-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

KANCAKU MUSUHKU

Dening Yoni

Dina wis mulai peteng, srengenge wis temutup gunung. Mung ana suara adzan keprungu saka kadohan. Langite rada mendhung, hawane atis aras-arasen kanggo adus. Nalika iku ana sawijininging bocah enom lagi turon ning ngarep teras. Sajakke sayahen amarga sedina mau ngurusi bocah-bocah mahasiswa anyar. Anto pancen kesel dadi panitia orientasi kampus. Asale pancen saka Bandung, nanging bahasa jawane lumayan lancar. Amarga wis cukup suwe kuliah ning Semarang. Sewengi mau wis ora turu, ora mikir apa-apa. Sing ana ning pikirane namung mie ayam karo teh anget.

“Tok, piye kok turu wae !” Takon kancane sing nembe teka.

“Alah…embuh! Aku kesel banget…” Anto mangsuli.

“Cewek mu…?” Tambahe.

“Ki kenalan dhisik karo adhik ponakanku saka Jakarta !”

“Sherly…!” Sahure satunggaling bocah wadon sing manis praupane kanthi swara sing renyah agawe ndredek atine Anto, jaka lanang sing bubar diputus pacare.

“Aku….aku….! Aku Anto…dari Bandung !” Jawabe Anto gemeter.

“Kok milih kuliah di Semarang ?” Tambahe.

“Seneng wae, emange kena apa ?”

“Lho, bisa basa jawa tho…oalah !”

“Aku isih keturunan Jawa, nanging ning kene aku njupuk jurusan basa Indonesia!”

Sedina mau Anto atine seneng banget bisa nemu bocah sing enak diajak jejagongan. Apa maneh bocah mau isih tanggane. Bocah loro mau lagi sedina ketemu nanging wis kaya kenal suwe. Anto ngentekna dina iku karo bocah wadon sing manis mau. Malah-malah pas dina iku Sherly nginep ning kose kangmase sing siji kos karo Anto amarga durung golek kos. Anto terus wae ngrewangi Sherly nyiapake sangu kanggo orientasi sesuk. Apa maneh Anto iku panitia, dadi ya saya gampang nguruse.

Dina ganti dina wulan wis diliwati bocah loro mau saya raket wae, kayake ing sajroning ati bocah loro mau wis ana rasa sing lair saka benih-benih katresnan. Nganti wektune teka, Anto lagi lenggahan dhewe karo Sherly ana taman.

“Sher….!” Sumahure Anto

“Iya…!” Sherly uga mangsuli.

“Aku cerak karo kowe niki kowe ora apa-apa?”

“Ora, kenapa ?”

“Nek menawa bojomu ngamuk…!”

“Bojo itu apa ?”

“Pacar !”

“Ooo…nggak ada tuh !”

“Nek arep ndaftar isih ana formulire pora ?”

“Buwat kamu nggak usah pake formulir juga aku terima !”

“Tenan Sher…!”

“He-em…”

Nalika Sherly diajak mlaku-mlaku, Anto sida metu uneg-unege saka jerone ati kang polos mau. Rasa kang ora bisa dipendem maneh.

“Nalika tak pandeng mripatmu sing bening iku, wektu iku uga aku tresna karo sliramu. Nalika esemu sing manis kuwi ngetokke suminare atimu kang tulus! Nalika suwaramu sing alus kuwi keprungu kupingku, wektu iku uga aku tresna sliramu! Aku njaluk ngapura marang kowe yen aku ngomong kaya ngene. Nanging aku ora kuwat ngempet rasa iki….!”

“Mas, sakbenere aku lah ya wis suwe ana rasa karo kowe !”

“Trus…!”

“Kalau aku yang ngomong duluan kan saru !”

“Dadi !”

“Aku gelem Mas, aku siap dadi bojomu. Alahhh…pacarmu !”

“Bisa aja kamu !”

Wengi iku dadi saya endah nalika gathukke bocah loro sing lagi nandhang tresna. Linenggahan ing sangisore suminare cahya rembulan kang madhangi ati bocah loro mau. Ning njero ati mung ana kembang isine. Kasmaran nalika tangane Anto nyekel tangane sedherek ayu iku. Digenggem kenceng tangan mau, rasane ora pengen diuculake. Sherly mung bisa ngrasakke angete rasa asih saka tanganne. Kemerlipe lintang wengi iki kaya-kaya nyekseni bocah loro dadi siji.

Nanging saiki Anto wis saya sibuk ngurusi kegiatane, jarang ngapeli. Sing Sherly dhewe saben marani Anto terus-terusan ora ana. Malah sidane dadi kerep njagong karo kancane Anto sing jenenge Fajri, kanca rakette Anto. Nganti katiwasan, Anto krungu kabar nek pacare mau selingkuh karo Si Fajri.

“Huuuuaaaaaaccccchhhhhh……….!”

“Asem kabeh, sial…, brengsek…!” Sosote Anto.

“Wis tho, Tok. Ora usah ngono,sapa ngerti ora kaya ngono !” Alem kancane.

“Ora piye, aku ngerti dhewe bocahe padha boncengan ! Mulane sih tak kira ya ora ana apa-apa, nanging…”

“Ditakokki dhisik bocahe !”

“Wis, lunga….!”

Glontang…..brakkkk….piyar… ! Suwara-suwara barang padha dibantingi keprungu saka kamare Anto. Atine wis kadung remuk, ora ana sing bisa nambani larane. Dhewekke ora percaya nek Sherly bisa nglakoni tumindhak kaya kuwi. Mangka rasa percayane Anto karo bocah wadon mau ngluwehi apa wae. Dina iku saumur-umur nembe ngrasakke lara ati kang kaya ngene. Ora nduwe semangat urip, apa maneh mung kanggo mangan sega. Welas sanget kahananne Anto wektu iku. Kanca-kancane uga melu sedih ngonangi kadadeyan kaya mangkono. Nanging ora bisa nglakoni apa-apa, arep ngomongi padha wedi. Nanging nek diumbarna saake.

Ning wektu kaya mengkono Fajri kanca rakette sing kudune ngeneng-ngeneng, malah lunga ning ngendi ora ana sing ngerti. Mestine bocah lanang mau lunga karo Sherly, cah wadon sing nggawe lara atine bocah lanang sing isih polos kuwi. Tega-tegane Si Fajri ngianati Anto sing wis kaya dulure dhewe. Mangka Anto wis percaya banget karo kanca sak kos-kosane mau. Pancen pasangan iki padha ora nduwe rasa, wis diwenehi ati malah ngrogoh tai. Bareng telung dina ora ana kethok, akhire Fajri balik mara kose.

“Tok, aku pengen njaluk ngapura karo kowe !” Omonge Si Fajri.

“Ngapura apa ? Asem ya, kowe isih wani nemoni aku !” Jawabe Anto.

“Kowe pancen tega tenan, Ri ! Kowe sing tak percaya malah mbalela !”

“Ya aku salah, mula aku saiki njaluk ngapura !”

“Wis telat….”

“Sherly isih seneng karo kowe !”

“Nek pancen ngono kenek apa gelem karo kowe ?”

“Aku mung pelarian …!”

“Alaaaahh….ndobol ! Kowe ora usah ngapusi !”

“Tenan…..! Tenan Tok, tenan !”

“Alah lunga kana kowe !”

“Sik, nek pancen ngono sok malem minggu kon mrene !”

“Iya…iya….! Bocahe mesti geleme…”

Bubar saka kana langsung wae Si Fajri mara ning kos-kosane Shrely, kanggo ngomongna perkara mau. Ing jero atine Fajri wis radha tentrem Anto gelem maringi kesempatan maneh. Wis tekan panggonan motor dijagangke, langsung ngetok lawang kos-kosane. Kabegjan sing mbukak lawang mau Sherly dhewe. Rai polose isih ketara, bocah sing lagi tangi turu mau isih durung kumpul nyawane. Ning ati kang polos mau ara dinyana ana sifat sing kaya mengkono kuwi. Ngadol rasa tresnane karo wong liya, ngianati wong sing paling tresna karo awakke.

“Sher, aku pengen ngomong karo kowe !” Ajakke Fajri.

“Ngomong apa ?” Wangsulane bocah wadon sing lagi lungguh ning sisihe kuwi sing lagi ngganggo kaos njambon karo celana tiga perempat, tambah kethok manise.

“Sok malem minggu kowe mara ning kosku ya, marani Anto !”

“Piye ya, aku ora wani….! Aku ajrih !”

“Wis, pokokke mara wae…, ora apa-apa ana aku !”

“Nanging aku tetep wedi…!”

“Kok pethuk wae ya….”

“Ya ora isa, bisa-bisa Anto malah tambah ngamuk !”

“Ya wis, nanging aku tak ngejak kancaku ya !”

“Karepmu pokokke teka !”

Sedina bocah loro padha ngrembug perkara kuwi. Anteng-anteng wae, kaya-kaya ora nduwe utang.

Dina sing dienten-enteni wis teka, Anto wis linggih ana ing ngarep teras. Mikirna nelangsane uripe sing kaya kuwi, nanging sajakke wonge wis radha ayem. Ora bengok-bengok kaya wingi, mbantingi saanane sing dingerteni. Sing Fajri mung gitar-gitaran ning pojokan, ora wani omongan karo Anto sing katon isih abang mripate. Ora antara suwe, kira-kira bubar maghrib Sherly teka karo kancane langsung njujug Anto sing lagi ngalamun. Ngerti kaya ngono, Fajri nyelunung wae mlebu kamar.

“Kena apa, Sher ? Kena apa….”

Sherly meneng kuweden.

“Kena apa kowe nganti tega nglakoni perkara kaya ngene ?”

Sherly isih meneng ora wani ngomong apa-apa.

“Aku ora arep ngamuk karo kowe, Fajri apa sapa wae ! aku mung pengen kejelasan. Saka kowe. Kowe bocah wadon sing tak tresnani temenanan tega ngianati wong lanang sing ringkih kaya aku iki. Malah-malah kowe karo kanca cerakku dhewe…! Apa kowe wis puas nggawe atiku lara ?” Omonge Anto dhawa karo sedherek manis sing nggawe lara atine.

“Aku…, aku…”

“kowe apa ?”

“Aku ora sengaja !”

“Ora sengaja piye !”

“Sik tho, aku pengen ngomong !”

Anto meneng keprungu suwara mau.

“Aku janjane ya ora pengen kedadeyan kaya ngene ! Aku rumangsa kurang, kowe saiki jarang nemoni aku. Mangka kowe ngerti aku iki butuh kowe ? ketemu paling seminggu pisan ora mesthi ! Nek pas aku butuh kowe, aku mrene kowe ora ana terus. Sing nemoni lan ngancani aku malah Si Fajri, kiraku bocahe nyambungan, enak diajak njagong. Aku lah ora ngira nek dadine kaya ngene !” Jawabe Sherly kanthi netesna eluh saka mripate netesi pipine sing putih resik.

“Aku ngerti, aku pancen salah !”

“Ngerti ngono, kenapa kowe ora ngomong karo aku ! Kowe ya ngerti saiki aku lagi akeh kegiatan. Nek pancen ora ana kegiatan, kowe…..kowe wong nomer siji sing tak parani !”

Mung hawane sing sedih kaya kuwi malah nggawe suasana dadi tambah sedih. Wong loro wis padha nangis ora bisa ngemet apa sing ning njero ati. Fajri sing ning jero kamar nduwowok melu-melu nangis.

“Saiki aku pengen takon !”

“Apa, Mas !”

“Apa kowe isih tresna karo aku !”

“Tresnaku saiki isih kaya winginane mas, ora kalong..,”

“Saiki aku takon maneh ! Kowe tresna karo Fajri….?”

Sherly meneng wae.

“Fajri……., fajri……!” Bengoke Anto nyeluk Fajri sing ning kamar.

“Ana apa ?” Jawabe.

“Linggiha kene kowe…!aku pengen ngomong !”

Ning ngarep teras omah kos-kosan kuwi ana bocah telu sing lagi nangis-nangisan. Suwasanane wis tambah sedih maneh,wis ora ana maneh sing bisa mesem apa mneh ngguyu.

“Sher, aku takon maneh ! Apa kowe isih seneng karo aku…..”

Sherly tetep meneng.

“Fajri, apa kowe seneng tenan karo Sherly ….”

Fajri meneng sisan.

“Sher, ngene wae nek kowe pancen isih seneng karo aku tanganmu mrenekna! kowe barang Jri, nek kowe isih pengen dadi kancaku, mrenekna tanganmu !” Omongane Anto kanti suwara ngombak amarga tangise.

Bocah loro sing ana ning ngarepe Anto kuwi padha menehna tangane ning tangane Anto karo nangis-nangis. Ora ngerti apa sing dipikirake Anto, tangane bocah loro mau malah ditemokake.

“Sher…, Jri…saiki aku pengen kowe cah loro dadian !”

“Tok…” Omonge fajri bengok sinambi nangis.

Knca-kancane Anto uga padha meli nangis sinambi nginceng kadadeyan mau sak cendela kamar kos ngarep.

“Aku…aku…” Sherly melu-melu ngomong.

“Wis, aku ikhlas !” Omonge anto.

“Aku ora bisa Tok, aku ora bisa nampa surga nek kowe enthuke neraka !”

“Mas, aku lah ya isih seneng kowe !” Omonge Sherly karo nangis mingsek-mingsek.

“Jri, percaya…aku tetep enthuk suwarga !

“Sing penting kowe cah loro seneng aku melu seneng !” Omongane Anto karo ngusapi eluh sing bubar mili karo ngempet nangise.

“Wis aku tak lunga dhisik…!”

“Thok, arep ning endi !”

“Mas, aja tinggal aku !”

“Wis kowe padha ning kene wae, aku lagi ana perlu !”

Mentas saka panggonan kuwi Anto nyandhak montore langsung amblas saka papan kuwi. Bocahe wis mungkiri apa sing dadi atine. Nyata mau, Anto nggathukake Sherly karo Si Fajri, ing mangka jero atine nangis. Nganti numpak montore ya semrawut. Samber kana, samber kene arep nabraki wong sing diliwati. Ora ngerti apa sing di tuju wonge njujug gedung kampus langsung munggah ning lantai telu.

Ning kana mung Anto dhewekan lagi ngalamun ngiling-ngiling kadadeyan mau. Pikirane wis ora ana waras-warase. Mung isine pengen mati. Nganti pikiran cendak metu saka atine.

“Huuaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaccccc……….ccccccchhhhhhhhhhhh!” Bengokke Anto bantere pol saka lante telu.

“Ndonya ora adil….,”

“Ndonya tego karo uripku !”

“Apa pancen ndonya pengen medhot uripku ?”

“Nek Pancen ngono….”

Anto munggah ning tembok sing dadi alang-alangan siap arep mlumpat. Mung ora sengaja wae sikile kepleset, bocahe tiba nanging tangane isih sempet nyandhak pucuke tembok mau kanggo cekelan. Nanging ning pikirane isih pengen mlumpat. Nanging wektu dhewekke arep mlumpat, tangane wis dicandhak kancane.

“Wis tho….uculna tanganku ! Umbarna aku modar !”

“Aja ngono Tok, masalah wedokan wae nganti ngono !” Omonge kancane.

“Kowe ora saake karo wong sing ning omah piye ?”

Anto meneng karo mikir.

“Wis ora ana gunane aku urip, nek sing ning omah ngerti aku kaya ngene mesti luwih lela nek aku mati !”

“Kowe salah Tok…, kowe salah ! kabeh mbutuhna kowe !” Omongane kancane karo natesna eluh.

“Kabeh pengen kowe…”

“Aku ora layak urip !”

“Ora kaya ngono Tok, urip iku anugrah. Kudu disyukuri…!”

“Pikirna bapak ibumu sing ngarep-arep kowe bakal sukses, bisa ngrewangi wong tuwamu golek dhuwit. Kowe kudu urip…!”

Anto meneng terus mikir-mikir, eling karo wong tuwane. Dhewekke ish rumangsa ning ndonya iki durung nganti gawe seneng wong tuwane. Wong tuwane sing kawit cilik ngrumat awakke kanti welas lan asih. Alon-alon Anto gelem munggah direwangi kancane mau.

“Kena apa Tegaaaaaaaaa….!” Bengokke maneh.

“Wis…., wis…..” Neng-neng kancane.

“Ndonya ora adil karo aku…….!”

“Tresna aku pengen ngerti wujudmu…..!”
Semoga artikel KANCAKU MUSUHKU bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter