-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Nalika Rodhane Muter

Atis hawa angin sing sumilir ing ngarep omah nggawe awakku dadi rada mriyang. Wis jam lima sore aku isih thenguk-thenguk ngalamun ngelingi nasibku sing apes kaya ngene. Kawit winginane aku kena cilaka ditabrak mobil pick-up nalika bali saka pasar. Kaya-kaya apes iki ora ana enteke. Aku wis ora bisa makarya maneh kala wingi, wis ora bisa maneh kerja ning pabrik rokok. Ora bisa mbantu-mbantu uwong tuwa maneh, mung dhasare lulusan SMA ora nduwe ketrampilan apa-apa. Aja maneh mlaku ning pabrik sing adohe telung kilo, mlaku ning ngarep omah wae ora bisa. Saikine aku mung bisa linggih anteng ning kursi rodha iki. Kanca-kanca padha ilang amarga sikil iki, pegaweyan ilang, rejeki ilang, mung kari kersi iki sing ngancani aku sawayah-wayah.

Wiwitane ndhisik aku rasane pengen nangis wae, tinimbang saikine uripmung dadi sampahe ndonya. Aku dadi wong wis ora ana gunane. Tangis iki kerep ora bisa tak empet rasane ati iki ora saguh nampa ujian kaya ngene. Mung siji sing isih nggawe aku semangat pengen urip, Heri tukang ojek ning pojokan pasar kae lungit olehe tresna karo aku. Kawit biyen aku sehat nganti saikine aku ora bisa mlaku. Sanajan ngono wong kuwi tetep bisa nampa aku apa anane.

“Eka, magrib-magrib kok isih thenguk-thenguk ning ngarep omah?” suwarane Heri ngagetke aku sing lagi ngalamun.

“Oh,wis magrib to?” jawabku kaget.

“Ngalamun apa to ka? Wong aku ning kene ya mbok ngalamunke!”

“Ih pede, ngalamun kowe medhing turu!”

“Piye mas, wis bar olehe narik?”

“Iya Ka, lha wong sepi ora ana langganan! Wah,nek ngene terus bakal cotho ki!”

“Lha piye mas, nasib!”

“Aku arep usaha wae dik, aku arep ngedegke konter wae. Ning kene kan durung ana kamangka sing butuh akeh!”

“Iya, usaha apa wae tetep tak dhukung mas!”

Janjane aku seneng banget bisa sesambungan karo Mas Heri, wonge apik atine lan sabar. Nek saka pasuryane ya lumayan manis, sanajan rada ireng. Namung wong siji kuwi sing bisa nggawe aku seneng lan mung wong siji kuwi sing tak tresnani.

Nanging sing nggawe aku ora kuwat lan sing nggawe aku pengen ngeculake Mas Heri amarga uwong tuwane ora setuju Mas Heri sesambungan karo aku, sebabe aku iki mung wong wadon sing cacat. Aku ora sampurna kaya dene wong liyane, aku ora bisa mlaku, aku jempor. Najan ngono Mas Heri tetep kenceng wae niate olehe sesambungan karo pitik likaten kaya aku iki. Aku gumun karo uwong siji iki, aku ora ngerti apa sing ditresnani wong siji iki saka aku. Aku ora tega, aku ngumbarke mas Heri dadi anak sing durhaka marang wong tuwane. Aku ajrih, nanging kuwi kekarepane mas Heri lan akuuga ora bisa ngapusi atiku nek aku iki uga tresna karo dhewekke.

“Dhik Eka, aku pengen srius ngomong karo kowe!” pitakonane mas Heri.

“Srius masalah apa to mas?”

“Aku pengen srius olehku sesambungan karo awakmu, aku pengen nyandhing awakmu, aku pengen nglamar kowe!”

“Apa mas?”

“Iya dhik, aku pengen nikah karo kowe!”

“Janjane aku ya pengen banget bisa nikah karo kowe, nanging bapak ibumu ora bisa nampa aku. Aku ciri mas, aku cacat, aku ora pantes kanggo awakmu!”

“Aku ora nggagas omongane wong tuwaku, wong tuwaku mung mikirke awake dhewe ora bisa nyenengake anake!”

“Nanging kuwi wong tuwamu mas!”

“Ah prek, suk bakale padha ngerti nek anake bisa seneng!”

“Aku wis njelaske model apa wae, nanging tetep ora digatek!”

“Nanging Mas…,”

“Dhik, kowe tresna aku ra?”

“Kenapa mas takon kuwi? Mas ngerti jawabane dhewe to?”

“Dhik, nek pancen kowe tresna karo aku tulung aku didhukung. Kanthi kowe ngomong kaya ngono mau nggawe aku dadi lemes, ora bregas anggonku nindakake niyatku. Ngendhoke niyatku sing wis manteb!”

“Iya mas, aku ora pengen kelangan kowe. Aku tresna kowe!”

Ora krasa eluh tumetes ing pipiku, ku bingung. Nek aku sarujuk karo mas Heru artine aku mungsuhi pak Salim karo bojone sing dadi wong tuwane mas Heru ananging aku uga ora pengen kelangan wong sing tak tresnani. Bapak ibukku uga setengah ati anggone nyarujuki niyatku karo mas Heru. Aku mung bisa nangis semendhe biyungku sing padha nangise. Dheweke kereb crita ora tega ndelenge kahananku sing kaya ngene. Rumangsa gela ora bisa nulungi anakke sing paling cilik dhewe, sing kakang mbakyune wis padha nduwe kluwarga dhewe-dhewe mung kari anakke siji iki sing isih melu wong tuwane.

Wis kereb banget mas Heri ngrayu-ngrayu njelaske marang wong tuwane nek dhewekke kepengen banget sesandhingan karo Eka Wahyuni Setyoningrum putrine bapak Rukin. Nanging piye maneh pancen aku sing salah, aku ora ati-ati ngantu aku ditabrak mobil. Aku ora bisa ngarep akeh aku bisa dadi sisihane bocah lanang sing tak tresnani kae. Nanging aku uga pengen ngrasakake apa sing dirsake uwong umume, aku pengen ngrasake apa sing diarani tresna, sing jarene wong-wong bisa nggawe suwarga.

“Ndhuk, sing sabar ya. Perkawis kaya ngapa wae mesthi ana dalane!” celathune ibu ngeneng aku.

“Iya bu, nanging aku isih mamang aku bisa ngliwati iki!” wangsulku.

“Wis ora susah dipikir, dilakoni wae. Mesthi ana dalan!”

Amarga perkawis kuwi aku disengiti kluwargane mas Heru, apa maneh ibune mas Heru sing tansah sinis nek pepanggihan karo aku sing biasane liwat ngarep omaku. Pancen dhasare watake kaya ngono gawan lair, kaya sesakit nurun. Nek pak Salim dhewe asline mung manut karo kekarepane anake, mung merga digetak karo bojone sing kaya mak lampir kuwi dadi ora bisa ngapa-ngapa.

Sewengi aku tansah kepikiran iki terus, aku ora bisa turu. Aku mesake mas heru nek nganti didukani ibune malah-malah nek ditundhung minggat. Ning njaba omah mung katon kelap-kelipe claret lan keprungu suwara gludhug jeglar-jegler pratandha arep udan. Kaya-kaya langit ngerti wae kahanan atiku saiki. Titik-titik suwara udan keprungu saka ndhuwur gendheng. Wis jangkep olehku krasa sedih ora bisa tak empet, aku nangis sewengi nangi aku keturu kira-kira jam telu pajar. Rumangsaku kuwi mas Heru ning omahe lagi padu karo ibune amarga ora diparingi pangestu anggone niat sesandhingan karo aku.

“Ora Her, ora bisa!” ngendikane bu Salim.

“Aku tresna bu karo Eka!” jawabe mas Heri.

“Kuwi bocah cacat, jempor ora pates kanggo kowe!”

“Aku ora peduli, mung bocah kuwi sing bisa nggawe aku seneng!”

“Aku tetep ora setuju, aku ora lela Her!”

Wayah kuwi cara kaya ngapa uwis dilakoni mas Heri kanggo nyakinke ibune nek mas Heri wis bener-bener mateb karo pilihane. Aku wis bisa ngrasake kepriye rasa gethinge bu Salim karo kluwargaku saiki. Esuk umun-umunu Salim wis teka emperan omahu, ora ngerti apa sing dikarepke wong kuwi.

“Bu Rukin…, bu Rukin Metu!” sentake bu Salim.

“Bu Rukin tulung omongke anakmu aja maneh-maneh sesambungan karo anakku. Wong jempor kuwi ora pantes kanggo anakku!” tambahe.

Nalika kuwi aku sing metu saka jero.

“Wonten apa bu Salim?” takonku.

“Ooo…kowe, kleresan. Tulung ya wiwit saiki kowe aja cerak-cerak maneh karo anakku. Kowe ora pantes kanggo anakku, kowe bakal ngrusak masa depane anakku!”

“Aku ora bisa bu!”

“Kudu bisa!”

“Aku tresna mas Heri bu!”

“Alah, pretttt. Janjane kowe butuh apa saka anakku? Dhuwit, bandha, ngomongo!”

“Aku mung pengen bisa urip karo mas Heri!”

“Kowe kudu ngadohi anakku apa kowe bakal nampa akibate dhewe!”

Bu salim ngancam aku banjur ninggalke aku ning ngarrep emper karo eluh sing isih teles ning pipiku. Aku ora nyangka bu Salim bia dadi kaya ngono, kamangka biyene nggenah nek karo aku. Naming gara-gara sikilku sing lumpuh iki wong wadon kuwi bisa dadi kaya cakil kelangan udele.

Sakrampunge kuwi langsung wae nemoni anakke sing nembe mangan ning pawon. Mas Heri diseneni entek-entekan, wis ora entuk ngojek maneh wong anakke priyayi sugih kok seneng dadi tukang ojek. Wis ora entuk ketemu maneh karo aku. Nanging mas Heri ora bisa trima, mas Heri malesi omongane ibune. Nanging ibune tetep ngeyel, wong loro padha eyel-eyelan.

“Her, saikine kowe milih aku ibumu apa bocah jempor kuwi!”

“Bu…”

“Milih sapa?”

Bu salim nggetak karo tangan tengene nyangking peso saka ndhuwur meja.

“Bu, aja bu!”

“Milih sapa?”

“Bu, aja!”

Wong loro padha oyok-oyokan peso. Wong loro padha keker olehe nyekel peso. Ora dinyana klendran, peso lena nyanthol ning dhadhane mas Heru.

“Mas Heru…………….!” Bengokku banter.

Mripatku melek sing katon mung ndhuwuran kamarku. Aku isih krungu suwara kemritik udan ning ndhuwur gendheng, jebulnkabeh mau mung ngimpi. Kabeh mau ora nyata, mung ning njerone impenku. Menawa wae amarga rassa kuwatirku karo mas Heru, kuwatir nek kedaden apa-apa sing elek karo wonge. Aku wedi, aku ajrih, aku ora lela nek nganti kelangan mas heri. Siji-sijine wong lanang sing nduweni lungiting tresna karo awakku lan siji-sijine wong sing tak tresnani.

Esuk aku keprungu kabar nek bu Salim sewengi lagi wae tiba saka saka andha lante loro omahe. Sikil kiwane poklek, lan saikine nembe digawa ning Rumah Sakit. Aku ora bisa nglakoni apa-apa, aku ora bisa sowan niliki bu Salim amarga kahananku sing kaya ngene. Aku mung bisa ning omah karo jaga warunge ibu ngenteni ibune mas Heri bali saka rumah sakit. Ning warung makan ibu ki aku tansah kepikiran kluwargane mas Heri. Aku mikirke kahanane bu Salim sing jarene tiba nggludhung saka andha lan sikile kegencet lemari. Kabare sikile mati siji ora bisa nggo mlaku, nanging aku durung ngerti kahanane dhewe. Jajane aku pengen nanging aku ora bisa. Kala wingi wae aku wis diancam kaya ngono, aku ora wani. Aku krungu saka lik Parmin jarene wonge ning kana nangis wae karo nyeluk-nyeluk jenengku. Aku ora ngerti apa sebabe, apa wong kuwi ngutuk aku apa mbuh aku ora ngerti. Apa wong kuwi sadhar bisa ngrasakke apa sing dak rasakke saiki. Wengine mas Herimara ning omahku kepengen ngajak aku manggihi ibune sing lagi lara ning Rumah Sakit.

“Aku wedi mas!” jawabku.

“Ora apa-apa dhik!” aleme mas Heri.

“Aku ora wani!”

“Ibu pengen ketemu kowe dhik…,”

“lhoh…,” aku bingung.

“iya, sesuk jam wolu tak pethuk ya?”

Esuk kuwi aku karo mas heri mangkat ning rumah sakit numpak mobile pak Salim, bapake mas Heri. Ning sajrone mobil aku mung tansah tratapan atiku ndredheg, rasanwedi ora karuan ngebaki pikiranku. Aku mung bisa merem ora bisa mbayangke apa sing bakal dilakoni bu Salim karo awakku. Tekan rumah sakit aku dijurung mas Heri nganggo kursi rodhaku tumuju kamar oprasi nomer sewelas.

Ning njero kamar wis ana Pak Salim, Fajar adhine mas Heri nomer loro, karo lik Herman adhine pak Salim.

“Reneya ndhuk!”

“Nggih Bu!” jawabku.

Aku disurung mas Heri menyang dipan wesi nggone bu Salim turon.

“Aku njaluk ngapura ya ndhuk, aku mung mikirke awakku dhewe ora bisa nyenengke anakku!”

“Iya bu, sampun tak ngapura. Lha ibu pripun kahanane saiki?”

“Iki mung keteliyer patah sithik, jare dhokter sewulan wis mari. Ndhuk saiki aku kaya ngene, aku ora bisa ngrasakke nek saumpama aku dudu kowe. Aku nduwe niyat kanggo nambakke kowe ndhuk!”

“Tapi bu…,”

“Wis, ora apa-apa!”

***

Semoga artikel Nalika Rodhane Muter bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter