-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: Prasasti Gondosuli Temanggung



Prasasti Gondosuli ana ing situs Candi Gondosuli ing desa Gondosuli kecamatan Bulu Kabupaten Dati II Temanggung Propinsi Jawa Tengah.
Anggone moro menyang situs candi Gondosuli soko titik tengah kabupaten Temanggung wis ora angel, gampang diparani mergane wis ana srana dalan sig wis diaspal ambane 6 meter, uga srana angkatan umum sing ngubongake terminal Magelang-Secang-Temanggung-Wonosobo lan angkatan umum sing ngubongake terminal Semarang-Secang-Temanggung-Wonosobo wis akeh.


Mlebu dukuh Gondosuli kahanan padesanan isih kroso banget, apamaneh kiwa tengen dalan dikebaki tegalan-tegalan ombo sing ditanduri werna-werna tanduran kayata bako, cengkeh lan sakpanunggale. Ora adoh saka lawang mlebu neng obyek wisata situs candi Gondosuli katon Gunung-gunuing omah-omah lan sawah-sawah sing ijo ombo kalapis-lapis dadi katon artistic banget. Banjur pemandangan alame nentremno ati apamaneh ana kebon bako sing ombo banget.
Kanthi jarak kurang luwih 12 km saka kota kabupaten Temanggung, saka terminal Secang-Wonosobo ana dalan simpang sing ana ing kecamatan Bulu (Rumah Sakit Ngesti Waluyo), saka kene isih kudu nempoh jarak kurang luwih 3 km gawe tekan Lokasi situs, mengane Lokasi situs iki sakbenere ana ing tengah tengah desa lan tegalan, mula ora ana angkutan umum sing tekan nganti situs kuwi, dadine isih kudu ditempoh nganggo angkutan ojek. Nanging yen nganggo kendaraan dhewe, arep iku kendaraan rodho lara utawa rodho papat ora usah kangelan mengane dalane wis apik.
Prasasti Gondosuli iki ditulis utawa dipahat ana ing batu gedhi kanthi ukuran dawane 290 cm lan ambane 110 lan dhuwure 100 cm, banjur sing ditulisi ukurane 103 cm x 54 cm. Huruf sing dienggo ana ing Prasasti kuwi yaiku huruf Jawa kuno kanthi. Basa melayu kuno. Situs candi Gondosuli sing ana ing desa Gondosuli Kecamatan Bulu iki, manggoni areal lemah ombone 4.992 meter. Gawe ngenteni persise pira ombone candi kuwi tekan sakiki durong bisa dingerteni, kedadean iki amerga rupa bangunan candi wis ora utoh maneh. Apamaneh sakiki kahanan candi namung kari watu-watu sing keceder.
Prasasti Gondosuli digawesaka watu lan gawe njaga keutuhanne, wula Prasasti kuwi diwenehi bangunan sing dhuwure diwenehi seng lan diwenehi pager gawe njaga keamanan.
Yen didelok kanthi teliti wujud phisik saka candi iki ora bisa didelok kanthi jelas priye sakbenere kahanan candi kang asline, saka pihak Suaka Peninggalan Sejarah lan Purbakala Wilayah Jawa Tengah neng Prambanan wis tau arep nduduk. Ananging nalika arep diduduk wis ora bisa dirampungake mergone neng dhuwur bangunan candi sing munine kependem separo areane wis dienggo gawe kuburan umum, apamaneh nengkene ana kuburuan tokoh agama Islam yaiku Kyai Rofi’I sing dikeramatake karo wong-wong kono. Ananging amboko ngana ana ahli purbakala saka Australia yaiku Prof. Dr. J. G. Casparis ngomong yen candi Gondsuli kuwi kira-kira digawe pas abad IX, amerga iku bisa dadi yen wujud candi iku ora beda adoh karo bangunan-bangunan candi sing didegake pas wektu-wektu kuwi.
Prasasti Gondosuli iki ditulis ana ing watu gedhe mula sing ketok neng kene mung tulisane tok ora ana ragam hiasane. Bedho karo bangunan sing dienggo amerga sing ketok namung pager sing ngubengi Prasasti yaiku sing digawe saka wesi lan pager kuwi ana bundher-bundherane gawe ngapiki pager kuwi.
Neng dhuwur wis dijelaske yen wujud bangunan phisik candi Gondosuli ora utawa durong diingerteni lan dikiro-kiro ake kependhem ana ing njero lemah, dadine supaya ngerteni luwih jelas corak-ragam hias kang ana ing candi uga durang lan bisa isih angel dingenteni, anangin amboko mangkono ana ing sekitar Lokasi kuwi ana wuntuhan sisia-sisa candi sing awujud lapik, dadine bisa dadi yen candi iki isih utuh, dhewe bisa nemokake ragam hiasan kaya candi-candi liyane.
Asal usul sejarah candi Gondosuli dadine kanthi ombho uga disebabake wujud asli phisik bangunan candi durong bisa dingerteni. Amerga iku nganti tekan sakiki isih dianakake penelitian. Ananging omboko ngono nengkene ona prasast sing janake ora adoh lan watu Prasasti iku ana sisa-sisa watu candine, dadine bisa dadi yen prasasti Gondosuli iki ana kaitane karo bangunan candi kuwi.
Prasasti Gondosuli iki isine ngengingi lemah kang dihibahake sing mengkono lemah kuwi arep digunakake gawe mbangun bangunan suci (randi) lan gawe mengethi didegake patung raja (hyang haji) neng preseda sing dijenengi sang Hyang Wintang.
Yen diteliti isi Prasasti Gondosuli sing dipahat ing watu gedhe iki ana ing larik kang sepisan katon ana angka taon sing jenenge candra sengkala, muninene : “Nama Syiwa Om Mahayana Sahin Alas Partapaan Tahanguda lakiwini mendengar wa’zt tar ta pawerus darma”. Artene : “Bekti karo dewa Ysyiwa, Om Mahayana (Uwong gedhe) neng kabeh wates utan pertapan, tuo-enom lanang-wedok krungu kasil gaweyan klakuan-klakuan kang becik”.
Undangan Rakai Kayuwangi jangkepe yaiku Sri Maharaja Rakai Kayuwangi Pu Bakapala Sri Sajjanowatunga, ananging raja-raja kang mrentah neng Jawa Tengah saka Krajaan Mataram (Medang Kamulan/Mataram-Hindu keturunan Sansaya) yaiku : 1. Sanjaya, 2. Rakai Panakarn (Pasopanan), 3. Rakai Pananggalan (paninggalan), 4. Rakai Warak, 5. Rakai Garung (Rakai Petapan), 6. Rakai pikatan, 7. Rakai Kayuwangi, 8. Rakai Watuhumaing, 9. Rakai Balitung, 10. Rakai Dhaksa, 11. Rakai Tulodong, 12. Rakai Wawa.
Wawa yaiku raja tekahir ning zaman Mataram Hindu (Jawa Tengah) mantune wawa jenenge empu sendok, banjur mindahake krajaanne neng Jawa Timur lan dadi raja kang sepisan. Panggonan krajaane neng lembah Wali Brantas lan isih nganggoake jeneng Naluri Medang Kamulan (Medang).
Neng desa Gondosuli sakliyane ana candi sang Hyang Haji uga ana candi kang jenenge Shang Hyang Waning sing ana ing dusun Ngadisari lan candi-candi kuwi ora adoh jarake.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Prasasti Gondosuli Temanggung bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter