-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Perhitungan Dalam Kalendher Jawa Dalam Bahasa Jawa



Perhitungan Kalendher Jawa

Kalendher Jawa kuwi dietung miturut saka peredharane mbulan, kaya kalendher Islam. Kalendher liya ana sing dhasare saka lakune srengenge. Miturut sajarah, sadurunge bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwe kalendher dhewe kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerane para among tani. Pranata mangsa iki adhedhasar peredharane rembulan (Komariah). Wiwitane pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawise tanggal 10 April yakuwi pungkasane mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yakuwi ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwen saengga ditetepake mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saengga genep dadi rolas sasi.
Kalendher Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masehi. Taun Saka padha karo Taun Masehi yakuwi didhasarake saka peredharan srengenge (Syamsiah). Kalendher Saka uga merang sataun dadi 12 sasi padha karo kalendher Pranata mangsa lan kalendher Masehi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriah utawa tanggal 8 Juli 1633, kalendher Pranata Mangsa diowahi dening Sultan Agung lan dijumbuhake karo kalendher Hijriah (Kalendher Islam).

Dina ing kalendher Jawa

Jeneng Dina

Cacahing dina ing kalendher Jawa (Saptawara) uga ana pitu kayadene ing kalendher Masehi lan Hijriah, mung pocapan lan cara panulisane wae kang rada beda, yakuwi Ngaat, Senen, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Jroning petungan Jawa, saben dina nduweni sipat utawa watek dhewe-dhewe. Dina Ngaat, wateke samudana, tegese seneng imba-imba, dina Senen wateke samuwa, tegese kudu apik kabeh pakaryan, dina Selasa wateke sujana, tegese sarwa ora percaya, dina Rebo wateke sembada, tegese sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateke surasa, tegese seneng mikir jero, dina Jemuwah wateke suci, tegese resik tingkahlakune, dene dina Setu wateke kasumbung, tegese seneng pamer.
Arane dina ana ing kalendher Jawa lan padhanane ing basa Jawa kuna, basa Indonesia lan basa Arab kaya kasebut ing tabel ngisor iki:

Tabel dina Jawa, Indonesia lan Arab/Islam
Jeneng dina Jawa anyar
Jeneng dina Jawa kuna
Jeneng dina Indonesia
Jeneng dina Arab/Islam
Solah bulan marang bumi
Ngaat/Minggu
Adite
Minggu
Ahad
Meneng
Senen
Soma
Senin
Itsnayn
Maju
Selasa
Hanggara
Selasa
Tsalaatsa
Mundur
Rebo
Buda
Rabu
Arba'a
Mangiwa
Kemis
Respati
Kamis
Khamiis
Manengen
Jemuwah
Sukra
Jum'at
Jum'aat
Munggah
Setu
Tumpak
Sabtu
Sabt
Tumurun


Dina Mulya

Kabudayan Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki sawetara masarakat Jawa isih mengeti kanthi manembah marang Gusti kang gawe urip. Dina mulya cacahe ana lima, yakuwi:
  1. Siji Sura, minangka dina pisanan (taun anyar) ing kalendher Jawa. Sawetara masarakat ngayahi panyucen dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, segara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Sawetara masarakat liyane nanggap lan nonton wayang kulit lan liyane ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa medhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.
  2. Aboge, cekakan saka Alip (taun pisanan) - Rebo (Buda) - Wage (dina pungkasan ing pasaran). Ing dina Aboge iki dipercaya tumuruning "Wahyu Manuswa", ing ngendi manungsa wiwit duwe isin, beda karo kewan.
  3. Daltugi, cekakan saka Dal (taun kalima: Dal) - Setu (tumpak) - Legi (dina pasaran kaloro). Ing dina Daltugi iki dipercaya tumuruning "Wahyu Suryaningrat" utawa "Wahyu Jalma", mengeti ananing wong lanang.
  4. Hanggara Asih, yakuwi dina Selasa Kliwon, dipercaya tumuruning "Wahyu Cakraningrat" utawa "Wahyu Jatmika", kanggo nata donya.
  5. Jemuwah Legi (Sukra Manis) utawa Dina Purnama, kang tegese pepak. Para wanita wiwit nglairake jabang bayi.

Pasaran

Saliyane dina, ing kalendher Jawa ana petungan pasaran (pancawara) kang cacahe ana lima yakuwi Pahing, Pon, Wage, Kliwon lan Legi. Miturut petungan Jawa, saben dina pasaran duwe watek dhewe-dhewe, yakuwi Pahing wateke melikan tegese seneng marang barang kang katon, Pon wateke pamer, tegese seneng mamerake kang didarbeni, Wage wateke kedher utawa kaku atine, Kliwon wateke micara yakuwi seneng nggubah basa, lan Legi wateke komat utawa sanggup nampa werna-werna kahanan. Kanggo cethane jeneng pasaran, makna lan parape kagambarake tabel ing ngisor iki:

Tabel pasaran
Pasaran
Makna
Patrap
Pahing
Pait
Madhep
Pon
Petak
Sare
Wage
Cemeng
Lenggah
Kliwon
Asih
Jumeneng
Legi
Manis
Mungkur


Jeneng Wulan

Cacahing wulan ana ing kalendher Jawa kuwi ana 12, nanging jeneng lan puterane ora padha karo kalendher Masehi, amarga diitung miturut peredharanne bulan. Yen dipadhakake karo kalendher Masehi, saben tahun ana geseh watara 11 dina.

Tabel wulan Jawa lan wulan Islam
Jeneng wulan Jawa
Jeneng wulan Islam
Jeneng Jawa kuna
Makna
Sura
Muharram
Warana
Rijal
Sapar
Safar
Wadana
Wiwit
Mulud
Rabiul awal
Wijanga
Kanda
Bakdamulud
Rabiul akhir
Wiyana
Ambuka
Jumadilawal
Jumadil awal
Widada
Wiwara
Jumadilakhir
Jumadil akhir
Widarpa
Rahsa
Rejeb
Rajab
Wilapa
Purwa
Ruwah
Sya'ban
Wahana
Dumadi
Pasa
Ramadhan
Wanana
Madya
Sawal
Syawal
Wurana
Wujud
Sela
Dzulkaidah
Wujana
Wusana
Besar
Dzulhijjah
Wujala
Suwung
Umur saben sasi (wulan) ing kalendher Jawa beda-beda, yakuwi ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina . Klompok kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Be) lan kapitu (Wawu), klompok kaloro dumadi saka taun kaloro (Ehe), kapapat (Je) lan kawolu (Jimakir), dene klompok katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethane pirsani tabel ing ngisor iki:

Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah (Kalendher Sultan Agung)
Jeneng wulan Jawa
Jeneng wulan Islam
Taun Jawa
1,3,6,7
Taun Jawa
2.4.8
Taun Jawa
5
Sura
Muharram
30
30
30
Sapar
Safar
29
29
30
Mulud
Rabiul awal
30
30
29
Bakdamulud
Rabiul akhir
29
29
29
Jumadilawal
Jumadil awal
30
30
29
Jumadilakhir
Jumadil akhir
29
29
29
Rejeb
Rajab
30
30
30
Ruwah
Sya'ban
29
29
29
Pasa
Ramadhan
30
30
30
Sawal
Syawal
29
29
29
Sela
Dzulkaidah
30
30
30
Besar
Dzulhijjah
29
30
30
Cathetan: Tabel iki isi cacahing dina ing Kurup Arbangiyah (ABOGE) sing diwiwiti dina Rebo Wage tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Senen Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi. Kanggo cacahing dina saben sasi ing kurup liyane, pirsani Kurup


Jeneng Taun

Taun Jawa cacahe ana wolu lan ditata jroning siklus wolung taunan kang disebut windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yakuwi: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.
Ana sawetara ciri wigati jroning pranatan taun Jawa, yakuwi: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kayadene pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalane), sarta Primbon lan petungan Jawa liyane. Bisa nglestarekake kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan seni lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraske karo petungan Arab kayadene penanggalan Hijriyah kanggo nggampangake mengeti dina-dina riyaya lan ibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spesifik yakuwi yen tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengake taun Sukraminangkara (taun urang), wateke: sithik udan. Yen tiba dina Setu, dijenengake taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateke: sithik udan. Yen tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengake taun Ditekalaba (taun klabang), wateke: sithik udan. Yen tiba dina Senen, dijenengake taun Somawertija (taun cacing), wateke: sithik udan. Yen tiba dina Selasa, dijenengake taun Anggarawrestija (taun kodok), wateke: akeh udan. Yen tiba dina Rebo, dijenengake taunBuda-wiseba (taun kebo), wateke: akeh udan. Yen tiba dina Kemis, dijenengake taun Respati-mituna(taun mimi), wateke: akeh udan.
Jeneng lan umure taun Jawa kaya kang kasebut ing ngisor iki:
  • Alip (Purwana), umure 354 dina
  • Ehe (Karyana), umure 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)
  • Jimawal (Anama), umure 354 dina
  • Je (Lalana), umure 354 dina (lawas), 355 dina (anyar)
  • Dal (Ngawanga), umure 355 dina
  • Be (Pawaka), umure 354 dina
  • Wawu (Wasana), umure 354 dina
  • Jimakir (Swasana), umure 355 dina

Kurup

Kurup kuwi wektu sing lawase 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng kurup antara liya:
  • Kurup Jamingiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Jemuwah.
  • Kurup Kamsiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Kemis.
  • Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage). Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wage tanggal 1 Sura Taun Aip 1747 windu Kuntara , wuku Kulawu lan rampung ing dina Senen Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
  • Kurup Salasiyah Pon utawa dikenal kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) sing diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867 , Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi.
  • Kurup Isneniyah sing diwiwiti dina Senen Pahing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
  • Kurup Akadiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Ngaat.
  • Kurup Sabtiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Setu.

Referensi

  1. Upacara Pengantin Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. lan Dra. Enis Niken H., M.Hum, Penerbit Panji Pustaka Yogyakarta, 2007. ISBN 979-25-2725-9.
  2. Joglosemar:Javanese Calendar and its Significance to Mystical Life
  3. Ritual pengetan Siji Sura ing sawetara panggonan
  4. Blog Semaransanta
  5. Umur anyar sawise dijumbuhake karo penanggalan Hijriah
  6. Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon dening H. Danudji, Dahara Prize, Edisi Pertama 2006, ISBN 979-501-454-4
  7. Sirus Ki Demang: Penanggalan Jawa
http://jv.wikipedia.org/wiki/Kalendher_Jawa
Semoga artikel Perhitungan Dalam Kalendher Jawa Dalam Bahasa Jawa bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter