-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: Dumadine Tlaga Ngebel, Asal Mula Telaga Ngebel

Tlaga Ngebel mono mapan ana ing areng-arenging Gunung Wilis isih kalebu ing tlatah Kabupaten Panaraga. Jawa timur tumekane seprene , masyarakat ing sakiwa tengene kono isih nduweni kepercayaan menawa mula bukune dumadidine Tlaga Ngebel iku ana gegayutane karo critane petilasane nyai Latung kang uga mapan ana ing sacedhake tlaga iku.Dene crita dumadine tlaga Ngebel taakaturake kaya ing ngisor iki.
Dhek jaman biyen, ing ereng-erenge gunung Wilis ing sisih kulon ana salah sawijineng pandhita sidik permana utawa pandhita wikan ing ngelmu kang jejuluk Begawan wida. Kocapa, Begawan Wida mau kagungan putrid sing endah rupane. Emane ora ana priya siji-sijia kang nglamar marang dheweke amarga manggone adoh karo padesan. Saya dewasa kaendahane sang putri mau saya tambah ayune, mula saka iku, ora mukal lamun bapake dhewe, ya begawan Wida mau nganti kasmaran karo sang putri. dhasar ing papan kono babar pisan ora ana wong siji-sijia kang mangerteni amarga papane kang kapencil. sang Begawan Wida ora kuat nahan hawa nepsune nalikane nyawang kasulistyane putra putrine mau. ing tundhone, kekarone klakon nindaake saresmi sing ora samestine.



Ndilalah saka kersane Gusti kag Maha Kuwasa, putrine mau ora let suwi klakon nggarbini. Sawise kandhutane wis titi mangsane lair, kandhutane sang putri lara banget. Wusana sang putri banjur nglairake anak kang awujud ula. ngerti yen sing lair awujud ul, sang putri cepet-cepet mlayu ninggalake papan mau. kocapa, bareng wis gedhe, ula mau rumangsa bingung ora ngerti sapa wong tuwane. Ula mau terus nglari sapa sejatine wong tuwane. Gandheng ora ditemokake, pungkasane ula mauterus tapa ana ing ereng-erenging gunung Wilis nganti pirang-pirang taun.
Enggaling crita, ing sakulone desa Gandawida ana salah sawijineng wong sing duwe gawe gedhen. ing papane wong duwe gawe mau banjur ketekanan bocah cilik sing sakujur awake gudhiken kabeh. Tekane bocah mau memelas. Bocah sengsara mau njaluk diwelasi utawa njaluk mangan. Ewasemono bocah mau ora diwenehi pangan , nanging

malah diina sarta dibandhemi watu utawa digitiki dening bocah-bocah kang ana ing papan kono. Marga tumindake bocah-bocah mau, atine bocah gudhiken mau krasa kelara-lara terus lunga ninggalake papan mau. Ana ing dalan bocah mau kapethuk karo wong wadon sing wis tuwa arane Nyi Latung. Nyawang cayane bocah sing sajak memelas, nyai latung cepet-cepet ngewehi pangan. Sabubare mangan bocah mau banjur kandha maring Nyai Latung mangkene , ”Nyai, ing papan kene bakal ana kedaden kang nganeh-nganehi. kowe sediya enthong karo lesung. Yen ana apa-apa , kowe numpakka lesung banjur enthong kuwi kena kokanggo edhok.” Krungu omongan ngono Nyai Latung kaget lan gumun karo mbatin, ” apa karepe bocah cilik iki.” sabubare meling mengkono, bocah mau terus lunga ora katon maneh.

Kocapa, pranyoto bocah mau wis ana ing sacedhake wong sing duwe gawe mau. ana kono,bocah mau nancepake sada lanang ing tengah latar. Bocah mau terus ngenekake sayembara sing isine , ” sapa-sapa kang bisa mbedhol sada langa iki, aku saguh ditugel guluku. ” ngono kandhane bocah cilik mau. Krungu sumbare bocah cilik mau, wong –wong padha kepingin nyoba mbedhol, ananging ora ana sing bisa. sawisi kabeh wong ora ana kang bisa mbedhol sada mau , cah gudhiken mau terus kandha ” menawa sejatine pancen ora ana kang bisa mbedhol. kena apa kok padha dak siyo marang aku. Mula besok maneh, yen ana wong kang lagi nandhang kasangsaran wajib diwelasi lan wajib ditulung. Mula, sada iki arep dakbedol lan deloken mengko ana kedadean apa?”

Wusanane, bareng sada mau sida dibedhol saka tilas tanceping sada mau ujuk-ujuk mrempul banyu kang saya suwe saya gedhe. wusasane papan kono padha kelem kabeh. Semono uga wong-wong kang padha daksiya mau padha kathut kelem ing banyu lan dadi patine. Nyai latung tetep ngestokake apa sing dadi welinge bocah mau, yaiku numpak prau lesung lan enthong minangka edhoke. Mula dheweke bisa slamet.
Suwining suwi , banyune padha ast maneh. Praune nyai Latung mlaku ngulon nganti tekan papan dununge saiki, yaiku ana ing ngarep pasar Ngebel. ora let suwe bocah mau teka maneh nemono Nyai Latung karo ngomong ,” nyai, ya iki piwalesku marang wong kang nyio-nyio aku, nanging ugo ngecel-ngecel awakku lan mangan awakku. Mulane aku mara njaluk pangan utawa iwak iki mau sing dakjaluk iku awakku dhewe.

Apa sing di enggo iwak wong mantu sejatine awakku dhewe kang dipecel-pecel dening dheweke. Nalikane aku lagi enak-enak tapa ana ing sawetane ereng-ereng gunung kuwi
awaku ditugel-tugel. Rehne wis ditugel-tugel, sing maune aku wujud ula, saiki aku badhar dadi bocah kaya ngene iki. Lan saiki seksenana menawa papan kang ambles dadi Tlaga kang banyune molak-malik kuwi dakjenengke tlaga Ngebel”.
Manut critane wong sing sakiwa tengene papan kono, papan kang wujud lesung lan enthong saiki dipendhem ana ing cedhak petilasane Nyai Latung, yaiku mapan ing cedhak Pasar Ngebel.
Mengkono dongeng mula bukane Tlaga Ngebel lan papan patilasane Nyai Latung. Papan patilasane mau, saiki manggon ana sangarepe Pasar Ngebel, cedhak karo patilasane rowange Batara Katong ( putrane Prabu Brawijaya ing Majapahit ) nalika padha leren ana kono. Papan palerenan rowange Batara Katong iku saiki diarani Bale Batur. Bale Batur mau jejer karo petilasane Nyai Latung. Tlaga Ngebel iki saiki rame ditekani dening para turis saka ngendi-ngendi papan.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Dumadine Tlaga Ngebel, Asal Mula Telaga Ngebel bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter