-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Carita Aji Saka

Carita Aji Saka iku nyritakake Aji Saka saka India utawa Hindustan sing mara ing Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Lorone mati amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.


Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkene:

ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga

Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:
"Hana caraka" tegese "Ana utusan"
"Data sawala" tegese "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegese "Padha digjayane"
"Maga bathanga" tegese "Padha dadi bathang".
Sinopsis
Versi sing kapacak ing ngisor iki miturut versi ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939):
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha leren. Aji Saka banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswane. Para siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswane Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane.
Sang nyai randha lan patih dadi kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen dheweke ora bakal mati. Banjur Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar.
Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwune, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu dhewe.
Sang prabu Dewata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Aji Saka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis meped ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yen ora tinimbalan.
Nanging si Dora nekad arep sowan dhewe. Si Sambada ditilapake. Banjur mangkat ijen wae. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsane sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwanguli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerise dibalekake.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan gustine. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang Prabu ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si Sambada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge. Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine.
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang Prabu Widayaka kaget banget mireng pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis kesupen pandhawuhe. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku.
Semoga artikel Carita Aji Saka bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter