-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: ATI KAREP BANDHA CUPET

Wis sawatara taun Ki Andangkara madeg dadi lurah ing Desa Kedunggalar kanthi diembani kadange Ki Modangkara, malah papan kono wis dadi padesan kang subur. Para kawula kang mapan ing desa kono uga akeh banget sing asale saka ngendi-endi. Kang mengkene iki yekti agawe senenging Ki Lurah apa dene kadange.
Nalika semana Ki Lurah apa dene Ki Modangkara padha-padha wis kagungan garwa, malah kapara wis padha peputra. Dada panguripane wong loro mau bener-bener wis mapan, wis katon ayem miturut ukurane sing padha weruh. Nanging apa bener mengkana?.


Anuju sawijining sore nalika Ki Lurah karo Ki Modangkara ligi padha jejagongan ing pendhapane kalurahan, kedadak katekantamu kang sajak nyalawadi. Sabrebetan Ki Lurah lan Ki Modangkara kaya-kaya tau ngerteni tamune kuwi, nanging ing ngendi lan kapanwektune sing wong lor mauwis padha lali.
Dening Ki Lurah wong sing lagi teka mau banjur diajakmlebu anaing jero omah. Sawuse wis satata lungguh apa denewis metu suguh, lagi Ki Lurah nlesih sapa sejatine tamu kuwi.
”Punapa Ki Lurah estu dereng tepang kaliyan kula?” bareng ditakoni sapa jenenge lan ngendi asale tamu kuwi malah mbalik takon marang Ki Lurah. ” Mila leres kisanak” saing wangsulan malah Ki Modangkara, awit Ki Lurah sajak rangu-rangu arep wangsulan ”tenanipun kakang Lurah punapa dene kula niki, kados-kados sampun nate srawung kalih panjenengan, nanging ing pundi lan kala punapa kula ingkangradi supe”.
Tamu kuwi gumuyu lirih, sajak seneng atine tumuli kandhane :
”Mila leres makaten Ki Modangkara, manawi kula mastani, mboten leres yen KiLurah Andangkara punapa punapa dene Ki Modangkara nate srawung kaliyan Waangsasepi. Nanging kula pitados yen Ki Trunawara lan Ki Sawungkarana nate kempal kaliyan tiyang nami Bantar saking . . . . . . . ”.
”Dadi ndika iki Adhi bantar pandherek saka Tegal Reja?” durung tutug rembuge Wangsasepi, Ki Lurah mbalikpitakon karo nyedhakakae lungguhe marang tamune.
”Pancen mengkana kakang” wangsulane Wangsasepi karo njejegake lungguhe. Krungu kang mengkono iku Ki Modangkara ora sranta banjur ngrangkul Wangsasepi, ketang gembiraning ati bisa ketemu karo mitra lawase.
Sawatara wong telu mau padha katrem ing rembugan kang wigati. Ki Bantar sing wis ganti jeneng Ki Wangsasepi mau nyritakake lelakone wiwit kapikute Kanjeng Pengeran nganti mawute pepanthan sing dieloni, sing disuhi dening Basah Kartiyuda, tumeka dheweke salin jeneng Ki Wangsasepi sing sakiki mampir ing Kalurahan Kedhunggalar iki.
”Banjur kersane si Adhi sateruse, bakalmandheg bareng karo aku lan Ki Modangkara ing kene apa bakal nerusake laku mangetan?” pitakon KiLurah sawuse critane Wangsasepi rampung.
Sawatara wong telu mau padha katrem ing rembugan kang wigati. Ki Bantar sing wis ganti jeneng Ki Wangsasepi mau nyritakake lelakone wiwit kapikute Kanjeng Pengeran nganti mawute pepanthan sing dieloni, sing disuhi dening Basah Kartiyuda, tumeka dheweke salin jeneng Ki Wangsasepi ki Lurah meneng sawetara dene Ki Modangkara sakala katon rada suntrut pasuryane tumuli wuwuse :
”Ngene Adhi, bab males lara Ki Wangsasepi marang akompeni Walanda kuwi wis dadi niyatku, ngantia kapan wae sauger ragadurung pisah, tekad mau tetep bakal ana. Mung emane nganti tekantitiwanci iki, takrasa aku apa dene kakang Lurah durung darbe kekuwatan kanggo nerusake gegayuhan ing ngarep mau. Mula yen si Adhi mathuk, tak jaluk bisa si Adhi ngancani aku wong loro dedunung ing kene mbesuk wae samangsa-mangsa ana kekuwatan kita ambali maneh mbangun perang nundhung penjajah iki Adhi”.
”Iya Adhi” Ki Lurah ngimbuhi rembug” tak kira bener kang dadi pamrayogane Adhi Modangkara iku. Nanging kabeh iku kari Adhi Wangsasepi dhewe sing bisa mutusake”.
Pungkasane rembug Ki Wangsasepi pamrayogane Ki Lurah apa dene Ki Modangkara. Nanging Ki Wangsasepi ora gelem dadi sanggane sedulure loro kuwi kanthi mapan ing omahe Ki Lurah utawa Ki Modangkara, nanging Ki Wangsasepi luwih seneng babad dhewe, milih papan rada adoh karo papan sing wis dadi padesan. Anggone babad Ki Wangsasepi beda karo anggone babad wong sadurunge. Awit kayu-kayu kang wis dirubuhake ora dibuwang muspra utawa digawe ubarampening omah, nanging dening Ki Wangsasepi didadekake areng, satemah papan panggonane babd Ki Wangsasepi dadi papan areng kang akeh banget. Lan Ki Wangsasepi awit dedunung ing kono, nanging tetepurip ijen alias mbujang. Siji lor wiwit ana wong melu-melu bebadra ing papan kono, lan wong-wong mau uga tiru-tiru anggone babad Ki Wangsasepi, yaiku kanggo babad alas ngiras gawe areng. Wusono wong-wong kang kapinujon liwat papan kono ngarani papan kono kuwi kanthi tembung arengan.
Wis anasepuluh taun luwih wiwit tekane Ki Wangsasepi ing papan kono kuwi, srawunge karo Ki Lurah Kedhunggalar apa dene Ki Modangkara ora pedhot. Awit kabeh-kabeh isih eling perkara anggone bakal males lara KI WANGSASEPIng marang Kompeni Walanda. Nanging saben-saben padha rembugan pewrkara kuwi, Ki Lurah tansah wangsulan yen durung duwe kekuwatan kanggo ngraman marang Kompeni. Kang mengkono kuwi pancen kanyatane mangkono, mula Ki Wangsasepi banjur ada-ada ngumpulake para nom-noman ing Kadhunggalar apa dene ing Ngarengan saperlu diajari tata beladhiri lan ulah kanuragan apa dene ulah kaprajuritan. Perlune samangsa-mangsa katempuh ing panca baya ubayane ora mbalenjani.
Anggone nganakake gegladhen ngono iku mapan ing sanjabaning padesan, dadi ora pati ngawistarani. Mung emane wae nganti anggone gegladhen nganti meh rong taun babar pisan Ki Lurah apa dene Ki Modangkara durung nate ngendhangi, utawa melu-melu paring wulangan. Kang mangkonomau jalaran iya ketang akehe pakaryan kang kudu diayahi dening Ki Lurah lan Ki Modangkara kanggo nata panguripane kawula ing Kedunggalar.
Lagi bareng wis bola-bali Ki Wangsasepi ngadhep menyang Kedhunggalar Ki Modangkara kapareng mudhun mirsani gladhene siswane Ki Wangsasepi. Ki Modangkara banget kasengsem ndlulu gladhen kang kebak semangat iku. Mesthi wae kang mangkene iki gawe genining gegayuhan tansaya makantar-kantar.
”Adhi Wangsa” sawuse nyumurupi kahanan kuwi Ki Modangkar banjur ngendika ”bareng aku weruh kahanan kang mengkene iki, aku banjur kepengin enggal bisa males menyang Gupermen wae Adhi”.
”Semono uga aku kakang” wangsulane Ki Wangsa.
”Nanging gandheng ing kene iki aku duwe pangarep lan tetuwa yaiku kakang Lurah Andangkara, mula prayogane kakang wae enggal-enggal nyuwun tetimbangan marang kakang Lurah. Kapan bisane tekad males lara KI WANGSASEPIng kuwi bisa diayati maneh”.
”Saiki ngene wae Adhi, sesuk Adhi Wangsa tak tunggu ing Kedhunnggalar terus awake dhewe wong loro bebarengan ngadhep kakang Lurah lan ngrembug perkara iki. Piye yen ngono Dhi?”.
pungkasaning tetemon sore kuwi Ki Wangsa nyetujoni panemune Ki Modangkara.
Esuke Ki Wangsasepi banjur budhal menyang Kedhunggalar, arep nemoni Ki Modangkara kaya sing disertujoni wingi kae. Nanging durung nganti tetekan Ki Wangsa wis ketemu karo Ki Lurah lan Ki Modangkara. Wong telu mau banjur bebarengan mapan lungguh ing sapinggiring kali saperlu rembugan perkara gegayuhan kanggo nerusake lekase Kanjeng Pangeran Diponegoro.
”Aku banget setuju karo lekase AdhiWangsasepi” pangandikane Ki Lurah sawuse Ki Wangsasepi nyritakakeyen wis duwe kekuwatan ”nanging tak kira yen kekuwatane mung wong patang puluh sing lorsing dadi siswane Adhi Wangsasepi ditambah wong telu awake dhewe genepe dadiwong patang puluh lima, durung kuwat ngadhepi kekuwatane Kompeni Walanda. Ateges lekase dhewe mengko mung prasasat nglalu ajak-ajak para siswa”.
”Dadi cethane miturut Kakang Lurah kabeh siswaku sing mung patang puluh loro kuwi mau ora pantes diajak tumandang mungsuh penjaah ngono apa kakang?” pitakone Ki Wangsa sajak gela.
”Ora ngono Dhi, pantes genah nek pantes lan aku ya percaya yen kabeh siswane Adhi Bantar wis prigel, mung wae dhi miturut aku wektu iki durung wayahe awake dhewe miwiti mbangun perang mungsuh walanda”.
”Durung apa ora Kakang?” Ki Modangkara sing wis yakin kayadene Ki Wangsasepi gnti sing takon karo uga sajak gela.
Ki Lurah rumangsa yen kanca loro pisan iku padha gela lan tidha-tidha marang lekase. Mula wangsulane uga santak :
”Durung-durung!”.
Sawatara wong telu padha bareng meneng. Kabeh padha nglayangake pikirane dhewe-dhewe. Ki Wangsa apa dwene Ki Modngkara sing rumangsa di sengol dening Ki Lurah banjur ngrumangsani yen yektine pinemune Ki Lurah kuwi luwih bener lan luwih nyata. Mula wong loro mau banjur rumangsa luput marang Ki Lurah. Kanggo mbalekake swasana sakawit Li Wangsa bali ngucapalon-alon banget :
”Yen mangkono bener durung kakang, aku wis bisa maca kang dadi penggalihe Kakang Lurah. Ya sing gdhe wae pangapurane kakang sing tak suwun”.
Bubar iku wong telu banjur padha pepisahan maneh lan kanggo pangeling lelakon iku papan kono banjur katelah papan Durung-Durung lan lestari tekan sakiki daki Dhukuh Urung Urung.
Kocapa Ki Wangsasepi sing pikirane banjur dadi kisruh, lire ora bisa nyalahake panemune Ki Lurah nanging uga ora bisa ngempet rasa kepengine engal-enggal males Ki Wangsasepi marang Kompeni, banjur ora nerusake bali nyang Ngarengan nanging banjur bablas mangulon. Bareng lakune kapalang kali banjur leren, lan ing kono KiWangsasepi banjur melengake pikir minta pitudhuhing Allah asarana mapan tapa brata ing kono. Ya papan kanggo melengake pikir mau sing sakiki disebut Kedhung Mileng. Lan miturut ujaring wong tuwo-tuwo saking genturing tapa Ki Wangsasepi banjur bisa nggeret raganing manjing ing alaming sukma, mula kongsi wektu iki Ki Wangsasepi isih urip lan nerusake tapane ing Kedhung Mileng. Mung jarene maneh yen biyen tapane kanggo nggayuh kamardikan yen tapane sakiki mung kanggo nggayuh katentremaning para kawula luwih-luwih para pandhereke Kanjeng Pangeran Diponegoro.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: ATI KAREP BANDHA CUPET bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter