

Tinundha tan katon mangke
Tegesipun : Anasir wau namung kapendhet sarinipun kemawon, dados boten katingal wujudipun lugunipun, nangin sampun santun warni wujud cahya.

Arajek gunung sewu
Tegesipun : Anedhahaken santosaning kedadosan (santosaning piyandel)

Jala sutra ing luhur mami Kabeh padha rumeksa
Tegesipun : Sadaya wau sami rumeksa ing kawilujengan

Angadhangi mungsuh
Tegesipun : ingkang nulak manawi wonten mengsah andhatengi.

Anulak panggawe ala
Tegesipun : utawi anulak ingkang sumedya mendamel awon

Lara roga sumingkir kalangkung tebih
Tegesipun : tumpraping sesakit ingkang tumuju dhateng sariro sami sumingkir tebih

luput kang wisa guna
Tegesipun : Sanajan dipun gunani ing japa mantra tuwin kenging wisa, inggih mboten saget tumama.

34. Gunung sewu dadya pager mami
Katon murub kang samya tumingal
Sakeh lara sirna kabeh
Luputing tuju teluh
Taragyana tenung jalengki
Bubar ambyar suminggah
Sri sadana lulut
Punika sih rahmatullah
Rahmat jati jumeneng wali jasmani
Iya sang jati mulya.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Santosaning piyandel kala wau kaupamaaken kados dene gadhah pager gunung sewu. Sinten ingkang mirsani dhateng kita katingal murub. Sakathahing sesakit sirna sadaya, sarta linepataken saking ing tuju, teluh, taragyana, tenung, jalengki (bangsaning brekasakan)
Sami minger andhelik ing panggenanipun piyambak-piyambak.
Namung Sri Sadana (lampahing sandhang tedha) ingkang sih lulut menggah ingkang mekaten punika tegesipun : namung sih rahmatullah inggih rahmat jati.
Punika ingkang sejatosipun ingkang jumeneng Pangeraning Raga inggih peparab SANG JATI MULYA.

35. Ingaranan Rara Subaningsih
Katumingal samya sih sedaya
Kedhep sapari polahe
Ken lara sirna larut
Tan tumama ing awak mami
Kang sangar dadi tawar
Kang gething sih lulut
Saking dhawuh sipat rahman
Iya rahmad rahayu rineksa neki
Sarana kangge methak

Kawedharaken suraosipun makaten :
Inggih punika dipun wastani Rara Subangsih (samading Pangeran) sinten ingkang mirsani sami asih sadaya.Satindak-tandukipun dipun remeni ingakathah.
Kathah sakit sami sirna larut, boten saget tumama ing badan kita.
Siti ingkang sangar dados tawar, sinten ingkang gething dados tresna.
Sedaya wau katarik saking daya sabda pangandikaning ingkang sipat Rahman (langgeng).
Inggih sipat Rohmad ingkang rumeksa dhateng karahayon.
Sinten ingkang kepengin kadunungan daya ingkang makaten wau, sarananipun anglampahi methak.

36. Yen lumampah kang mulat awing wring
Singa barong kang padha rumeksa
Gajah meta neng wurine
Macan gembong ing ngayun
Naga raja ing kanan kering
Singa mulat jrih tresna
Jim setan lawan manusa
Padha kedhep teluh lawan hantu bumi
Ajrih lumayu ngindhar.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Manawi angleresi lumampah ingkang mirsa rumaos giris
Bebasanipun singa barong sami rumeksa, gajah ingkang saweg ngamuk ingkang rumeksa ing wingking, sima gembong ing ngajeng
Rajane sawer ingkang wonten ing kiwa tengen.
Dados sinten ingkang mirsa dhateng kita rumaos ajrih kaliyan tresna.
Jim setan, sesamining tiyang sedaya sami kedhep,paneluhan tuwin hantu bumi sami lumajeng sipat kuping.

37. Yen sumimpen tawa barang kalir
Upas bruwang racun banjur sirna
Temak kalis sabarang reh
Jemparing towok putung
Pan angleyang tumibeng siti
Miwah saliring braja
Tan tumama mring sun
Cendhak cupet dawa tuna
Miwah sambaing setan tenung padha bali
Kedhep wedi maring wang

Kawedaraken suraosipun makaten :
Tumprap ingkang anggadhahi ngelmi wau, sanadyan mboten kaesthi, ugi sampun anggadhahi daya tawa sakaliring upas, racun trawang sedaya sami sirna wisanipun. Ing wusana saget kalis dhateng samukawis sipat damel.
Upami dipun jemparing, dipun towok, sami putung lajeng sami angleyang dhawah ing siti. Tuwin sakkathahing dedamel boten tumama dhateng badhan kita .
Ingkang dedamelipun celak cupet, ingkang panjang mboten dumugi, tuwin tumprap setan, tenung sami wangsul piyambak.
Sami rumaos ajrih asih dhateng kita.

38. Ana peksi mangku bumi langit
Manuk iku indah warnanira
Sagoro erob wastane
Uripe manuk iku
Amimbuhi ing jagad iki
Warnanipun sekawan
Sikile wawolu
Kulite iku sarengat
Getihipun tarekat ingkang sejati
Ototipun hakekat

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana peksi mangku bumi langit
Ingkang ngaten menika sualaning ngelmi,
Katranganipun : Ingsun : inggih punika panguaosipun amurba bumi tuwin langit.

Manuk iku indah warnanira
Katranganipun : Wujuding cahya nukat Gaib (wiji ingkang samar)

Sagoro erob wastane
Katranganipun : Dumunung ing jagad sunya ruri

Uripe manuk iku, Amimbuhi ing jagad iki
Katranganipun : Ingsun wau gesangipun saged murakabi ing jagad sak isinipun sadaya

Warnanipun sekawan
Katranganipun Anasir 4 prakawis ingkang minangka embanan.

Sikile wawolu
Katranganipun : Roh ilapi punika, Anggadhahi sorot 8 prekawis ingih punika:
Cahya :1. cemeng,2. abrit, 3. Jene, 4. pethak, 5. ijem. 6. ijem nem, 7. jambon, 8. wungu.

Kulite iku sarengat
Katranganipun : Anedhahaken praboting ngelmi kedah mawi sarengat (tumindak raga)

Getihipun tarekat ingkang sejati
Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh manah)

Ototipun hakekat
Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh jiwa)

39. Dagingipun makripat sejati
Cucukipun sejatining sadad
Eledan tokid wastane
Ana dene kang manuk
Pupusuhe supiyah nenggih
Amperune amarah
Mutmainah jantung
Luamah wadhuke ika
Manuk iku anyawa papat winilis
Nenggih manuk punika

Kawedharaken suraosipun makaten :
Dagingipun makripat sejati
Katranganipun : Praboting ngelmi kedah mawi makripat (lampahing raos)

Cucukipun sejatining sadad
Katranganipun : Kapitadosanipun panggalih angesthi kempaling kawula-gusti

Eledan tokid wastane
Katranganipun : Dedasaring tekatipun mawi tokid

Ana dene kang manuk
Pupusuhe supiyah nenggih
Katranganipun : Wondene praboting manungsa ; hawa nepsu.
1. panggenanipun ing limpa.
Amperune amarah
Katranganipun :
2. Amarah : pamanggenipun ing rempelo

Mutmainah jantung
Katranganipun :
3. Mutmainah : pamanggenipun ing ginjel

Luamah wadhuke ika
Katranganipun :
4. Aluamah : Pamanggenipun ing wadhuk

Manuk iku anyawa papat winilis
Nenggih manuk punika
Katranganipun :
Manungsa punika anggadhahi roh 4 perkawis inggih punika :
1. Roh Jasmani
2. Roh Nurani
3. Roh Nabati
4. Roh Hewani

40. Uninipun Jabarail singgih
Socanipun punika kumala
Anetra wulan srengege
Napas Nurani iku
Grananipun tursina nenggih
Angaup soring aras
Karma kalihipun
Ing gunung arpat punika
Uluwiyah ingloh kalam wastaneki
Ing gunng manik maya.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Uninipun Jabarail singgih
Katranganipun : Manungsa punika pangandikanipun ingkang rumeksa Jabarail

Socanipun punika kumala
Katranganipun : Manikipun manik kumala inggih punika jumenengipun sang guru jati.

Anetra wulan srengege
Katranganipun : Ingkang jumeneng wonten ing netra punika cahya Nur Muhammad.

Napas Nurani iku
Katranganipun : Roh nurani punika pamanggenipun ing napas.

Grananipun tursina nenggih
Tegesipun : Grana punika ibaratipun gunung Tursina

Angaup soring aras
Tegesipun : Dumunung sangandhaping pangarasan

Karma kalihipun
Ing gunung arpat punika
Katranganipun : Karna kalih punika ibaratipun redi Arpat.

Uluwiyah ingloh kalam wastaneki
Ing gunng manik maya.
Katranganipun : Uluwiyah punika papan wiyar ingkang padhang, ingkang jumeneng kawastanan ingsun.

41. Ana kidung akadang premadi
Among tuwuh ing kawasanira
Nganakaken sakciptane
Kakang kawah punika
Kang rumeksa ing wak mami
Anekaaken sedya
Ing kawasanipun
Adhi ari-ari
Kang mayungi ing laku kawasaneki
Anekaaken pangarah
Kawedharaken suraosipun makaten:
Wonten puji tumprap dhateng sedherek kita piyambak.
Menggah kuawajibanipun amomong dhateng gesang kita. Inggih punika ingkang saget angawontenipun sacipta kita
Kadosta : Kakang kawah punika ingkang rumeksa ing badan kita.
Anggadhahi panguaos saget andhatengaken ing karsanipun.
Adhi ari-ari punika kuaosipun angayomi ing salampah-lampah kita, saget andhatengaken ing panggayuh kita.

42. Punang getih ing raina
Ngrerewangi Allah kang kuwasa
Andadeaken kersane
Puser kawasanipun
Nguyu-uyu sabawa mami
Nuruti ing panedha
Kawasani reku
Jangkep kadangingsun papat
Kalimane pancer wus dadi sawiji
Tunggal sawujuding wang

Kawedharaken suraosipun makaten :
Dene tumprap erah, atas kuasanipun Gusti Allah, ing sarinten dalunipun angrerencangi andadosaken punapa ingkang sakersanipun.
Tumprap puser kuasanipun nguyun-uyun ing sak solah bawa kita, inggih punika anuruti ing panyuwun kita.
Sampun jangkep panguasanipun sedherek kita sekawan. Jangkepipun gangsal dumunung ing pancer sampun dados satunggal kempal kaliyan wujud kita.



43. Yeku kadangingsun kang umijil
Saking marga ina sareng samya
Sadina awor enggone
Sakawan kadangingsun
Ingkang ora umijil saking
Marga ina punika
Kumpule lan ingsun
Dadya makdum sarpin sira
Wewayangan ing dad samya dadya kanthi
Saparan datan pisah

Kawedharaken suraosipun makaten :
Sederek kita ingkang sekawan, inggih punika : ingkang lair sareng sedinten saking ing marga ina (Baga)
Wondene ingkang mboten medal ing marga ina piyambakipun dados makdum sarpin. Jumenengipun dados wewayangan kita, sedaya wau saget dados rencang, dhateng pundi purug kita mboten pisah.

44. Yen angidung poma den memetri
Memule sega golong lima
Takir ponthang wewadhahe
Ulam-ulamanipun
Ulam Tasik rawa lan kali
Ping pat iwak bengawan
Mawa gantal ku
Rong supit binungkus samya
Apan dadi nyawungkus arta sadhuwit
Sawungkuse punika

Tmpangnya neng ponthangnya
Dadya limang wungkus semi ponthang lima
Simung sekar cempakane
Loro saponthangipun
Kembang boreh dupa way lali
Memetri ujub ira
Donganira Mahmud
Poma dipun lakonana
Saben dina nuju kelairan neki
Agung sawabe ika.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Sinten ingkang nindaaken pujian angesti dhateng sedherekipun piyambak wau, manawi ngleresi dinten tingalanipun, mugi damel kawilujengan, memetri utawi amemule sekul golong gangsal jodho dipun wadhahi takir ponthang dados gangsal takir. Dene ulam-ulamipun, ulam loh ingkang wedalan : Tasik, lepen,tuwin bengawan. Sarta mawi sekar gantal kalih supit dipun wungkusi dados gangsal.
Ing sawungkusipun dipun sukani arta sabribil, lajeng katumpangaken ing takir pontang wau. Tuwin malih dipun sukani sekar cempaka.
Mugi sami dipun lampahono ageng sawabipun.

45. Balik lamun nora den lakoni
Kadangira pan padha ngrencana
Temah ura sak ciptane
Sasedyanira wurung
Lawan luput sak ngarah neki
Akarepira wigar
Gagar datan antuk
Saking kurang temenira
Madhep laku iku den awas den eling
Tamat ingkang kidungan


Kawedharaken suraosipun makaten
Kosok wangsulipun manawi mboten dipun lampahi wilujengan wau, sedherek gangsal lajeng angrencana.
Amargi mboten dipun sumerapi inggih punika saget kedadosan pikiranipun lajeng ura mboten kanten-kantenan. Ing wusana punapa ingkang dipun gayuh lepat, tuwin punapa kersanipun wigar, mboten saget dumugen.
Menggah kedadosan ingkang makaten wau namung saking kirang temenipun dating piwulang. Mila ngagesang wajib madhep manteb dhateng lampah, nanging kedah kanthi lampah awas tuwin enget.
Dugi samanten sampun tamat ingkang kawastanan
SERAT - KIDUNGAN

Kasambetan pujian mboten mawi wired

KIDUNG KAWEDAR



SAKING AKSARA JAWI KASALIN/
KABABAR AKSARA
LATIN


KIDUNGAN PUNIKA SERAT KINA PRALAMBANG
NGELMI ISLAM INGKANG SEJATI, TUWIN
MINONGKO WEWARAH TUWIN PAMUJINING
KAWULO DHATENG GUSTI, IKETANIPUN
KANJENG SUNAN KALIJAGA
WALIYULLAH NUSA JAWI
KASAMBETAN IKETANIPUN
KYAI RONGGO SUTRASNO



PUJONGGO AGENG KERATON DALEM SURAKARTA
HADININGRAT


KAWEDARAKEN DENING : R. WIRYA PANITRA
KUSUMA DININGRAT, SURAKARTA

Penerbit : TAN KOEN SWI
KEDIRI 1912
Semoga artikel Sekar Dhandhang gula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem kanjeng sunan Kalijaga bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter