-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: Sejarah Bahasa Jawa

Ing rubrik LSW JB No. 28 Minggu II sasi Maret 2006, Bapak Yusuf Asmara mundhut priksa bab

sejarahe akasara Jawa. Yen ora kleru sing dikersakake Bapak Yusuf Asmara iku aksara Jawa

anyar kanthi aksara legena cacah 20 wiwit HA nganti NGA. Yen bener mangkono, keparenga

penulis ngaturake tulisan bab sejarahe aksara Jawa kasebut, ringkesan saka sawatara bukubuku

kapustakan. Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi) babarane Yayasan Pustaka

Nusantara Yogyakarta diandharake manawa ngrembug sejarahe aksara Jawa anyar kang uga

diarani sastra sarimbagan utawa carakan iku ora bisa dipisahake karo rembug bab kelairan lan

pandhapuke aksara kasebut. Miturut Bp Slamet Riyadi ing bukune kang isi kelairan, penyusunan,

fungsi, lan maknane Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebut ana konsepsi cacah loro kanggo nlusur kelairane

aksara Jawa lan penyusunan abjad ha-na-ca-ra-ka, yaiku konsepsi secara tradisional lan

konsepsi secara ilmiah. KONSEPSI SECARA TRADISIONAL Adhedhasar konsepsi secara tradisional

laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular

(dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan

keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana

Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi. Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake

para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara

suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan

Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong

saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur

nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa

pusaka. Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi

ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka

marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka,

kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji

Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna. Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo

Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris

pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada

puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal

netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur

pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh

ketaman keris sing dienggo rebutan. Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak

Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo

Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada

padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora

lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine

ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Duga lan

Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka

sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa

legena cacah wong puluh wiwit saka HA nganti NGA. HA NA CA RA KA Ana caraka (utusan) DA

TA SA WA LA Padha suwala (padudon, pancakara) PA DHA JA YA NYA Padha dene digdayane MA

GA BA THA NGA Wasana padha dadi bathang Iku mau konsepsi secara tradisional bab kelairan

lan penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi

patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling (memoteknik),

mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa. Abjad sing kaya guritan lan

digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar

padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada. KONSEPSI SECARA ILMIAH

Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, sadurunge wong-wong India angejawa, wong Jawa durung

duwe aksara. Basa pasrawungane mung nggunakake basa lesan. Kanthi anane aksara kang

digawa saka India kasebut saka sethithik basa tinulis wiwit digunakake. Pancen aksara ora mung

dadi piranti komunikasi sarana tulisan, nanging luwih saka iku aksara uga dadi ukuran

kemajuane budaya sing ndarbeni aksara kasebut. Peradaban sing wis nggunakake basa tinulis

kanyatan luwih maju tinimbang sing ora/durung duwe aksara. Miturut Casparis, sajroning

sejarah peradaban etnik Jawa, tulisan sing paling tuwa ditemokake awujud prasasti kanthi

nggunakake aksara Pallawa, nuduhake tandha wektu sadurunge taun 700 Masehi. Sadurunge iku

etnis Jawa mung nggunakake basa lesan. Sawise ditemokake sawatara prasasti liyane, baka

sethithik ditindakake studi paleografi (ilmu kanggo nyinaoni aksara kuna). Miturut studi

paleografi sing ditindakake Casparis, ana limang periode aksara Jawa. Periode kapisan (aksara

Pallawa) dening Bp. Atmodjo diperang maneh dadi loro. Kanthi mangkono kabeh ana nem

periode, yaiku: 1. Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake sadurunge taun 700 M. Contone

tinemu ing prasasti Tugu ing Bogor. 2. Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake ing abad

VII lan tengahan abad VIII. Tinemu ing prasasti Canggal ing Kedu, Magelang. 3. Aksara Jawa

kuna kawitan, digunakake taun 750-925 M, contone tinemu ing prasasti Polengan ing Kalasan,

Yogyakarta. 4. Aksara Jawa kuna tataran pungkasan, digunakake taun 925-1250 M, tinemu ing

prasasti Airlangga. 5. Aksara Majapait, digunakake ing taun 1250-1450 M. tinemu ing prasasti

Singosari lan Malang, sarta ing lontar (ron tal) Kunjarakarna. 6. Aksara Jawa anyar, digunakake

taun 1500 M nganti saiki. Tinemu ing Kitab Bonang lan buku-buku sabubare iku. Lair lan

ngrembakane aksara Jawa raket sesambungane karo lair lan ngrembakane basa Jawa. Aksara

Jawa anyar lair sawise basa Jawa anyar digunakake kanthi resmi ing sajroning pamarentahan,

saora-orane wiwit taun 1500 M. Wektu kasebut punjere pamarentahan ing Jawa ana ing Demak.

Mula ana sing duwe panemu manawa aksara Jawa anyar wiwit digunakake kanthi resmi nalika

jaman Demak. Panemu iki disengkuyung antara liya karo bukti awujud naskah kanthi tulisan

aksara Jawa anyar yaiku Kitab Bonang. Bab taun kelairane aksara Jawa iki padha karo

andharane Bp. Moch. Choesni ing majalah JAMBATAN edisi khusus babaran Lembaga Javanologi

Surabaya kang didumake marang para peserta Kongres Basa Jawa II ing Batu, Malang sasi

Oktober taun 1996. Nanging beda versine. Bapak Moch. Choesni nggathukake kelairane aksara

Jawa anyar karo tekane muhibah utawa kunjungan persahabatan saka Tiongkok menyang tanah

Jawa (Majapait) kang dipandhegani Laksamana/Jendral Cheng Ho (Jeng Ho) kanthi ngirid

wadyabala pirang-pirang ewu cacahe sikep gegaman. Ing rubrik Opini koran Jawa Pos Senen, 15

Agustus 2005, kanthi irah-irahan Cheng Ho dan Nebula China, Dr. Asvi Warman Adam (ahli

peneliti LIPI Jakarta) nyebutake ekspedisi kapisan numpak prau cacah 300 kanthi penumpang

27.000. Ma Huan, penerjemah sing wis ngrasuk agama Islam, uga melu dadi penumpang. Bp.

Moch. Choesni nyangga-runggekake (meragukan) apa bener tekane caraka kanthi sandiyuda Sam

Poo Kong sing diwerdeni tiga perkasa pembalas dendam samono akehe iku ‘kunjungan

persahabatan’ kang tulus? Apa ora ana gandheng-cenenge karo pangrabasane wadya bala

Tiongkok kang sumedya nguwasani Singasari sing digagalake dening Raden Wijaya lan Arya

Wiraraja dhek taun 1293? Ma-ga-ba-tha-nga alias “mangga batangen”, mangkono pepuntoning

andharan sawise ngonceki kanthi njlimet surasane ha-na-ca-ra-ka (ana utusan), da-ta-sa-wa-la

(tanpa peperangan), lan pa-dha-ja-ya-nya (padha jayane, kasembadan sedyane). Ing ngarep wis

diaturake, secara tradisional urutan abjad ha-na-ca-ra-ka digathuk-gathukake karo legenda Aji

Saka. Nanging data literer nuduhake menawa naskah utawa teks sing ngemot urutan utawa

abjad ha-na-ca-ra-ka ora mesthi digathukake karo legenda kasebut. Upamane Serat Sastra

Gendhing, Serat Centhini, Serat Sastra Harjendra, Serat Saloka Jiwa, lan Serat Retna Jiwa.

Kabeh serat (buku/tulisan) kasebut isi abjad ha-na-ca-ra-ka kagandhengake karo filsafat utawa

ngelmu kasampurnan. Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi), ing perangan kang

ngrembug bab makna filosofis ha-na-ca-ra-ka, dibabar ora kurang saka 20 warna filsafat ha-naca-

ra-ka miturut daya nalar, wawasan, lan tujuane sing gawe makna filosofis dhewe-dhewe. Ing

majalah Jambatan kasebut ing ngarep ana nem jinis makna filosofis. Durung kalebu sing ana

makalah-makalah liyane. Beda karo kang kasebut ing Serat Manikmaya, Serat Aji Saka, lan

Serat Momana sing padhadene nggathukake karo legenda Aji Saka. Ing buku-buku kasebut abjad

ha-na-ca-ra-ka diarani sastra sarimbagan. Jalaran larikan kapisan abjad Jawa anyar iku unine

ha-na-ca-ra-ka, mula luwih dikenal kanthi jeneng carakan kaya ing Sundha lan Bali. Miturut

panalitine Prof. Dr. Poerbatjaraka, Serat Manikmaya dikarang dening Kartamursadah ing jaman

Kartasura, ing taun 1740 Jawa utawa taun 1813 Masehi. Dene abjad Jawa sing luwih tuwa

diarani ka-ga-nga, awit manut wewaton abjad Devanagari ka-kha-ga-gha-nga. Serat Manikmaya

ditedhak (disalin) dening Panambangan, punggawa Mangkunagaran, lan ing taun 1981 dibabar

dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan kanthi irah-irahan Manikmaya. Apa ana naskah

liyane isi legenda Aji Saka sing luwih tuwa tinimbang Serat Manikmaya, durung kaweruhan, awit

miturut Wiryamartana naskah-naskah saliyane Serat Manikmaya sing ana abjad hanacaraka-ne

keh-kehane ditulis ing wiwitane abad XIX. Yen ta Serat Manikmaya mujudake naskah sing paling

tuwa, bisa dipesthekake manawa anane abjad ha-na-ca-ra-ka wiwit jaman Kartasura. Miturut

Uhlenbeck, abjad ha-na-ca-ra-ka digunakake sawise adoh lete karo wektu sedane Sultan Agung

(1645 M) utawa antarane jaman Amangkurat I lan Amangkurat II. Bisa uga ing jaman Sultan

Agung wis ana gagasan bab abjad kasebut. Bab iki adhedhasar data literer anane restrukturisasi

(pemugaran) kabudayan Jawa ing jaman Sultan Agung. Upamane, salah siji sing tumekane saiki

bisa kita rasakake, yaiku anane pananggalan Jawa. Pananggalan kasebut mujudake gabungan

antarane kalender taun Saka karo kalender taun Hijriah. Kajaba saka iku, ing naskah-naskah

sadurunge jaman Sultan Agung ora ana abdjad ha-na-ca-ra-ka. Ora bisa kita selaki aksara Jawa

kanthi abjad ha-na-ca-ra-ka sing umure wis atusan taun kasebut wis akeh lelabuhane. Cundhuk

karo saya majune panalaran lan wawasane sing duwe kabudayan, aksara Jawa minangka

perangane kabudayan Jawa, minangka fungsi literer uga tau ngalami owah gingsir mligine ing

bab wewaton panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa. Sadurunge Kongres Basa Jawa I ing

Semarang sasi Juli 1991, wis ana ada-ada ngruwat abjad ha-na-ca-ra-ka. Patine Dora lan

Sembada kanthi memelas amarga dadi korban pemimpin sing mencla-mencle ora netepi janji,

dianggep ora cocok karo alam Indonesia Membangun sing mbudidaya ngundhakake

pembangunan lair lan batin. Sawatara pemakalah ing Kongres Basa Jawa III ing Yogyakarta Juli

2001, malah gawe ada-ada owah-owahan bab tata panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa.

Kepriye babaring lelakon aksara Jawa sateruse, iki pancen dadi PR-e sapa bae kang pancen isih

padha ngrumangsani melu handarbeni, hangopeni, lan hangrungkebi budaya Jawa.


Ature: M.

Soemarsono JB 40/LX, 4-10 Juni 2006

Kaaturake dening: Minggon Jaya Baya | 5/28/2006 02:35:00 PM


Titikanipun:

karangan menika kalebet narasi, inggih menika ngandharaken bab sejarahe aksara Jawa

kasebut, ringkesan saka sawatara buku-buku kapustakan. Ing buku HA NA CA RA KA. Lan bab

patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani

kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada.

Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit

saka HA nganti NGA. HA NA CA RA KA Ana caraka (utusan) DA TA SA WA LA Padha suwala

(padudon, pancakara) PA DHA JA YA NYA Padha dene digdayane MA GA BA THA NGA.

Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Sejarah Bahasa Jawa bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter