-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

PASEBAN KEMANGI

Nalika Sultan Agung arep perang ngalawan Walanda ing Batavia, kabeh Adipati, Tumenggung lan para penggedhe kerajaan nganakake rembugan ing kerajaan Mataram. Banjur nemtukake panglima perange. Kang dipilih miturut kasepakatan mau yaiku Tumenggung Bahurekso, Adipati Kendal uga dadi Gubernur Pesisir Laut Jawa.
Bahurekso banjur nganaake rembugan kanggo persiapan perang nglawan Walanda. Dheweke ora milih tlatah ing pendhapa kadipaten, amarga tlatah sing dienggo rembugan kudu dirahasiakake. Banjur dipilih tlatah ing satengahing sawah, penere ing ngisor wit gedhe. Wit kuwi ing jaman saiki diarani “wit kemangi”.


Wit kuwi mapane ing tengah sawah (yen saiki neng tengah makam), Desa Jungsemi Kecamatan Kangkung. Wit kemangi kuwi awujud wit kang lurus mendhuwur kaya dene payung. Nalika para paseban nganakake rembugan ing kana, ora bisa didelok marang wong liya amarga dipayungi dening wit kemangi. Dipayungi tegese dipegeri nganggo “oyot mimang” kang ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi supaya ora bisa didelok dening telik sandine Walanda. Amarga mangkono, panggonan kuwi dijaga kanthi temen. Ora mung semono, ing kono uga dijaga kanthi cara batin lan spiritual.

Miturut crita tutur, oyot mimang asale saka ayat Al Qur’an. Oyot asale saka ayat. Dene mimang dijupukake saka ayat kursi. Ing ayat kursi ana pitung tembung “Ma”, satembung “Min” lan satembung “Man”.
Nalika semono panggonan kang tumuju ing paseban kemangi rame banget, amarga akeh wong dhuwuran lan leluhur Mataram tumuju ing kana. Ing saben panggonan dijaga dening para punggawa kang asale saka kadipaten Kendal. Nalika arep menyang paseban kemangi, ora bisa padha langsung tumuju ing kana. Ananging padha leren dhisik ing Padhepokan Laduni Faqoh, sing duwe Tumenggung Rajekwesi. Ing padhepokan kono nduweni daya spiritual kang gedhe banget. Panggonan kuwi diarani desa Depok utawa Sukodadi (saiki).

Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin kang direwangi dening santri-santrine ngladeni wong-wong ndhuwuran uga prajurit sing jumlahe akeh banget. Dheweke uga nyiapake sangu nalika perang ing Batavia. Ananging ana masalah babagan ngileni sawah. Panggonan kang diliwati kali sing digawe dening Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin, dijenengi desa Kaliyoso.
Para pimpinan punggawa sing arep budhal perang menyang Batavia diwenehi arahan dening panglimane kang kumpule ing paseban kemangi. Ing kana akeh prajurit kang mlebu metu ning kemangi. Panggonan kuwi diarani Tlahab utawa Tlahaban.

Para punggawa sing arep perang diatur lan ora entuk nyedhaki Paseban Kemangi. Amarga wis ana panggonan dhewe yaiku ing sakiduling Paseban Kemangi, cedhak wit laban kang gedhe ing panggonan kono, para punggawa nglengkapi sanjata perang. Wit laban didadeake panggonan, sing diarani desa Laban. Sing nanggung jawabi para punggawa babagan pangan yaiku Kyai Syafrudin.

Dalan sing kanggo liwat tumuju paseban kemangi yaiku jalur lingkar ning lor lan uga bisa lewat wetan (lewat darat). Panggonan kuwi dijaga dening punggawa kang asale saka Pekalongan, pimpinan Kyai Tumenggung Panjirejo, ajudan Tumenggung Mandurejo, Adipati Pekalongan. Panggonan jagan kuwi saiki dijenengi Desa Rejo utawa Rejosari.

Perang ning Batavia banjur kedadean. Ananging nalika para penggedhe saka Paseban Kemangi padha gugur, isih ana wong tuwa sing ora gelem melu perang menyang Batavia, sanajan ilmu sing diduweni dhuwur. Wong tuwa mau ora tega ndelok peperangan. Dheweke banjur njaluk ijin njaga bekas panggonan paseban saka telik sandi Batavia. Panggonan paseban mau ana ing pucuk laut lan panggonan kuwi bisa kanggo sawah, panggonan kuwi banjur diarani Jungsemi.
Panggonan kuwi banjur dikramatake. Amarga ora sembarang wong sing bisa mlebu ing kono. Banjur ana kesapakatan yaiku yen para wong ndhuwuran arep bali ning Mataram, panggonan sing gawe temon yaiku tetep ning Kemangi. Kyai Lasidin banjur diutus kanggo njaga Jungsemi.
Akeh pusaka tokoh Mataram sing disimpen ning Kemangi, klebu cambuk Amal Rasuli weke Tumenggung Rajekwesi utawa Raden Sembara. Amarga mengkono, Kyai Lasidin uga mageri lan nandur pusaka ing Kemangi. Kyai Lasidin pesen yen arep khaul, kudu ning dina Jum’at kliwon wulan Asyura. Nanging yen ing wulan kuwi ora ana dina Jum’ate, khaul bisa dilaksanakake ing wulan Maulud utawa Rabiul Awal. Kyai Lasidin uga pesen supaya nyembelih wedhus sing wulune abang lan ing bengkekane ana werna putihe kaya dene sabuk. Kuwi lambang saka negara Indonesia arupa gendera abang putih.

Ing khaul-khaul saben telung tahun, Kyai Lasidin nyaranake supaya nyembeleh kebo bule. Kuwi kanggo peringatan wong-wong enom supaya waspada dening solah bawane wong-wong sing pakulitan bule.
Ing paseban kemangi, ana wong wadone loro yaiku Nyai Damariyah, adhine Pangeraang Karang Anom, lan Nyai Turunsih. Nyai Damariyah iku garwane Pangeran Sambong. Dheweke banjur dedonga kanthi khusuk supaya gandhulaning atine bisa slamet nglaksanakake tugas perang ing Batavia. Dheweke dedonga ing pinggir laut ing ngisor pandhan. Amarga mangkono, Nyai Damariyah luwih dikenal kanthi Nyai Pandansari utawa Sri Pandan.
Dene Nyai Turunsih tapa ing kulon. Panggonan sing dinggo tapa mau, saiki diarani hilir Kali Turunsih, sing nduweni akar bakal cerita asal-usule desa Sendang Sekucing.
Sing diarani paseban kemangi, ujude saiki yaiku sakgundhukan lemah kang mirip kuburan ing satengahing sawah. Ananging sabenere paseban kemangi iku panggonane dawa saka desa Jungsemi nganti desa Sendang Sekucing. Panggonan-panggonan kuwi nganti saiki dianggep keramat lan akeh wong sing ngarani angker.

Kaya dene ceritane Dwianto,S.Pd, Kepala SMU Negeri 1 Cepiring taun 2003. dheweke penasaran lan arep mbuktekake, yen jarene makam kemangi iku wingit. Bareng karo bojone, dheweke nggoleki makam kemangi mau. Sanajan dheweke durung ngerti panggonane makam, nanging dheweke ora nyerah takon mrana-mrene. Wong-wong sing ditakoni padha njawab kanthi kaget. Uga ora padha wani nunjuk nganggo tangan. Mung njawab kanthi omongan.
Dheweke banjur nututi dalan sing diuduhi mau. Kira-kira 100 meter dheweke tekan dalan sing tumuju ing makam, neng mburine banjur ana bocah cilik telu sing lagi dolanan ning pinggir sawah. Bocah telu mau banjur nyedaki lan takon marang dheweke. “Bapak lan Ibu apa arep lunga ning kuburaan kemangi?” Dheweke banjur njawab, “Ya”. Bocah telu mau banjur ngeter dheweke lan bojone ning kuburan kemangi.
Nalika meh tekan makam, dheweke noleh memburi amarga arep ngomong matur nuwun. Dheweke banjur kaget lan gethoke mrinding. Bocah telu mau wis ilang kanthi cepete.
Pancen antarane percaya lan ora percaya ngenai makam kemangi mau. Ananging miturut cerita tutur akeh kedadeyan kang wingit ing makam kemangi, kayata :

  1. Akeh bocah cilik ilang, lan ditemokake dening keluwargane ana ing satengahing sawah sing ora adoh saka kuburan kemangi. Miturut bocah-bocah sing ilang mau, dheweke ana ing kutha kang bangunane endah banget.
  2. Ujug-ujug ana kiriman semen kanggo mbangun mesjid sing jumlahe saktruk tronton kebak. Sawise ditampa lan didelok pengirime, jebule pengirime mau sing tau ilang ing sekitare kuburan kemangi lan wis dianggep mati.
  3. Sawise prastawa Mataram nyerang Walanda ing Batavia, diceritakake yen alam kemangi kuwi dienggoni dening para lelembut kang asale saka Alas Roban. Ki Ageng Penatus, omahe ing Gringsing, kang mindhah lelembut mau. Miturut cerita, tlatah kemangi ora bisa dienggoni saka keturunan Ki Ageng Penatus.
  4. Lan isih akeh maneh cerita-cerita sing aneh nanging nyata anane.
Alam Kemangi sing wingit kuwi ana pengaruhe saka kekuatan ghaib kanga sale saka “oyot miming” sing ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi utawa Raden Sembara. Ing kono dijaga kanthi tanggung jawab dening Tumenggung Wongsokerrto (putra Tumenggung Kertiwongso, Tumenggung sing asale saka Jepara), sing luwih dikenal kanthi sebutan Mbah Lasidin.

Semoga artikel PASEBAN KEMANGI bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter