-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: Keris Sangkelat


KERIS SANGKELAT

Sawijine dina para wali padha kumpul, ngrembug babagan Bintara. Para wali antuk ijin saka Prabu Brawijaya ngedekake masjid kanggo solat berjamaah. Mula saka kuwi, para wali diwajibake nyumbang saka guru siji-siji lan luput para ulama lan mukmin. Ujare uga diwajibake saka rawa, blandar, pengeret, tumpang lan tugelan kayu liyane. Sakliyane iku sing ora kalah penting yaiku bandha lan tenaga.
Antuk dawuh sing kaya mangkono Jeng Sunan Kalijaga budhal sajroning alas gedhe, golek kayu jati kanggo saka guru. Anggone budhal Jeng Sunan Kalijaga ngajak murid kinasih kang peparab Jaka Supa.
Nalika isih timure Jeng Sunan Kalijaga peparab Raden Mas Sahid. Nakale tanpa duga saka ngrampok nganti tekan medok wis dilakoni kabeh. Nanging nalika ketemu karo Jeng Sunan Bonang, Raden Mas Sahid dadi sadar lan tobat. Amarga dheweke antuk wejangan saka Jeng Sunan Bonang.


Sajroning golek kayu ing tengahing alas, Jeng Sunan Kallijaga lan muride (Supa) kepethuk kaliyan Dewi Rasawulan kang lagi tapa ngidang. Rasawulan sabenere isih kadhang enom karo Jeng Sunan Kalijaga. Pungkasane Dewi rasawulan jodhokake kalawan Jaka Supa. Jaka Supa iku putra Tumenggung Supadriya, bupati Wedhana. Bupati Supadriya empuning sanjata prang ing Negara Majapahit. Supa saben dinane melu biyantu gawe sanjata keris. Anggone omah-omah karo Dewi Rasawulan antuk momongan lan diwenehi jeneng Supa Anom utawa si Anom.
Nalika empu Supa lagi gawe sanjata, Jeng Sunan Kalijaga teka kanthi uluk salam gawe kageting empu Supa. “Mangga Jeng Sunan, kok janur gunung, wonten prelu menapa?”ucape empu Supa.
“Supa tekaku mrene arep ngrepoti kowe. Aku pengen digawekake keris coten-sembelih ( pusaka kanggo nyembelih wedhus utawa kebo ). Malah iki wis tak gawakake pisan wesi kanggo pusakane.”ujare Jeng Sunan. Empu Supa kaget bareng ngerteni wesi sing digawa Jeng Sunan Kalijaga. Banjur dheweke ngucap “Jeng Sunan menapa leres ingkang paduka beta, kok wesinipun among sak klungsu agengipun. Menapa saged damel keris Jeng Sunan?”
“ Empu Supa, sanajan among sak klungsu gedhene nanging bobote ngungkuli abote watu gedhe kae, yen ora percaya coba angkata!”ngendikane Jeng Sunan. Kanthi semu ora percaya empu Supa ngangkat wesi sing sak klungsu gedhene mau.
“ Leres Jeng Sunan, jebul wesi menika kalangkung abot katimbang sela menika. Jeng Sunan menapa wesi menika saged damel duwung, karana wujudipun among sak klungsu agengipun.”ucape empu Supa.
“ Nak kira-kira wesi iki gedhene sak gunung apa bisa kanggo gawe keris kuwi Supa?”wangsulane Jeng Sunan.Tanpa dinyana wesi sing sak klungsu mau dadi sak gunung gedhene.
“ Jeng Sunan, menawi wesi menika wujudipun sak gunung pripun anggen kula mande mangke Jenhg Sunan?”ujare empu Supa. Karana ucapan Jeng Sunan wesi sing sak gunung mau malih dadi wujud sing asli.
Wesi sing diwenehake Jeng Sunan mau wiwit dipande dening empu Supa. Karana lantipe Supa, ora suwe wesi mau wis dadi wujud keris kang elok endahe. Banget gumun penggalihe Jeng Sunan karana keris mau ora kaya kang diangen-angen. Keris wujud keris Jawa (Majapahit) kang duweni luk telulas.
Suwe Jeng Sunan olehe namatake keris mau. Banjur Jeng Sunan ngendika, ” Supa, keris iki ora pantes yen dienggo nyembelih wedhus utawa kebo. Keris iki pantese digunakake para santri lan ratu sing nguwasani nusantara iki. Supa, keris iki takwenehi tetenger Sangkelat.”
***
Ing sawijining dina Sunan Kalijaga ngembara metu saka desane. Dheweke krungu kabar menawa keris Sangkelat ilang dicolong lan digawa menyang Blambangan. Sanalika kuwi Sunan Kalijaga kaget terus cepet-cepet mulih ing Tuban. Sajroning mulih saka Tuban, ing tengah dalan atine kuwatir banget. Jroning batine kuwatir yen mengko Siunglaut kasil nguwasani pulau Jawa. Tan urung gegayuhane gerakan islam bakal tanpa kasil.
Sawise krungu kabar kaya mangkono, banjur Jeng Sunan Kalijaga lunga menyang omahe Supa. Sawise tekan omahe Supa, Sunan Kalijaga lungguh sila diadhep empu Supa lan bojone, yaiku Dewi Rasawulan. Karana niyat pengen ngomong-ngomong wong loro, Sunan Kalijaga ngongkon Dewi Rasawulan jupuk sega uduk kanthi lawuh iwak pitik bumbu lembaran. Dewi Rasawulan dijaluki sega karo kakange rumangsa bombong, karana kakange lagi wae mulih saka lunga adoh wis suwe ora ketemu. Nanging Dewi Rasawulan uga kaget amarga kakange ora kaya biasane. Yen mangan biasane apa anane nanging saiki kok jaluk sing aneh-aneh.
Sawise Rasawulan lunga, Sunan Kalijaga jaluk tulung karo empu Supa supaya nyelidiki kyai Sangkelat sing ilang dicolong wong lan digawa ing Blambangan. Supa rumangsa kaget, banjur dheweke cepet-cepet niliki simpenane. Sawise digoleki kasunyatane Sangkelat pancen ora ana. Empu Supa bingung getun. Supa banjur ngadhep Sunan Kalijaga kanthi rai kang pucet lan kringet drewesan.
Delengake yen Supa gela, Sunan Kalijaga ora tega atine. Banjur goleki si Anom, anake Supa.
“ Supa, ana ngendi anakmu si Anom, kok ora katon. Tulung golekna, aku wis kangen.”
Supa banjur lunga ning buri goleki anake, nanging ora ketemu. Karepe pengen lunga ing pawon takon karo bojone. Nanging durung nganti takon, bojone wis ngakon nyekel iwak tambra sing arep didadekake lawuh. Supa sing atine isih getun kilangan keris kyai Sangkelat bareng dikongkon bojone banjur lunga ing blumbang. Kaget atine Supa, sawise tekan ing pinggire blumbang weruh anake sing kumambang ing jerone kolam. Supa banjur nyemplung kolam. Anake diangkat, nanging si Anom wis kebacut mati. Sanalika kuwi dheweke pengen bengok, nanging dheweke sadar. Jroning pikirane nak nganti bojone ngerti yen anake mati tan urunga sak omah bakalan rebut.
Karana gedhene katresnane lan hormate marang Sunan Kalijaga, atine sing sedhih mau dipendhem jero-jero. Mayite putrane digendhong kaya wong urip, terus digawa mlebu ing dalem gedhe, diturokake lan diselimuti kaya anak sing lagi turu.
Supa cepet-cepet nyekel iwak tambra ing kolam. Sawise dikumbah iwak diwenehake marang bojone. Nanging Supa ora wani nemoni Sunan Kalijaga lantaran dheweke repot ing pawon ngrewangi bojone masak.
Sawise sega ditata ing dalem gedhe, Sunan Kalijaga diaturi dhahar. Wektu kuwi Supa katon anggone ewuh. Karepe Sunan Kalijaga kareben lali karo si Anom. Sunan Kalijaga anggone dhahar tansah ngingeti kiwa tengene, kaya ana sing digoleki. Biasane yen Sunan Kalijaga lagi dhahar mesthi diganggu si Anom. Nanging nalika dhahar bareng-bareng kok rasane ana sing beda. Banjur Supa ditakoni Sunan Kalijaga, “ Piye anggonmu goleki putramu, ketemu apa ora?”
Wektu kuwi atine Supa rumangsa kaget banget, kepeksane Supa jawab kanthi gugup, “ Jeng Sunan, si Anom nembe tilem. Menawi dipun gugah biasane lajeng sakit.” Sunan Kalijaga nerusake anggone dhahar, nanging kepeksa kanthi rasa gela. Karana kaget Sunan Kalijaga terus nyelukake si Anom.
“ Tole Anom tangia, iki lho Pak Dhe lagi maem lawuhe iwak pitik lan tambra. Mrenea Ngger cah bagus, maem bareng, mengko iwake kebacut entek lho!” Lagi wae diceluk Jeng Sunan Kalijaga, dumadakan si Anom metu saka kamare. Lungguh jejer ing cedhake Jeng Sunan Kalijaga lan ngganggu anggone dhahar.
Karana diganggu si Anom, anggone dhahar Jeng Sunan dadi tambah nikmat. Lagi wae jupuk brutu pitik langsung direbut si Anom. Atine Sunan Kalijaga luwih seneng lan bisa ngentekake dhahare kang akeh. Daging iwak tambra sedhela wae wis entek, mung kari balung lan endhas kang isih wutuh. Rasawulan krasa seneng jroning atine. Sawalike, bareng krungu Sunan Kalijaga sanalika kuwi atine Supa dadi deg-degan, yen nganti rahasiane kebongkar. Kanthi rasa kaget lan wedi, bareng weruh anake sing wis mati mlayu metu saka kamar, banjur ngganggu dhahare Sunan Kalijaga. Wektu kuwi Supa pengen bengok, nanging suwarane ora bisa metu, kaku kaya dibungkem setan. Pikirane kosong kaya wong lagi ngimpi. Mripate diucek-ucek kanthi deleng anake sing lagi wae teka. Bareng wis yakin yen anake pancen isih urip, Supa banjur lungguh lan nangis.
Ora ana sing gathekake Supa sing lagi lemes awake. Sunan Kalijaga lungguh karo si Anom kanthi rasa seneng. Rasawulan rumangsa seneng weruh kakange dhahar kanthi enak. Atine rumangsa bombong, karana pas anggone masak. Sakbubare dhahar, Sunan Kalijaga pamit karo Supa lan bojone. Nanging Sunan Kalijaga kaget weruh Supa sing lagi lungguh lan nangis. Dikirane Supa isih getun kilangan keris Sangkelat, mula Sunan Kalijaga langsung ngendikan, “ Nak, sing wis kebacut ora usah digetuni, mengko mundhak gawe petenge mripat. Nak, aku ora kuwatir perkara kilangan keris Sangkelat. Muga-muga isih bisa digoleki ana ngendi papan dununge keris kuwi.”
Banjur Supa nyritakake mula dadine dheweke nganti nangis, yaiku lantaran weruh anake sing wis mati kecemplung kolam. Nanging bareng krungu omongane Sunan Kalijaga dumadakan urip meneh. Krungu crita sing kaya ngono mau, Rasawulan nangis lan jupuk anake terus didekep jroning pangkune kanthi nangis sing seru. Sunan Kalijaga sing ora ngerteni kahanan kuwi rumangsa trenyuh. Sawise kahanan tenang, Sunan Kalijaga banjur ngajak Supa ngucapake sukur marang Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, karana wis menehi keslametan marang si Anom.
Sunan Kalijaga banjur ngomong karo Dewi Rasawulan kanthi tujuan pengen ngubah kahanan dadi tambah seneng.
“ Iwak tambra mau diwenehi bumbu apa, kok rasane enak banget. Iwak kang gedhene semana mau kok kari balung lan endhas.”
Rasawulan isih rumangsa susah karo mangku anake, “ Iwak tambra mau diwenehi bumbu urip-urip.” Sunan Kalijaga kepengen nglipur adhike kanthi ngendikan, “ Wah kebeneran banget Nduk. omonganmu mau ngemu filsafat memet. Nak ngono sakabehing kuwi gumantung saka adonane.”
Sunan Kalijaga nyampekake marang Supa menawa omongane bojone mau, “ Iwak tambra kanthi bumbu urip-urip mau ngemu wigati sing penting, sing maksude bisa disebut mati. Yen toh kebeneran olehe ngolah pas, kaya ngono kuwi bisa dadekake urip meneh. Mula panjalukku marang Gusti muga-muga anggone masak bumbu urip-urip mau bisa njalari sing mangan lan lawuh sing dipangan.”
Lagi wae Sunan Kalijaga ngendikan kaya ngono kuwi, iwak pitik sing ilang brutune mau sarta iwak sing sisa balung lan endhas dadi urip meneh. Pitik dadi pitik buntung. Dicekel si Anom, dipondhong terus dienggo dolanan. Tambra sing kari balung lan endhas obah-obah jroning piring, terus dicekel Supa. Banjur dilebokake ing kolam lan misuwur kanthi sebutan si Reges.
Sawise menehi wejangan marang Supa, banjur Sunan Kalijaga ngongkon supayane Supa goleki keris Sangkelat menyang Blambangan. Nalika nglaksanakake prentahe Sunan Kalijaga, Supa nyamar dadi rakyat jelata, lunga menyang Madura. Dheweke ngganti jenenge dadi Kasa, dadi buruh pandene empu Singkir. Ing Madura, Kasa gawe keris lan tombak biasa. Saka Madura, Kasa nerusake mlakune menyang Kahuripan. Ing kana dheweke dadi buruhe empu Bassu. Saka Kahuripan banjur menyang Blambangan, ganti jeneng dadi Pitrang lan ngrewangi empu Sarap.
Ing wektu iku, Adipati Siunglaut Blambangan lagi gawe sanjata kanggo nyiapake perang nyerang Majapahit. Ing kana, saben dina Sarap lan Pitrang dikongkon kerja ing besalen ( panggonan kanggo gawe sanjata ) kadipaten kang ana ing cepuri pura sang patih. Sing dadi adipati yaiku Cluring.
Sawijining dina patih Cluring ngongkon Sarap supaya gawekake peso tunggul ( peso kanggo nyukur ). Amarga Sarap gaweane akeh, mula Pitrang sing diprentah kon gawe peso mau. Ora suwe peso wis dadi, banjur diwenehake patih Cluring. Sawise kuwi patih Cluring mulih kanthi nggawa peso cukur mau. Sawise tekan ngarep omah, dheweke delengake anake sing isih cilik. Dumadakan peso sing dicekel patih Cluring direbut saingga tangane anake tatu. Sanalika kuwi anake lara lan mati.
Patih Cluring kaget banget. Dheweke nganggep yen anake kuwi mau mung semaput, banjur dibopong mlebu omah. Nanging kebacut wis mati. Patih Cluring duweni panganggep yen anake kuwi mati karana ampuhe peso cukur mau, amarga yen delengake tatune ora sepira. Banjur dheweke nyoba ngiris wit kemuning sing ana ing ngarep omahe. Ora suwe wit kemuning mau dadi biru lan godhonge alum. Peso cukur mau dijajal meneh kanggo natoni wong sing salah, sanalika kuwi wong mau langsung mati.
Dina sesuke patih Cluring banjur teka meneh ing besalen, jaluk karo empu Sarap supaya Pitrang gawe keris lan tombak kanggo dheweke. Pitrang banjur gawe keris dapur tilamupih lan tombak dapur biring. Patih Cluring atine seneng banget.
Sansaya suwe adipati ngerti yen Pitrang pinter gawe keris. Patih Cluring lan Pitrang diprentah adipati supaya gawe tiruane keris Sangkelat. Pitrang nyaguhi. Ananging olehe gawe keris tiruan kuwi mau, prelu dipuja ing wektu bengi supaya wujud lan ampuhe keris pada karo sing asli. Ing panggonan pamujan ing besalen dianakake upacara pamujan. Keris Sangkelat di wuda, disimpen ing jero peti lan dikunci. Patih Cluring, empu Sarap, lan kanca-kancane diajak nunggoni upacara pamujan kuwi mau.
Pitrang nunggoni nganti tekan dalu banjur keris Sangkelat diobong. Patih Cluring, empu Sarap, lan kanca-kancane nunggoni ing jaba. Nalika nunggoni Pitrang nggunakake ilmu sirep. Patih Cluring, empu Sarap, lan kanca-kancane pada keturon kabeh. Ngerti yen pada turu kabeh, banjur Pitrang jupuk keris Sangkelat lan digawa metu, mlaku munggah cepuri, langsung mudhun ing kali. Keris Sangkelat diumpetake ing jero peti lan tutupi watu. Pitrang cepet-cepet mlebu meneh ing panggonan pamujan mau, nerusake dongane marang Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supaya panjaluke bisa keturutan.
Nalika tangi, Cluring gelagapan, banjur nggugah empu Sarap diajak mlebu ing panggonan pamujan, delengake Pitrang sing isih lungguh sedeku. Patih Cluring banjur takon karo Pitrang,” Piye gaweanmu?” Patih dikongkon delengake isine peti. Peti banjur dibukak, keris sing asale mung siji saiki dadi loro, kembar. Banjur peti ditutup meneh.
Esuke patih Cluring ngajak Pitrang ngadhep adipati kanggo menehake peti kang isine keris. Petine banjur cepet-cepet dibukak, isine keris Sangkelat sing kembar. Keris loro mau banjur ditamatake adipati. Nanging adipati ora bisa bedakake antarane keris sing asli lan palsu. Adipati dadi bingung, banjur takon karo Pitrang, “ Pitrang, endi keris sing asli?” Banjur Pitrang jawab, “ Kula uga mboten saged bentenake pundi keris ingkang asli lan palsu. Amargi kula nembe weruh wujudipun keris Sangkelat, dados kula dereng ngertos. Keris Sangkelat menika mboten kula damel kanthi cara dipande, nanging amung lantaran pamujan.”
Amarga adipati bingung, mula keris kembar mau dianggep dadi pusaka kabeh. Pitrang banjur diprentah meneh gawe keris dapur Sangkelat. Banjur dheweke didadekake Pangeran merdeka ing desa Sendang Sedayu, lan dinikahake karo anake yaiku Dyah Sugian.
Sawise kuwi Pitrang banjur budhal menyang Sedayu karo bojone. Sadurunge budhal, ing wayah wengi Pitrang meneng-meneng jupuk keris Sangkelat ing kali. Keris Sangkelat terus dibuntel nganggo upih lan dilebokake ing jero peti, dipendem piranti kanggo mande lan wesi bakalan.
Ing Sedayu, Pitrang ngaso pirang-pirang sasi, banjur pamit karo bojone yen dheweke arep niliki omahe ing Tuban. Ing wektu kuwi, bojone lagi ngandut. Pitrang banjur ninggalake pesen, yen anake mengko lair lanang supaya dijenengake Sura.
***
Miturut dongeng, keris kyai Sangkelat sing sakbenere sing digawe empu Supa iku jumlahe ana telu. Sing telu-telune dadi pusakane raja. Dongeng babagan keris kuwi akeh banget versi sing sumebar. Koyo-koyo dongeng iku didadekake crita ngadeke krajaan.
Ana versi sing nggambarake menawa jaman Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, keris kyai Sangkelat sing loro dilarung ing segara kidul, minangka tumbal supaya ratu ing Mataram langgeng anggone dadi ratu sing nguwasani tlatah Jawa.
Nalika Mataram pecah dadi loro, yaiku Surakarta lan Ngayogjokarta crita keris Sangkelat misuwur ing masyarakat. Crita kuwi diwiwiti nalika ana wong sing lagi golek iwak sajroning segara kidul. Nganti tekan bengi anggone mancing. Nalika ngancik ing tengah wengi sing dipancing ora iwak, nanging keris kyai Sangkelat. Keris kuwi banjur diwenehake marang ingkang dalem sinuwun ing Ngayogjokarta. Mbokmenawa kanthi crita keris bisa saya gawe kuat lan kuncarane Negara utawa krajaan Ngayogjokarta, karana duweni keris kyai Sangkelat.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Keris Sangkelat bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter