-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: RIWAYAT KOTA REMBANG

Sejarah Jenenge Kutha Rembang

Sekitar taun Saka 1336 M, ana wong saka Campa Banjarmlati teka cacahe wolu, kabeh kuwi mau wong sing pinter gawe gula. Kabeh wong Campa mau pindah saka negerine banjur mangkat ngliwati segara kulon nganti tekan mendarat ing sekitare kali sing kiri kanane diuripi wit Bakau.Rombongan kuwi dipimpin kakek Pow Le Din.
Wektu mendarat kabeh rombongan kuwi nglakoni do’a lan semedi, banjur dheweke ngawiti nebang wit Bakau lan diteruske dening liyane.Sakteruse tanah sing wis dibuka kuwi didadeake lahan pategalan, pekarangan, perumahan lan perkampungan. Kampung kuwi dijenengi KABONGAN asale saka tembung Bakau dadi Ka – Bonga – An.


Sawijining dina pas srengenge arep metu ing sasi waisaka wong –wong arep padha mulai ” ngrembang ” (mbabat, mangkas ) tebu. Sedurunge ngrembang diwiwiti, sedurunge dhisik dianakake upacara suci sembahyang lan semedi ing panggonan tebu serumpun sing arep dipangkas. Upacara pemangkasan tebu iki dijenengi ”ngrembang sakawit” saka tembung iki banjur dadi tembung REMBANG didadeake jeneng kutha Rembang ing wektu iki. Miturut Shahibul Hikayat upacara ”ngrembang sakawit” dina Rabu taun Saka 1337 nganggo Candra Sengkala : Sabda Telu Wedha Isyara.
Metune Pemerintah kabupaten Rembang
Wektu biyen asale jeneng kabupaten Rembang didadeake kutha utawa wilayah durung nganti bisa dibuktiake nganti tepat. Perkara iki disebabake amarga sumber –sumber utawa bukti – bukti tertulis sing nyritakake babagan Rembang utawa aktifitas kotane durung ditemukake. Salah sijine sing sumber saka penuturan crita nganti turun temurun lan di tulis saka mbah Guru diarani yen jeneng Rembang asale saka Ngrembang sing artine ”nebang tebu’ . saka tembung Ngrembang iki sing didadekake jeneng kutha Rembang nganti dina iki.
Metune pemerintahan kabupaten Rembang ing jaman kolonial Belanda ana hubungane karo akibat saka perang Pacinan. Kedadiyan perang pacinan pas wektu iku akibate saka peraturan lan kelakuan sakepenake dhewe. Saka wong Belanda (VOC) ing Batavia pas taun 1741 sing banjur nyebar nganti sekabihane Jawa kalebu Jawa Tengah. Ing taun 1741 ana peperangan ing Rembang dipimpin Pajang pas wektu iku kutha Rembang dikepung nganti sesasi lan Garnisun Kompeni sing ana ing kutha Rembang ora bisa ngadhepi pemberontak. Masyarakat Rembang ing ngisor Pemerintahane Anggajaya nganggo semboyan perang suci nganti perlawanan sing luar biasa akhire bisa ngancurake Garnisum Kompeni, dadi ing tanggal 27 juli 1741 dikukuhake dina dadine kabupaten Rembang karo Surya Sengkala ”SUDIRO AKARYO KASWARENG JAGAD”Sing artine wani bisa gawe kita terkondang ing donya.
Ning kutha Rembang yo ana desa cilik jenenge jenenge Bonang panggonane ing lasem sekitar 15 kilometer wetan kutha Rembang. Bonang kuwi kajipuk saka Sunan Bonang saka anak Sunan Ampel sing kalebu putune Maulana malik Ibrahim. Jeneng cendhak Raden Makdum Ibrahim, lair sekitar 1465 M saka Nyi Ageng Manila, putri Adipati ing Tuban. Sunan bonang sinau agama saka pesantren Ramane ing Ampel Denta. Sakwise gedhe dheweke ngrantau kanggo dakwah ing pelosok pulau jawa . awale dheweke dakwah ing Kediri sing mayoritas masyarakate agama Hindu. Dhewekw ngedeke masjid Sangkal Daha. Sakbnajure dheweke netep ing Bonang. Ing desa kuwi dheweke ngedekake panggonan pasujudan lan pesantren sing saiki di jenengi Watu Layar.
Taun 1525 M Sunan Bonang meninggal, jenazahe dimakamke ing Tuban ing kulon mesjid Agung, sakwise nganti direbutake masyarakat Bawean lan Tuban. Masyarakat ngenal Bonang sawijining Piawai sing ngolek sumber banyu ing panggonan gersang. Ajaran Sunan Bonangintine ing filsafat ’cinta’(isyiq) miturut Bonang cinta padha karo iman, pengetauan intuitif (makrifat) lan ketaatan marang Gusti Allah SWT utawa hak al yaqqin. Sunan Bonag akeh ngetokake karya sastra suluk utawa tembang tamsil salah sijine yaiku suluk wijil. Sunan Bonang uga bisa ngubah gamelan jawa sing saiki kentel karo estetika Hindu ,nganggo nuansa anyar. Sunan Bonang sing dadi kreator kaya saiki karo nambah instrumen Bonang tembang ”Tombo ati” iku salah sijine karya Sunan Bonang ing pentas pewayangan Sunan Bonag kalebu dalang sing Piawai nganti bisa bius penonton.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: RIWAYAT KOTA REMBANG bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter