-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

’BLAMBANGAN’

Patih Jathasura katon legeg penggalihe, midhanget ature Tumenggung Yudapati kang kaya mangkono mau. Yen pancen bener kabeh kedadeyan iku ana sambung rapete klawan wong-wong Mataram, ategas Kadipaten Blambangan ana sajroning bebaya. Wong-wong Mataram sing nalika semana wis kala perang saiki migunakake cara liya kanggo nelukake Kadipaten Blambangan. Perkara iku ora kena sinangga entheng. Nanging Raden Chinde Amoh kang uga midhangetake ature Tumanggung Yudapati sajak ora percaya yen kabeh kedadean mau didhalangi dening wong-wong Mataram. Nitik carane tumindak wis cetha yen kabeh mau dudu pokal gawene prajurit. Nanging luwih pas yen ditindakake dening wong-wong saka jagading pesilatan.


“Nyuwun sewu, paman Patih Jathasura. Miturut pemanggih kula sedaya kedadosan ing dalem kepatihan menika sanes tiyang Mataram ingkang tumindak, kados ingkang dipun aturake paman Tumenggung Yudapati kalawu. Awit nitik caranipun tumindak,s ampun cetha sedaya kala wau tumindakipun tiyang-tiyang saking jagading pesilatan, paman,”ature Raden Cindhe Amoh, kanthi walaka.
“Kula ngiyataken aturipun Kangmas Cindhe Amoh, paman Patih Jathasura. Kula pitados menawi tiyang Mataram boten purun tumindak culika, sinaasa nalika semanten sampun kawon kaliyan awakipun piyambak. Nanging sawanci-wanci piyambakipun badhe dugi malih kanthi mbeta kekiyatane ing perang ingkang sakalangkung ageng. Perkawis punika ingkang kedah dipun petang. Wondene tetiyang ingkang damel gendra ing dalem kepatihan nalika semanten, mesthinipun tetiyang ingkang boten sapemanggih kaliyan panjenengan,paman,” ature raden Cindhe Kembang kanthi trapsila.
“Menawi maketan, kinten-kinten sinten tetiyang ingkang badhe ngarah pejah kula menika semanten Raden?” Patih Jathasura nanggapi ature Raden Cindhe Amoh lan raden Cindhe Kembang.
“Miturut pemanggih kula, kadadosan ing dalem kepatihan rikala semanten wonten sambung rapetipun kaliyan padhepokan Rogojampi, paman,” Raden Cindhe Amoh ngadhakake panemune.
Ing batin patih Jathasura mbenerake kabeh ature raden Cindhe among kang kaya mangkono mau. Pancen wis akeh siswa saka padhepokan Rogojampi kang tiwas ing Blambangan. Kurang luwih wis ana siswa cacah telu. Mula ora aneh yen ajar Sapala banjur murina, nuli utusan marang wong kang dipercaya supaya nganakake petung klawan dheweke. Patih Jathasura saiki sadhar yen duwe mungsuh kang ora kena sinangga entheng. Supaya kedadean kang kaya mengkono mau ora ngambra-wara, pepatih ing Kadipaten Blambangan iku nuli utusan marang Tumenggung Yudapati supaya lumawat menyang padhepokan Rogojampi, ngrampungake perkara siji iku.
Sawetara iku Hariya Bandung kang ngulati saka kadohan sajak kaget bareng weruh patih Jathasura utusan Tumenggung Yudapati lumawat menyang padhepokan Rogojampi. Ajar sepala ora duwe luput. yen nganti ana kedadean kang ora dikepenginake bakal nggawe saya ruwete kahanan ing Kadipaten Blambangan. Mula kanthi cara sesidheman dheweke utusan sawijine prajurit kang pinercaya supaya tumuju menyang padhepokan Rogojampi, seperlu atur nawala menyang ngarsane Ajar sapala.
Lakune prajurit utusan Hariya Bandung mau sajak kesusu banget, supaya ora kedhisiken Tumenggung Yudapati sewadya balane kang dadi utusan Patih Jathasura. Jaran kang ditumpaki terus digelak. Nalika srengenge ngglewang mangulon dheweke wis mlebu laladan padhepokan Ragojampi.
Ajar Sapala sing wektu iku lagi ngladhi para siswane sajak kaget banget ana temu sing katone kaya prajurit saka Kadipaten Blambangan. Sawise padha lungguhan ing papan kang mirunggan. Ajar Sapala nuli ndangu tamune, mungguh wingatine rawuh ing papan kono.
“Nyuwun sewu ,kisanak. Sampun kininten tambuh, mapan taksih sepisan menika kula wanuh. Panjenengan punika sinten lan wonten wingatos punapa kersa rawuh wonten rompok kula?” pratelan Ajar Sapala kanthi andhap-asor.
“Kula prajurit saking Kadipaten Blambangan. Wondene wigatosing sowan kula, kautus dening satunggaling nayaka praja ing Kadipaten Blambangan, kinen ngaturaken nawala dhumateng panjenengan bapa Ajar Sapala.” wangsulane prajurit mau sinambi ngulungake nawala.
Sawise cukup perlune prajurit iku njaluk pamit, bali menyang Kadipaten Blambangan, dheweke milih dalan trabasan sing sepi, supaya ora pethuk klawan wong-wong kongkonane Patih Jathasura.
Sapungkure tamune, Ajar Sapala nuli maca nawala sing ditulis ing lembaran rontal, sing jarene pawewehan sawijining nayaka praja ing Kadipaten Blambangan tenane dheweke uga kaget, rumangsa ora duwe tepungan ing Blambangan kok saiki ana sing kirim nawala. Apa kabeh mau ana sambung rapete klawan pakarti lan tumindake siswa-siswane kepungkur? Ajar Sapala sajak katon kaget. Surasane menehi ngerti yen dheweke supaya luwih ngati-ati, jalaran patih Jathasura utusan prajurit pirang-pirang bergada supaya nyerang padhepokan Rogojampi awit dianggep dadi punjering kraman kang dumadi ing kadipaten Blambangan sasuwene iki.
Yen kabeh mau tenan, Ajar Sapala ora bakal kendel. Biyen nalika siswa-siswane kurban kawengisane wong-wong Blambangan panjenengane amung trima kendel, masrahake sekabehing kedadean mau marang panguwasane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Nanging yen saiki padhepokan Rogojampi arep digawe karang abang, wis cetha panjenengane ora trima. Mula kanggo ngawekani kabeh mau, Ajar Sapala nuli nglumpukake para siswane.
“Siswa-siswaku kabeh, niat becik mono, ora selawase bias ditanggapi kanthi becik uga dening wong liya. Bedane wawasan lan cetheking panemu. Apa maneh yen aspen wong among nenganake kapentingan pribadhine bae. Niat becik saka wong liya yen cengkak klawan kekarepane dianggep pepalang kang kudu disingkirke. Mula kowe kabeh wiwit dina iki sing padha luwih ngati-ati. Anggonmu njaga ketentramane padhepokan Rongojampi sing luwih waspada. Yen sawayah-wayah ana rame dudu ramene, kowe kabeh aja nganti lirwa ing sesanggehman,” pratelane Ajar Sapala kanthi cetha marang para siswane ing wengi iku
“Sakestunipun wonten menapata,bapak kok sajak wigatos sanget anggen panjenengan paringdhawuh ?” Taruna miterang marang gurune.
“Padhepokan Rongojampi keke dianggep luput dening wong-wong Blambangan jalaran dianggep minangka punjering para duratmaka. Mula kowe kabeh kudu siap-siaganing perang. Sawayah-wayah Patih Jathasura teka ing papan kene, kowe kabeh wis sumadiya sabela marang padhepokan Ronggojampi kene.
Wiwit kalungguhan iku siswa-siswa ing padepokan Romgojampi padha nylametake uba rampe peperangan kanggo ngadhepi para prjurit saka Blambangan. Wengi iku Ajar Sapala katon munggah ing sanggar pamujaan minta kakuwatan marang ngarsane Gusti Kang Maha Wikan, supaya padhepokan Rongojampi kono bisa kali sing sambikala.
Esuke bareng klawan mleteking srengenge ing bang wetan para prajurit Blambangan kang dipandhengani dening Tumenggung Yudapati wis tekan ing padhepokan Rongojampi. Dheweke banjur dipethukake dening Ajar Sapala. Para siswa ing padhepokan Rongojampi wis padha siap-saiganing perang, karingenteni dhawuh saka gurune.
“Apa bener kene iki padhepokan Rongojampi?” pratelane Tumenggung Yudapati kanthi sore.
“Mila leres mriki padhepokan Rongojampi. Wondene kula Ajar Sapala, tetuangganing padhepokan mriki. Panjenengan manika sinten, saha wonten wigatos menapa kersa rawuh ing papan kula?” Ajar Sapala genti takon.
“Oh, dados panjenengan ingkang asma Bapa Ajar Sapala. Kula nyuwun pangapunten menawi wonten keladuk ing atur kula. Ndherek nepangaken kula Tumenggung Yudapati saking Kadipaten Blambangan. Wondene wigatosing sowan kula, awrat mundhi dhawuh saking Ki patih Jathasura kapurih nyuwun pejah gesang panjenengan bapa Ajar Sapala.”
Tembunge Tumenggung Yudapati sing alus padha sutra iku yen rinasa dening Ajar Sapala Pindhaning swara bledheg ing mangsa sanga. Kanthi tatag, tetungguling padhepokan Rongojampi kuwi mratelakake nedya sabela marang ajining dhirine nganti tumetesing getih kang pungkasan .Sumurup Ajar Sapala ora kena pinetung srananingaris, Tumenggung Yudapati nuli aweh aba-aba marang para prajurit andhahane supaya ngrangket tetungguling padhepokan Rongojampi kuwi. Semono uga Ajar Sapala kang rumangsa kaancam kaselamatan nuli mrentah para siswane supaya ngadhepi para prajurit saka kadipaten Blambangan.
Perang gedhe wis ora kena diselaki. Prajurit-prajurit saka Kadipaten Blambangan kang wis banget nguwasani gelaring perang kuwi ngamuk punggung pinaha bantheng ketaton.kosok baline para siswa ing padhepokan Rongojampi kang iwis trampil babagan oleh kanuragan guna kasantikan lepas sangkan paraning dumadi iku ngadhepi tandange mungsuh kanti kebak pangati-ati.Tumenggung Yudapati minangka tetungguling para prajurit, ngadhepi Ajar Sapala.
Padhepokan Rongojampi sing adat saben tansah katon ayem kabeh katentraman iku saiki dadi rame, dikebaki swara bekere jaran,kumenclinge pedhang,lan swara sambate wong kelaran kena gegaman. Saya suwe peperangan dumbadirame.senajan wis cukup tuwa nanging tandange Ajar Sapala banget gawe mirise mungsuhe. Eling-eling tiwas pendhekar kawentar,mula isih nyimpen jurus-jurus ampuh sing mbebayani tumrap mungsuhe.
Panase srengenge kang sumelet saya nambahi gumrengsrenging swasana peperangan. Para siswa ing padhepokan Rongojampi bisa kasil nguwasani kahanan. Siji mbaka siji prajurit saka Kadipaten Blambangan bisa disirnahkake. Sumurup kahanan kang kaya mangkono mau Tumenggung Yudhapati saya miris atine, nganti kelangan kawaspadan. Kalodhangan iku digunakake kanthi becik dening Ajar Sapala. Pusakane bisa natoni Tumenggung Yudapati nganti tiba glangsaran. Dheweke terus ndekep tatune sinambi nyoba ngadeg maneh.
“Ajar Sapala, aja kok gawe wiring aku. Luwih becik patenana tinimbang kok paedo kaya ngene,” pratelane Tumenggung Yudapati sinambi ngempet rasa larakuwi.
“Tumenggung Yudapati, saupama gelem tumindak aku bias mateni kowe kanthi gampang. Nanging dudu wataking satriya mateni mungsuh kang wis tanpa daya. Mula luwih becik saiki balia, tinimbang saya akeh pangurbanan,” sambunge Ajar Sapala kanthi manteb,sinambi terus mandeng kebak teges marang tumenggung Yudapati.
Krungu pratelane Ajar Sapala kang kaya mankono mau, cucuking prajurit saka Kadipaten Blambangan kuwi tanpa mbuwang wektu banjur mencolot menyang ndhuwuring jaran, sinambi aweh aba-aba marang sisa-sisaning prajurit saka Kadipaten Blambangan supaya ngoncati palangan. Sumurup mungsuhe padha tinggal glanggang colong playu, para siswa ing padhepokan Rongojampi nedya mbujung. Nanging enggal kapenggak dening Ajar Sapala.
“Para prajurit saka Kadipaten Blambangan ora perlu dibujung.saiki kowe kabeh padha balia,kanca-kancamu sing nandhang tatu enggal padha usadanana,” pangendikane Ajar Sapala kanthi wicaksana
Swetara iku playune tumenggung Yudapati sawadya balane wis tekan Kadipaten Blambagan. Nanging sarehne tatu ing anggane cukup abot, tekan alun-alun kadipaten Blambangan Tumenggung Yudapati nglundhungsaka gegering turangga, dadi lan tiwase. Para prajurit padha bingung, nuli paring lapuran menyang Adipati Siung Laut.
Ing pendhapa agung Kadipaten Blambangan Adipati Siung Laut banjur murina sumurup prajurit akeh kang tumekaning tiwas. Kamangka patine ora tetandhingan klawan wong-wong Mataram, nanging among nindakake wajib saka patih Jathasura. Mula ora aneh yen ing wektu iku patih Jathasura nampa duka sing akeh saka ngrasane saka Adipati Siung Laut sing pancen kondhang duwe watak kang wengis kuwi.
Semoga artikel ’BLAMBANGAN’ bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter