-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

SEJARAH MASJID AGUNG DEMAK

Masjid Agung Demak isih ana gegayutane karo dakwahe para wali sanga. Akeh wong sing nduweni panemu yen Masjid Agung Demak iku ngadheg nalika dina Kamis Kliwon, malam Jum’at legi nepati tanggal 1 Dzulhijjah taun Jawa 1428 (1501 M) adedasar seratan sing diserat ana ing lawang ngarep sing unine ”Hadegipun Masjid Yasanipun Para Wali, Nalika Tanggal 1 Dzulhijjah tahun 1428”. Taun Soko 1399 utawa 1467 adedhasar candrasengkala “Nogo Sariro Katon Wani”, yaiku dijupuk saka gambar bledeg sing ana ing lawang tengah Masjid Agung Demak. Nanging ana uga sing ngarani yen Masjid Agung Demak iku ngadeg taun 1401. Adedhasar gambar bulus sing ana ing jero panggonane imam. Gambar bulus mau diartekake yen:

Sirah iku angka siji …..………..(1).
Sikil iku angka papat …..……..(4).
Awak bulus iku angka nol …….(0).
Buntut bulus iku angka siji ……(1).
Dadi 1401 taun soko utawa taun 1479 M. utawa karo “Sariro Sunyi Kiblating Gusti” sing diartekake:
Sariro iku angka siji ………..(1).
Sunyi iku angka nol ………..(0).
Kiblat iku angka papat …….(4).
Gusti iku angka siji ………...(1).
Demak iku panggonan sing didadekake pusat kegiatan para wali nalika nyiarake lan nyebarake agama Islam ing tlatah Jawa. Wektu kuwi Raden Patah diutus Sunan Ampel mulang agama Islam sarta mbukak pesantren ing desa Glagah Wangi uga daerah kabupaten Jepara. Nalika taun 1475 M Raden Patah miwiti nglaksanakakake dhawuhe gurune mbukak madrasah utawa pondok pesantren ing desa Glagah Wangi kasebut. Tugase sing diparingake mau dilaksanakake Raden Patah kanthi apek. Nyai Lembah kuwi wong sing sepisanan dipethuki dening Raden Patah. Nyai Lembah asale saka Rawa Pening. Saka dhawuhe Nyai Lembah supaya Raden Patah manggon ana ing Glagah Wangi. Banjur iku desa Glagah wangi dadi rame ditekani wong akeh. Akhire desa Glagah Wangi utawa Demak iku dadi pusat dagang uga dadi pusat kerajaan Islam nomer siji ing tlatah Jawa.
Ngenani Masjid Agung Demak sing diadhege karo para wali iku digawe namung sak wengi. Masjid Agung Demak sing gedhene namung 31 x 31 meter iku sing bagian jero, nanging sing bagian jabane 31 x 15 meter lan dhuwure saka guru 19,54 meter. Kaya adat samestine Masjid iku di sangga karo saka tatal sing gedhe sing cacahe ana papat. Saka tatal iku digawe saka kayu sing gedhe banget, nanging ana salah sijine saka tatal iku mau sing digawe saka tugel-tugelan kayu turahan saka panggaweane wali-wali liyane.
Ing kana Kanjeng Sunan Kalijaga duweni peran sing penting. Amarga Kanjeng sunan Kalijaga duweni jasa yaiku sing wis benerake kiblat masjid sing madhep ing Mekkah. Nalika kliblat Masjid Agung Demak durung ditemtukake, Kanjeng Sunan Kalijaga munggah ing dhuwure Masjid lan pucuke masjid dicekel karo tanganne sing kiwa, dene pucuke Ka’batullah dicekel karo tangane sing tengen, karo ngendhika kepriye panemumu? Banjur para wali sepakat yen kiblat Masjid Agung Demak iku ana arah sing wis ditemtukake dening Kanjeng Sunan Kalijaga.
Sakwise Kanjeng Sunan Kalijaga bisa nemtukake kiblat, banjur ana barang sing gumantung ana ing panggonan imam sing ora dingerteni saka ngendi tekane. Barang sing gumantung iku dipundhut, banjur tiba ana ing ngarepane Sunan Bonang, lan dibukak isine klambi bekase Nabi Muhammad, lan ana layang sing isine ngenani yen klambi iku mau diparingake kanggo Kanjeng Sunan Kalijaga. Kabeh wali padha gumun ngenani isi layang mau. Banjur Sunan Bonang ngendhika: amarga Kanjeng Sunan Kalijaga sing diparingi klambi iku, mula jajal dianggo. Kanjeng Sunan Kalijaga banjur narima barang mau karo ngucap syukur dumateng Allah. Banjur klambi mau dianggo nyatane pas karo awakke. Sunan Bonang ngendhika yen iku mau sing diarani Kotang Antakusuma, klambi bekas sing digawe saka kulit wedus, nanging saiki wulune wis entek amarga wis lawas.
Sakliyane pikantuk Kotang Antakusuma utawa Kyai Gundil lan uga pikantuk Pusaka Kyai Cubruk. Kotang Antakusuma lan Pusaka Kyai Cubruk iku wis dianggap salah sijine pusaka raja-raja Jawa. Gawe sapa wae sing bisa nganggo klambi Kotang Antakusuma temtu bisa kuwat lan bisa dadi raja sing nguwasani tlatah Jawa. Kanjeng Sunan Kalijaga uga diarani Kyai Gondil.
Kanjeng Panembahan Senopati, Narendra Mataram Hadiningrat I sing merdeka taun 1590 bisa ngalahake Pangeran Madium amarga nganggo klambi Kotang Antakusuma kasebut. Kanjeng Panembahan Senopati pikantuk klambi iku saka Syeh Kadilangu, ahli waris Kanjeng Sunan Kalijaga. Nalika taun 1703 klambi Kotang Antakusuma iku isih kasebut dadi salah sijine pusaka kraton. Nalika iku klambi Kotang Antakusuma diserahake marang Sunan baru Amangkurat III ing Kartasura. Klambi Kotang Antakusuma lan Pusaka Kyai Cubruk iku yen setaun sepisan kudu dijamasi nganggo minyak jamas sing ditekakake langsung saka kraton Surakarta. Wektune njamasi yaiku nalika tanggal 10 Dzulhijah utawa 10 Besar. Nalika penjamasan klambi lan pusaka mau sing njamasi boten pikantuk mirsani klambi utawa pusaka mau, namung digrayangi. Amarga yen nalika penjamasan klambi lan pusaka mau dipersani bisa ngakibatake wuta.
Ngadhege Masjid Agung Demak lan klambi kasebut ana gegayutane karo geni suwarga. Ing Masjid Agung demak ana relief sing digawe ing dhuwure lawang sing diarani lawang “Bledeg utawa kilat”. Biyen lawang iku dadi lawang utama, nalika arep mlebu ing jero masjid. Bledeg “kilat” iku ditanggkap karo Ki Ageng Sela nalika ana ing sawah.Ki Ageng Sela iku putra saka Ki Ageng Getaspendawa. Ana carita yen Bledeg iku awujud wong lanang tua sing ngampiri Ki Ageng Sela nalika Ki Ajeng Sela ana ing sawah. Banjur Ki Ageng sela nyekel wong lanang tuwa mau, dhumadakan nyuwara banter kaya bledeg. Bledeg sing isih awujud wong lanang tuwa mau dicekel lan ditaleni banjur diserahake marang panguwasa ing Demak Bintoro. Ing kana bledeg mau dilebokake ing kotak sing didadekake kurungan kanggo bledeg.
Sakwise bledeg dikurung lawase 7 dina ing Masjid Agung ditekani karo wong wedok tuwa karo gawa banyu secangkir banjur disiramake ning gone wong lanang tuwa mau, dhumadakan ana suwara kaya gunung mbledhos. Kurungan sing digawe saka wesi iku mau banjur rusak lan bledege ngilang. Amarga krungu suwara banter mau, bebrayan ing Demak pada kaget lan pada dlongop. Bebrayan Demak iku Pada ngarani yen wong wedok tuwa iku mau mesti garwane. Sakwise iku Ki Ageng Sela kesuwur dadi wong sing kasil nyekel bledeg.
Sela iku panggonan ing tlatah siseh wetane Demak Bintoro. Dadi Ki Ageng Sela sing didadekake sesepuhe trah wangsa Narendra Mataram Hadiningrat. Setahun kaping pindo Sunan Surakarta ngutus supaya njupukake geni saka damar sing ana ing makam Ki Ageng Sela kanggo nguripake damar ing panggonane dhewe sing ana ing kraton sing paling njero. Nalika geni tekan ing Surakarta kanti arak-arakan sing khusuk, akeh pangeran sing gunakake kahanan iku kanggo ngurepake damare dhewe.
Alhasil ditangkape bledeg ing Demak iku ana gegayutane karo politik sing ana ing pamarintahan Demak wektu kuwi. Tradisi trah kanggo wangsa Mataram Hadiningrat iku cara kanggo ngormati Ki Ageng Sela. Masjid Agung Demak dadi pusate umat muslim kuna ing tlatah Jawa Tengah. Ana sing ngarani yen sowan ing Demak Bintoro lan makame wong-wong suci ing kana bisa dipadhakake karo munggah kaji ing Mekkah.
Sinuwun Paku Buwana I ing kartosura nalika taun 1708 mbenerake yen Sunan Amangkurta III sing diguwak ning Srilangka dening kompeni ing Batavia iku nggawa pusaka kraton. Sunan Amangkurat III ngendika yen Masjid Agung Demak lan makam ing kadilangu sing suci iku sing dadi pusaka mutlak, ugere pusaka ing tlatah Jawa. Nalika taun 1710 Sinuwun Paku Buwana I ndawuhi supaya wangunan Masjid Agung Demak iku didhandani lan kenthenge diganti karo sing anyar. Sakwise Kapten Fock ing Kartasura sedo, taun 1688 Sinuwun Sunan Amangkurat II ngucapake sumpah setiyane marang perjanjian sing dianakake dening kompeni nalika ing Masjid Agung Demak Bintoro.
Miturut alam pikirane wong jawa, Masjid Agung Demak iku penting Banget. Masjid Agung Demak Bintoro wis dadi kotanegara Islam nomer siji ing Jawa Tengah. Kutho sing banjur kasuwur dadi kotanegara Kraton Demak Bintoro. Demak Bintoro dadi pusate dagang lan pusat ibadah kanggo kelompok Islam sing lagi wae ana. Raja-raja Demak Bintoro lan sing nderekake, nduweni greget sing gedhe banget kanggo nyiarake agama Islam. Nalika kerajaan Islam Demak Bintoro jaya, politik ngelar jajahan nganthi mlebu ing Jawa Barat, Jawa Tengah, lan Jawa Timur. Raja-raja Demak Bintoro nganggep yen Masjid Agung Demak Bintoro iku dadi simbole Kraton Islam.
Masjid Agung Demak Bintoro iku dadi pusate kanggo ngormati wong suci, utamane Kanjeng Sunan Kalijaga, wali lan sing dadi pengayom ing Jawa Tengah sing siseh kidul. Kareben kekuasaane raja-raja Demak Bintoro wis tiba, nanging kasetiyaane marang para wali ora bakal owah, iku ngakibatake Masjid Agung Demak Bintoro tetep bisa dadi pusat panguripane agama Islam ing Jawa Tengah.
Miturut carita sing dadi imam sholat ing Masjid Agung Demak Bintoro sing sepisanan yaiku Sunan Bonan putra saka Sunan Ampel. Nanging sakwise iku banjur diganti karo putrane sing arane Makdum Sampang, banjur diganthi karo Kyai Pembayun, banjur diganti meneh karo Penghulu Rahmatullah, banjur sing pungkasan diganti karo Sunan Kudus.

Semoga artikel SEJARAH MASJID AGUNG DEMAK bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter