-->

Ads 720 x 90

Fiksioner Free Blogger Theme Download

Cerita Bahasa Jawa: Prabu Angling Darma

Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pramesthi karo Astradarma Ratu saka Yuwastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja raja Yaswastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yuwastina.
Sawijineng dina, Pramesdthi weruh cumlorot kuning saka langit nyedhaki dheweke banjur nyuwara, “Pramesthi…aku bakal manitis ing guwa garbamu. Aku Bathara Wisnu kang bakal manjing dadi putramu, nadyan kowe durung nganduhut.” Durung nganti kagete ilang, dumadakan cahya mau mlebu neng wetenge.


Pramesthi bingung, piye olehe nerangake marang sang Prabu. Sawuse di pikir-pikir tenanan, pramesthi alon-alon crita prastawa kang mentas dialami. Prabu Astradarma ora percaya marang crita mau, banjur duka,”Pramesthi! Ora usah ngayawara, mbok kira aku percaya marang critamu?kowe mesti wis tumindhak nistha! Ora patut dadi garwa prameswari. Aku ora sudi duwe anak sing dudu getih turunku dhewe. Luwih becik kowe lunga saka kene! Muliha menyang Mamenang!”
Pramesthi kalara-lara atine, dheweke lunga saka Yawastina, kedlarang-dlarang nurut alas dawa. Ora ana kang ngancani babar pisan. Tumekane Pramesthi ing kratone bapakke, ora ana sing tepung. Rambute awut-awutan, sandhangane wis semrawut. Nganti abdi dalem ngira yen dheweke wong edan anyaran. Bareng ngerti yen Pramesthi, para abdi dalem ngrumati bendarane mau. Pramesthi crita apa anane prastawa kang dialami.
Prabu Jayabaya banget dukane, meruhi anakke disia-sia dening Astradrama. Banjur ujar, “Titenana kowe Astradrma! Kowe wis sawenang-wenang marang anakku. . bakale negaramu dadi lendhut!” ora sawetara suwe dumadakan langit peteng, udan deres lan banjir bandang. Negara Yawastina kena banjir gedhe lan kebak lendhut. Ora ana kang slamet, kabeh musna.
Sawise Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi raja ing kraton Malawapati. Ibune, Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati. Sawijining esuk nalika Anglingdarma mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung. Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung kuwi. Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan Nguntarasegara. Anglingdarma duwe karep ngepek bojo Endang Setyowati, jeneg wanita mau, anakke Resi Maniksutra. Sejatine Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone kan aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati tresna marang dheweke banjur nantang Anglingdarma, “Prabu Anglingdarma, menawi prabu badhe mundhut garwa dumateng adhi kula, wonten panyuwun kula dumateng Prabu.”
“Apa penjalukmu kuwi Madrim?” pitakone Angling.
“Panjenengan kedah adu kasekten kaliyan kula. Kados pundi Prabu?” “Ya…ya….aku trima panantangmu. Banjur aku uga duwe panjaluk marang kowe. Yen aku menang, kuwe kudu gelem dadi patihku, Madrim!”
Ing adu kasekten mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan Madrim dadi patihe ing Malawapati.
Ana ing kraton Malawapati, Setyowati atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara. Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo nglipur ati, dheweke lunga mbebedhak menyang alas. Anggone mbebedhak nganti tekan cedhake taman pertapan Sumur Jalatundha. Ing kono, dheweke meruhi ula sepasang kang lagi pepasihan. Dhewekke ngerti, yen salah sijine ula mau Nagagini, bojone Nagaraja gurune Angling. Angling manah ula lanang kang aran Ula Tampar nganti mati. Nagagini mlayu mlebu pertapan nemoni bojone.
“Kakang…Kakang Nagaraja iki mau ing taman, ana wong kang arep mrawasa aku. Dhewekke Prabu Malawapati. Muridmu dhewe! Patenana wong kang kurang ajar kuwi!” sambate Nagagini. Nagaraja ora percaya ngono wae, banjur metu arep nemoni Angling. Nanging Angling wis mulih menyang kratone. Angling crita marang Setyowati lan pamit mati. Dheweke ngerti yen bakal diukum pati gurune. Merga mesthi wae Nagagini lapur kang suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja anjalma dadi ula kisi kang cilik banget, lunga menyang taman Malawapati lan ngrungokake crita mau.
Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya mring paukuman. Ananging Nagaraja malah gumuyu banjur ngendika, “Angling anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang luput. Mau aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere. Saiki…kanggo tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae kang mbok jaluk bakal dak wenehi.”
“Bapa Guru, maturnuwun sanget menawi mekaten. Ananging..saderengenipun…punika ingkang wonten telakipun Bapa punapa, kok katon cumlorot kuning?” Pitakone Angling.
“Oh ikuito? Kowe kepingin ajian iki? Iki jenenge Aji Gineng, ajian kang bisa mangerteni basa sakabehe kewan ing ndonya.” Wangsulane Nagaraja.
“Nggih……menawi kepareng Bapa.”
“Kena wae Ngger. Aku bisa menehi ajian iki. Nanging sarate abot. Kowe ora keno crita marang sapa wae, kalebu bojomu dhewe. Kepiye Angling?”
“Nggih, kula saguh Bapa.” Banjur ajian mau diwenehake marang Angling. Sawuse diwejang, Angling bali menyang Malawapati.
Ing bengi, nalika Angling lan Setyowati ana ing paturon, Angling dumadakan ngguyu dhewe. Setyowati serik, ngira yen Angling ngece Setyowati sing asale saka desa. Nadyan wis diterangake kayangapa, Setyawati panggah ora trima. Banjur..”Diajeng, aku mau ngguyu cecak kang lagi guneman. Iki mau amerga aku duwe Aji Gineng kang bisa ngerti basane kewan-kewan mau.” Diterangake ngono, Setyowati dadi kepingin duweni ajian mau, “Menawi boten kepareng kula suwun, luwih becik kula pejah. Kula badhe pati obong.” Tangise Styowati.”
“Aja Diajeng! Aku tetep ora bisa menehake ajian iki kanggo sapa wae kalebu kowe. Yen menehake, aku dhewe bakale cilaka. Iki wae wis nglanggar sumpahku, crita ngenani ajian iki.’ Penggake angling.
“pokoke menawi mboten kepareng, kula tetep badhe pati obong kakang.” Wangsulane Setyowati atos. Ibune lan Madrim wis coba ngerih-erih Setyowati nanging Setyowati wis ora bisa dikandani. Upacara pati obong wis sumedya. Angling duwe karep melu pati obong Setyowati. Nanging sadurunge nyemplung geni saka panggungan, Angling krungu wedhus kang guneman. “Kakang aku pengen duwe janur kae, opekna ya Kang!”
“Wah aku ora wani Dhi.. kae janur kagungane sang Prabu.” Wangsulane wedhus lanang.
“Kang pokoke opekna! Kowe wis ora tresna marang aku?”
“Ya tresna, ning aku tetep ora saguh yen janur kuwi, mbok liyane wae!”
“Ora, pokokke yen ora janur kae ora! Yen ora mbok opekna aku pilih nyemplung geni wae!” ujare wedhus wedok karo nangis.
“Yen ora kena dikandani yo wis! Yen pancen pilih mati, aku lila, tur isih akeh wedhus sing luwih ayu saka kowe kok!” wangsulane wedhus lanang sajak anyel. Wedhus wedok banjur nyemplung geni tenan, mati sanalika. Angling rumangsa kesindir. Dheweke banjur mudhun saka panggungan. Luwih becik ngayomi rakyate sing isih butuh dheweke. Setyowati nekad nyemplung geni kang mulat-mulat.
Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para dewa murka banjur ngukum Angling, supaya nglakoni panguripan ing alas wolung taun lawase. Sadurunge lunga, Angling masrahake kraton lan ibune marang Bathik Madrim, banjur dheweke ngumbara neng alas. Pramesthi kang sedhih, putrane nglakoni paukuman, ora sawetara suwe seda. Arwahe Setyowati sajak gela banget, dheweke ngumbara saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya dheweke bisa bali ing donya. Bathara guru mrintahake Setyowati supaya manitis ing awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa ing Kadipaten Bojonegoro. Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake Ambarwati.
Pangumbaran kang suwe, nggawa angling ing sawijining kraton kang wis suwe ditinggal mati rajane. Kraton kuwi dinggoni dening anakke raja kang aran Widata, Widati lan Widaningsih. Katelune tresna marang Angling. Angling ora oleh lunga menyang endi-endi.
Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling. Angling cubriya, ora sawetara suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane putri telu mau. Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke manungsa ing tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau. Widati nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak.
Ati mau diselehake ing dhuwure wedhak duweke widati banjur Angling nerusake turune. Esukke Widati kaget weruh ati ing sadhuwure wedhak, ndadekake dheweke ngerti yen gagak kang bengi iku malihane Angling. Widati nangekake Angling,
”Kakang, iki sapa sing nyelehake ati ing sadhuwure wedhakku?” pitakonane Widati.
“Lho aku ora ngerti, lha wong nembe tangi ngene kok!”
“Ora usah selak Kakang, kowe mau bengi malih rupa to? dadi gagak banjur nyolong ati iki?”
“Yen iya…geneya? tur maneh, wong wadon ayu-ayu kok mangan bangke, ora patut kuwi!”
“apa hakmu ngatur aku satelon? Kowe wis kurang ajar Kakang!” ujare Widati karo nancepake kembang ing bun-bunane Angling. Anglimg kang ora bisa nginggati tumindake Widati, dumadakan malih rupa dadi mliwis putih.
Widati nyoba nyekel mliwis, arep dikurung. Nanging mliwis mau mabur metu saka kraton, lunga ngumbara saparan-paran nganti tekan desa Gebang Sawit, Kadipaten Bajanegara. Ing Gebang Sawit, mliwis ditemu dening Jaka Gedhuk, anake Demang Klungsur.
“Aku gelem dadi kancamu, nanging aku aja mbok pateni ya!” Pangucape mliwis. “Lho kowe bisa guneman kaya dene manungsa? Wah..eloke! ya…ya…kowe dadi kancaku. Ayo mulih nyang omahku.” Kandhane Jaka Gedhuk seneng banget.
Ing Kadipaten Bojonegara ana sayembara. Sayembara mau isine yaiku mbuktekake ki Bremana sing asli, amarga samulihe seka alas malih dadi loro. Bojone bingung milih sing endi, banjur lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati Darmawasesa. Adipati kang bingung banjur nganakake sayembara iku mau.
“Pak klungsur, melua sayembara ing kadipaten, mengko dak genahi carane. Kowe yen bisa ngrampungi urusane Nyi Bremana bakale antuk hadiah gedhe saka kadipaten.” Kandane Mliwis marang bapake Jaka Gedhug.
Ora suwe…”Kanggo mbuktekake endi Ki Bremana asli, kekarone kudu bisa mlebu ing kendi iki. Yen bisa mlebu, ya kuwi Bremana asli.” Kandane klungsur mancing Bremana palsu. Salah sijine bisa mlebu tenan neng jero kendi. Kendi mau ditutup, banjur dipecah. Dumadakan saka pecahane kendi, metu Jin Wiratsangka kang memba-memba dadi Bremana. Jin mau diusir, banjur mlayu mlebu alas. Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing kadipaten. Anak lan bojone diboyong, uga mliwis putih kang wis mbiyantu.
Ambarawati ngerti yen ana mliwis putih. Banjur mliwis dijaluk supaya manggon ana ing kaputren. Saben dina mliwis mau ngancani Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi Anglindarma. Kekarone pepasihan lan ndadekake Ambarawati ngandhut.
Adipati Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara. Resi Yogiswara dijaluki tulung nggoleki wong kang njalari Ambarawati ngandhut. Yogiswara ngajak mliwis guneman. Suwe-suwe nliwis putih lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing menang lan kalah, mliwis putih malih dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih dadi Bathikmadrim kang sasuwene iki nggoleki rajane. Sawise terang perkarane, Anglingdarma lan Ambarawati dinikahake. Ambarawati diboyong ing kraton Malawapati. Ora suwe, Ambarawati nglairake anak lanang kang dijenengi Anglingkusuma. Anglingdarma mimpin kratone maneh.
Semoga artikel Cerita Bahasa Jawa: Prabu Angling Darma bisa menambah wawasan bagi sobat mbudayajawa yang mampir kesini, kalau sobat mbudaya jawa mempunyai cerita tentang tradisi, kesenian, budaya yang terdapat di daerah sobat mbudayajawa bisa langsung di kirimkan ke mengenalbudayajawa@gmail.com

Jangan lupa klik tombol di bawah ini untuk share ke teman-teman dan bersama kita lestarikan budaya kita sendiri agar tidak hilang oleh jaman.

Related Posts

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter