-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

DINA “SETU PAHING”

Dongeng saking Banyumas

Jaman Majapahit ing tlatah Banyumas wis ana pemerintahan sing dipimpin Adipati Wirasaba I sing nduweni kuwasa antara tahun 1413-1433 yaiku Raden Adipati Wirohudoyo. Pemerintahan Kabupaten iki diterusna turun temurun tekan jaman Kesultanan Pajang. Nalika masa pemerintahan Sultan Pajang I Hadiwijaya (1546-1582) iki ing Wirasaba wis tekan masa pemerintahan Adipati Wirasaba VI yaiku Raden Bagus Suwarganduweni gelar Raden Adipati Wargahutama I. Raden Wargahutama duwe anak papat, anak lanang loro lan wadon loro. Anak wadon sing kepisan iki diningkahake karo Raden Jaka Kaiman, yaiku anak Banyaksasro (Adipati Pasirluhur) sing dadi anak angkat Ki Mranggi ing Kejawar (saiki dadi Banyumas).


Kacarita nalika wektu iku Sultan Panjang kepengin putri para Bupati utawa keluarga kanggo didadekake garwa selir, sing dingomongake dadi abai pelara-lara (rewang kerajaan sing isih prawan). Adipati Wargahutama ngirim putrine marang Pajang. Putri Adipati Wirasaba tau dinikahake karo anak lanange Demang Toyareka nanging wis suwe dipegat lan durung tau rukun. Sawise putrine diwehake marang Sultan, Ki Adipati bali lewat dhaerah pesisir lor, ing pihak liya Ki Demang Toyareka sawise krungu tigasane anake iku disembahake marang Kanjeng Sultan, dheweke karo anak lanange nyusul menyang Pajang. Ing ngarepe Kanjeng Sultan Demang Toyareka wadul marang putri Adipati Wirasaba sing disembahake marang Kanjeng Sultan iku nalika isih dadi bojone anake.
Krungu wadulane iku Sultan Pajang dadi murka banjur mrintahake Mantri Anom kanggo ngoyak Adipati Wirasaba sing dianggep ngapusi dheweke, yen kepethuk arep dipateni.
Sawise utusan Mantri Anom iku lunga Sultan nemoni putri Adipati Wirasaba sing wis manggon ing Kraton Pajang iki, Sultan takon, “Bener apa ora isih nduweni garwo?”
Putri Wirasaba mangsuli, ”Ora !”
Banjur Sultan takon maneh, “Ing njaba ana wong ngadu jerene wong iku dheweke nduweni bojo Putri adipati Wirasaba yaiku kowe sing dipegat paksa langsung digawa rene.”
Putri mangsuli, “Bener, nalika isih cilik aku wis tau diningkahake karo putra paman Demang Toyareka nanging ora sida amarga hamba ora seneng lan suwe wis dipegat.”
Kanjeng Sultan gela dheweke wis kebanjur mrentah gandhek (kongkonane) kanggo mateni Adipati Wirasaba. Kanjeng Sultan langsung ngirim utusan liyane nyusul gandhek sing kaping pisan supaya mbatalna prentahe Sultan mau. Ki Adipati Wirasaba wis tekan Desa (saiki mlebu Kawedanan Ambal, Purworejo). Wektu kuwi dina Setu Pahing mlebu dhuhur, Ki Adipati ngaso ing salah sijine omah warga ing desa iku, ing omah Balai malang iku Sang Adipati diparingi panganan lawuh pindhang, dhaging banyak, banjur jarane ditaleni ing pekarangan omah iku.
Nalika lagi mangan, rombongan mau wis teka ngadeg ing ngarepe Adipati.
Sang Adipati takon, “Ana prerntah apa para gandhek, ketone ana berita penting sing kudu disampekna?”
Para utusan mangsuli, “Mangga diterusake dhisik, yen wis rampung mangan tak wenehi ngerti.”
Ora suwe gandhek keloro katon saka adohan nglambekake tangane, maksude supaya Adipati Wirasaba ora sida dipateni. Nanging tandha kuwi ditanggepi keliru, ngertine tandha mau supaya cepet mateni Sang Adipati sahingga gandhek sing kepisn langsung nancepake kerise meng wetenge Adipati Wirasaba.
Nalika gandhek sing keloro teka ing panggonan iku, dheweke dadi gela lan ngomong, “Wis tak wenehi tandha supaya dibatalake, lha ngapa dilakoni?”
Gandhek kepisan gela, “ Dakkira kowe mewenehi tandha supaya ora usah ngenteni kowe, amarga iku banjur daklaksanakake tugas Kanjeng Sultan. Adipati Wirasaba sing sing wis arep mati ngomong, “Para gandhek, ora usah nyalah-nyalahna. Kabeh iku wis takdire gusti alloh. Aku ikhlas ntrima, ngomongna marang kanjeng sultan pas gandek keloro teka aku wis dipateni wis saiki balik marang Pajang.”
Marang para sentana sing nyertai, Adipati weling, ”Para anak putuku, keturunanku kabeh, yen padha lunga-lunga aja pas dina Setu Pahing, aja mangan dhaging banyak , aja manggon ing omah sing ana balai malang lan aja numpak jaran dhawuk”.
Ora let suwe Sang Adipati mati. Nalika kedadean iku, tali jaran dhawuk titian Adipati copot. Amarga jaran iku wis biasa nglewati dalan-dalan iku, dheweke banjur bali ing kandhange ing Wirasaba. Nalika tekan Kadipaten, para keluarga kaget weruh jaran Sang Adipati bali dhewe. Keluarga ngertine Sang Adipati mlaku ing burine, nanging wis dienteni ora metu-metu dadine padha bingung lan kuwatir. Ana sing arep nyusul menyang ing Pajang, nglewati dalan sing kerep diliwati Kanjeng Sultan, ora sengaja pethukan karo abdi dalem sing mlayune dhisik nalika kedadean iku. Dicritakake kabeh kadadean, sawise diadusi mayite Adipati digawa bali ing Wirasaba. Mayite Sang Adipati dikubur ing pasarehan Pekiringan.
Iku asal-usaling kapercayan pantangan dina Setu Pahing padha lunga, kanggo warga Banyumas khususe sing isih nduweni trah Adipati Wirasaba. Ana sing nambahi maneh ninggale Raden Yudanegara I, Bupati Banyumas V lan Raden Yudanegara II. Bupati Banyumas VII sing ninggal ing dina Setu Pahing. Kapercayan iku wis tau dimanfaatake dening pasukan Pangeran Diponegoro ora langsung nyerang, nanging ngenteni dina Setu Pahing. Jaman ganti jaman, akeh wong kang ora percaya. Akeh nonoman saiki sing pandhangane kabeh dina kuwi apik, anane musibah kapan wae iku wis dadi takdhire Gusti Allah Kang Maha Kuwasa.

Semoga artikel DINA “SETU PAHING” bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter