-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: Labuhan Parangkusuma


“LABUHAN PARANGKUSUMA”

Sultan Pajang menehi Ki Pamanahan buni Mataram amarga bisa mateni Arya Penangsang. Mulane Ki Pamanahan, Panembahan Senopati, Ki Jurumartani lan wong-wong sela padha pindah neng Mataram. Nanging ora suwe Ki Pamanahan tumuli seda, sinarekake ing Mataram kono.
Sasedane Ki Pamanahan, Panembahan Senopati ngganteni kalungguhane lan diangkat dadi Bupati Mataram. Nanging sajroning setaun, Panembahan Senopati ora oleh tilik menyang Pajang disik.


Ing sawijining bengi padang bulan, wayah ngarepake esuk. Ki Jurumartani weruh ana lintang gedhe kang sorote ijo padang banget, marani lan satekane ing sadhuwure olehe sare Panembahan Senopati banjur ilang. Panembahan Senopati banjur nglilir weruh cahya ing sadhuwure sare banjur musna. Ki Jurumartani pitakon : “Sira mau weruh apa?”. Panembahan Senopati : “Kados lintang panjer rina, padangipun kalangkung-langkung. Saking pangraos kula kados sampun kepareng kula jumeneng ratu”. Ki Jurumartani : “Iya bener, pancen iku mau wahyu, nanging durung tetela terang wahanane, durung kepenak yen mung nrima samene bae. Saka karepku suwunen maneh marang Hyang Widi, bisa oleh dawuh kang mitayani, sira mertapa menyang segara kidul (sakidule desa Mancingan).
Panembahan Senopati banjur lunga mengetan menyang kali Opak, terus ambyur, nglangi manut ilining banyu tekan segara kidul. Neng kono ana iwak olor sing jenenge Tunggul Wulung arep menehi pitulungan nggendong tekan telenging segara kidul. Nanging Tunggul Wulung malah dikongkon minggir. Panembahan Senopati banjur lungguh neng watu karang (Parangkusuma) lan terus mertapa.
Saking khusuke anggone tapa, mula bisa gawe segara kidul ora tentrem. Banyu segara kaya-kayane umeh, angine banter banget, mulane iku akeh banget iwak-iwak sing padha mati.
Ratu kidul sing dadi penguwasa segara kidul meruhi kahanan nagkono iku dadi duka lan age-age ndedel gana. Mirsa yen wong Agung aneng tasik lagi mesu cipta, tumuli mara. Ratu Kidul : “Lah wong Agung kersa punapa, mudara mesu cipta. Kula Ratuning lelembut segara kidul ngriki, jin, setan, brekakasan sadaya, menawi paduka karsa sineba, upami kaagen perang mesti saged mitayani. Kula ugi badhe tumut njagi katentremanipun kerajaan Mataram ngantos turun-temurun. Sumangga pinarak dalem puri?”. Panembahan Senopati banjur gelem, rerentengan priyagung loro ngambah segara ora teles. Tekan kraton, Panembahan Senopati kesengsem karo kedaton lan uga kesengsem citrane Sang Ayu Ratu Kidul. Panembahan Senopati sakwise iku dadi garwane Ratu Kidul. Panembahan Senopati : “Yayi, menawi karsa, sira ngrenggana aneng Mataram bae, aja bali ing jero samodra. Ratu Kidul :”Kula punika sampun badan alus, boten saged manggen ing donya malik. Menawi sang Nata manggih pakewet, kula katimbalana kula aturi sidakep tumenga ing langit, maos donga saba, lajeng njejeg bumi kaping tiga, kula mesti dating. Kula biyantu lestarining kaluhuran Nata.
Panembahan Senopati banjur kodur menyang Mataram. Saktekane ing Parangtritis, Kanjeng Sunan Kali rawuh, paring piwulang ing reh dadi Ratu, sastra luhuring tekad, sanajan wis sembada nanging aja duwe ati cubriya lan kibir. Sakwise paring piwulang kang akeh-akeh banjur melu kondur menyang Mataram.
Kala semana, Panembahan Senopati karo Ki Jurumartani tampa kabar saka Pangeran Benawa, menawa Sultan Hadiwijaya seda. Mula tumuli age-age mlebu kedaton. Esuke layon diangkatake menyang pasarean desa Butuh nganggo pakurmatan upacara keprabon.
Ngarepake budale para priyagung bali menyang kuta Pajang, Panembahan Senopati karo Jurumartani nemoni pangeran Benawa perlu arep dipamiti. Panembahan Senopati : “Sapa wae sing duwe niyat arep njabel bumi peparinge swargi kanjeng rama, bakal dadi mungsuhe kakang. Dimas, mula aku weling menawa ing Pajang ana rasan bab iku dimas tak suwun tumulia njawil kakang”. Pangeran Benawa : “Inggih kakangmas, kula badhe ngestokaken dawuhipun kakangmas”. Panembahan Senopati lan Pangeran Benawa padha nglairake prasetyane saguh Bantu-binantu samangsa ana gawe.
Sasedane Sultan Hadiwijaya, sing nggenteni kalungguhane dadi raja yaiku Pangeran Pangiri. Kawit biyen Pangeran Pangiri lan Panembahan Senopati wis musuhan lan ora tau cocog. Akeh rakyat lan punggawa Pajang sing ora seneng yen Pangeran Pangiri dadi Raja, mula padha ngojok-ojoki Panembahan Senopati supaya ngrebut negara. Nanging Panembahan Senopati ora gelem. “Ingsun iki rak ora duwe waris kraton Pajang. Watone bumi Mataram ora diutik-utik ingsun wis trima. Dene sing duwe waris kraton Pajang iku Pangeran Benawa ing Jipang”.
Nanging bareng tilas punggawa Pajang sing ngungsi menyang Jipang, padha nyuwun pangayoman lan nek kelakon dadi perang saguh dadi tetawur, Pangeran Benawa tumuli utusan menyang Mataram nyuwun pambiyantu. Mula iku Pangeran Benawa sarta Panembahan Senopati banjur nganakake pepanggihan ana ing desa Weru daerah Gunung Kidul. Budal saka kono prajurit Mataram lan Jipang terus ngepung kuta Pajang.
Rakyat Pajang kang ana sajroning kuta uga akeh sing mbalik melu mungsuh. Mula Pangeran Pangiri lan prajurite bisa dikalahke. Pangeran Pangiri kepeksa pasrah bongkokan, dilungsur saka keprabon lan dibalekake dadi Bupati ana ing Demak.
Saka kersane Pangeran Benawa sarta para pinituwa Pajang, Panembahan Senopati banjur diangkat jumeneng Nata ngrenggani kraton Pajang. Nanging saka kersane Panembahan Senopati, arep dedalem ana ing kuta Mataram lan kraton uga dipindah neng Mataram. Pangeran Benawa dikersakake nampa warisan bumi lan kraton Pajang lan diangkat jumeneng raja muda.
Sakwise jumeneng nata ing Mataram ngagem juluk : Panembahan Senopati ing Mataram Ngabdurahman Sayidin Panatagama. Kanggo imbalan / bales budi sakwise dadi raja, Panembahan Senopati menehi sesaji kanggo Ratu Kidul sing awujud upacara Labuhan. Upacara iku ujud kabule pisungsung saka kang jumeneng nata dicaosake marang Ratu Kidul. Ngayogyakarta papane ana ing sawetane kali Opak, ing kono dipercaya dadi gerbange kraton segara Kidul. Nganti saiki papan kono dijenengi Parangkusuma lan saben taune dianakake Labuhan Parangkusuma
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Labuhan Parangkusuma bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter