-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: Jaka Gedhe Lurah Kapisan ing Dusun Nangkasawit


Ing salah sawijinig dina Jaka Gedhe ditimbali ramane, Kyai Pati, Tumenggung ing Gunungpati. Wis pirang-pirang dina iki Jaka Gedhe ditawani palakrama ora gelem wae, malah senengane kluyuran neng alas. Jaka Gedhe sowan didherekake Sarwo lan Sarwi.
“Jaka Gedhe, putraku, kowe kuwi saka ngendi?” pitakone Kyai Pati marang putrane.
“Saking ngalas, rama.” jawabe
“Kowe kuwi wis gedhe, wis wayahe palakrama banjur nggenteni dadi tumenggung ing Gunungpati kene.” ngendikane setengah jengkel marang putrane siji-sijine kuwi.
“Mangke rama menawi kula sampun nemuake Dewi Kuning. Sakniki kula badhe nyuwun pamit kaliyan rama saha ibu. Kula badhe madosi Dewi Kuning.” kandane Jaka Gedhe.


“Menawa tekadmu wis tenanan tak pangestuni muga kaleksanan apa kang dadi kekarepanmu.”
“ Nggih rama. Simbok nyuwun pangestu”
“Iya ngger.” Pangucape Nyi Pati sinambi nangisi putrane.
Sakbubare Jaka Gedhe pamitan, Kyai Pati uga pamit marang Nyi Pati arep mbantu Sunan Kalijaga golek kayu jati kanggo saka guru mesjid Demak.
Tekane ing salah sawijining panggonan Jaka Gedhe kepethuk rombongane sunan kalijaga sak rombongan sing lagi leren sinambi mangan nangka. Jaka Gedhe banjur diajak mangan nangka.
“ Kowe kuwi arep menyang ngendi cah bagus? banjur simbokmu nang ngomah karo sapa menawa ramamu lagi lunga kayak mangkene?” pitakone Sunan Kalijaga.

Jaka Gedhe jawab “Badhe madosi Dewi Kuning. Simbok ing griya direncangi Sarwo lan Sarwi.”
“Yo wis, ndang dientekake nangkane. Ayo… lek ndang sholat dzuhur.” pangajake Sunan Kalijaga marang rombongane lan Jaka Gedhe.
Jaka Gedhe banjur ndereake Sunan Kalijaga golek banyu kanggo wudhu. Sunan Kalijaga mimpin sholat dzuhur sakrombongan. Sakbubare sholat dzuhur Jaka Gedhe didhawuhi babad alas kana, nanging wit-witane aja ditegori kabeh. Sunan Kalijaga uga meling menawa kabeh suketane dibabad kabeh kanggo makani jaran-jarane. Jaka Gedhe mulai negori wit-wit sing ana ning ngalas kana direwangi santrine Sunan Kalijaga, nanging rombongan dikagetake karo salah siji santri Sunan Kalijaga sing tulung-tulung menehi ngerti menawa panggonan kanggo mangan nangka mau tuwuh wit nangka siji sing gedhe banget. Wit nangka kuwi awoh sakwernane woh-wohan sing ana ning ngalas kana.
“Mangga paman Sunan maringi aran panggenan niki!” panjaluke Jaka Gedhe.
Sunan Kalijaga ngendikan, “ Seksenana wong-wong sing ana neng kene, besok nganti rejane jaman panggonan ki diarani Nangka Sak Wit utawa Nangkasawit.”

Sakbubare babad alas wis rampung Sunan Kalijaga ngutus Jaka Gedhe nerusake goleki wanita sing ditresnani yaiku Dewi Kuning. Jaka Gedhe uga diuji kudu bangun mushola utawa langgar cilik ing salah sawijining panggonan sing ditemoni. Jaka gedhe pamit kaliyan Sunan Kalijaga banjur mlaku mengalor arahe dikancani santrine Sunan Kalijaga loro cacahe.

Jaka Gedhe nerusake goleki Dewi Kuning sinambi golek panggonan kang disebutake Sunan Kalijaga mau. Tumekane ing salah sawijining panggonan Jaka Gedhe banjur nemoake panggonan kang diandarake Sunan Kalijaga mau. Jaka gedhe dibantu santrine Sunan Kalijaga mulai bangun langgar utawa mushola. Pitung dina sakbanjure langgar kuwi wis biasa digawe ngibadah masyarakat sing ana ning kana. Nanging sunan Jaka Gedhe kerasa ana sing kurang yaiku piranti gawe tandha wektu ngibadah wis mlebu. Kenthongan utawa bedug. Jaka gedhe banjur gawe kenthongan direwangi paman tukang kayu. Kenthongane digawe karo paman tukang kayu saka kayu nangka. Entuk telung dina kenthongane dadi.
Sawektu wektu dzuhur ngancik, kenthongan kuwi ditabuh nanging kenthongane ora gelem muni. Sunan Kalijaga njaluk supaya langgare dipindah wae. Jaka Gedhe banjur pamit golek panggonan kanggo ngedegake langgar. Jaka Gedhe mlaku mengetan arahe. Jaka Gedhe tekan ing salah sawijining panggonan. Ning kana kabeh masyarakate sih pada nglakoni maling, mabok, mateni, madon, lan liya-layane. Ning kana dewee ketemu karo paman tukang ngarit, banjur Jaka Gedhe takon marang paman tukang ngarit
“Paman sing ngarit menika arane dusun menapa?” takone Jaka Gedhe.
“Dusune para maling lan begal. Njenengan menika sinten,kisanak?banjur badhe menapa dumugi ing dusun niki.” Takone paman tukang ngarit suket.
“Badhe madosi tiyang. Banjur mriki wonten panggenan jembar mboten?” pitakone.
“ Kowe nuruto dalan iki wae. Mengko kowe mesti tekan tengah-tengahing desa sing sih jembar. Ning kana ana wit randu sing gedhe tur duwur banget.” Jawabe.
“Matur nuwun paman tukang ngarit. Mangga….” Pamite Jaka Gedhe.

Jaka Gedhe teka ing panggonan kang diandarake paman mau kae. Ning kana jaka Gedhe mulai bangun langgar. Limang dina sakbanjure langgar wis dadi. Kenthongan sing digawe saka kayu nangka banjur ditabuh ing wektu mlebu wektu sholat asar. Ora dikira kenthongan kuwi muni banter banget.
“Paman Sunan menapa mboten luwih becik menawi dipun paringi aran dusun sing diarani dusun maling niki!” panyuwune Jaka Gedhe.
“Iyo…..Seksenana wong-wong sing ana ning kene. Mbesok yen na rejane zaman panggonan ki diarani Randusari.” Ngendikane Sunan Kalijaga.
Jaka Gedhe didadeake Lurah kapisan ing dusun Nangkasawit. Jaka Gedhe ketemu karo wanita sing ditresnani, Dewi Kuning banjur dinikahke Sunan Kalijaga. Jaka Gedhe bangun omah neng sakcedhake wit nangka sing awoh sakwernane woh-wohan.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Jaka Gedhe Lurah Kapisan ing Dusun Nangkasawit bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter